Feeds:
Posts
Comments

SERAT WALISANA

Prakata:

Sebelum membaca “Serat Darmogandul” yang fenomenal itu, maka lebih baik jika membaca Serat Walisana saja. Itu sebanarnya bukan anjuran, tetapi dalan serat Darmogandul, disebutkan bahwa naskah itu dibuat berdasarkan ilham dari serat Walisana ini. Dalan posting ini (seperti yang sudah-sudah) saya tidak menterjemahkan karya ini ke dalam Bahasa Indonesia, hanya merubah tanda baca sehingga mudah dimengerti isinya. Namun demikian bila anda tidak menguasai Bahasa Jawa dengan baik, tetap saja akan susah mengerti, karena yang digunakan bahasa Jawa yang sering didenger dalam cerita wayang. Tetapi apabila anda tetap berniat membacanya silakan saja. Naskah ini aslinya dalam bentuk Pupuh (Tembang Mocopat) yang terdiri dari 32 Pupuh, namun demikian di beberapa pupuh diselingi dengan Prosa (bahasa lesan biasa) yang mudah untuk dimengerti. Akhirnya saya ucapkan selamat menikmati.

SERAT WALISANA

(Anggitanipun Kanjeng Sunan Giri ke.II)

 

PUPUH I (Sinom)

Rinumpaka roning kamal, lwir winidyan mamarsoedi wuryaning ruwiya tama sanityasa analesih ngraweri warteng nguni karasikaning kikidoeng mrih kretarta ring gita mitrarja kang sumudyapti nenggih mas Harjawijaya Batavia. Rumesep ngingsep carita gancaring kang para Wali mamarah nata agama, mangka pandaming dumadi nguni kang angadani angrengga yogyaning laku Jeng Sunan Giri Pura, kang jumeneng kaping kalih pan kinarya lantaraning pralampita.

 

Lumantasing kasunyatan tumatar marta martani sumawabing pangastawa sang parasdya mamarsoedi ngalap mangulap ngelmi sakadaring dadya tuduh lamun kabul kabuka kinarilaning Hyang Widhi sinung ilham kena kinarya dadama. Mangka lajering carita Sang Syeh Molana Ibrahim, Pandita ing tanah Arab maksuding agama suci geng ngibadah ing Widhi prastawa saliring kawruh ambek santa santosa parimarma ing kaswasih. Mula-mula tatalering Waliyolah kasembuh lebet kalaban kamin kamun manluluri saking Kangjeng Rasul ‘Ullah pasti mustikaning bumi panutaning dumadi nartani titah sadarum sinuhun puji puja seisning rat pangastuti pan kinarya baku baboning bawana.

 

Ri mangkana kacarita Sang Syeh Molana Ibrahim duk lagya andon lelana  mesu amamasuh budi  prapteng Cempa nagari sarju harjaning praja gung angasokken sasira dadya kondanging pawarti  lamun wonten Maulana trah Rasul ‘Ullah. Sidik jatmika sembada cahya dumilah nelahi mratandani trahing wirya tan antara kapiyarsi  pramudyaning nagari  neggih Maha prabu agung jujuluk raja Kijan kanungrahan amarengi Seh Ibrahim tinimbalan ing ngarsendra Kinarenaning wardaya samana ingambil siwi mring raja Kijan ing Cempa datan seh ing sari ratri saya tumaneming sih wasana ingambil mantu daup lan putrinira warnane ayu linuwih apenengeran Dyah Siti Asmara.

 

Lestari apalakrama raket sih-sinisihan kalih tan ana sangsayanira ing ngantara lami-lami apatutan kakalih priya samya bagus-bagus cahya pinda sasangka pan sampun sinung wawangi mring kang rama rahadyan Santri wastanya. Kang anem rahaden Rahmat wau ta satriya kalih pinundut putra ing eyang mangka asrining djo puri kasembuh amarengi putranira Sang nga Prabu Cempa Narpa taruna Garwanira anggarbini prapteng mangsa mbabar putra miyos priya Nulya pinundut ing ngeyang sampun sinungan wewangi dyan Ngalim Abu Urerah kinadangken wayah kalih katri dinarmi-darmi ungunganira ingugung wusnya samya diwasa sinrahken ing Seh Ibrahim katri kinen mumulang Agama mulya.

 

Ri sampuning kasembadan maksuding agama suci katam sarahsaning kitab  wegig widagdeng pambudi  Ngalim mangulah ngelmi  pantokaninditan putus  rinaja raja putra  karem andoning ngasepi duk samana antuk warta babaratan. Lamun prameswarinira Narendra ing Majaphit punika kaprenah uwa  kadanging ibu sayekti  dadya satriya kalih  kait rembag sabiyantu  lan ari naking sanak  Dyan Ngalim Aburerahi  atitinja mring uwa mangestu pada. Ri sampuning abipraja  budalan saking nagari  mentare tanpa pawarta  mring rama ibu dennya nis  prapteng tembing jaladri  sira wong agung katelu  mangu-mangu ing lampah  dening kalangan jaladri  sanalika ruwet kaworan sungkawa.

 

Pra samya mangenggar-enggar sasamben angudi budi  raryan ing tembinging parang  tandya waspadaning pangaksi  palwa layar lumaris  punika nangkoda agung  amot barang dagangan  gramen saking liyan nagri  dasar sedya bebara mring nagri Cempa. Suka wong agung katiga prataning kang palwa grami  cipta sedya kasembadan  dennya ngajap angajawi  tan antara wus prapti  giyotaning nangkoda gung  merak raden katiga  naut jangkar ngimbir-ngimbir  wus antara ngudal daganganira.

 

Telas sajroning baita wus anedeng masa katri  sira rahaden katiga  samya manjing jroning keci  kang tunggu langkung ajrih  anaruwe ya kang rawuh  kening labeting wirya.  Wong agung katiga angling: “Eh ta juru palwa payo lakokena mring laladan Tanah Jawa.”  Ki juru umatur aris: “Duh angger raden katiga,  pun patik kalangkung ajrih sarehning tiyang alit  yogi sumene rumuhun datengireng juragan kawula darmi nglampahi janji sampun leganing rembag sumangga.”

 

Ngandika rahaden Rahmat: “Apa suwe aneng ngriki  nggone ambebara dagang.”  Juru palwa matur aris: “Prasasat amung mampir pendak dinten nuli laju wangsul lampah baita  njajah liyan praja malih abebaton mangesti ing bati katah.”

 

Wau ta rahaden Rahmat matur ing dyan Santri Ngali: “Paran sakecaning rembag  punapa inggih ngantosi kang raka ngandika ris becik asareh rumuhun. Aja anganiaya diksura akarya nistip, kudu nganggo tebah tembung krana lila maring kang darbe baita supaya lestari.”  Sumambung Ngalimburerah: “Leres ing karsa sayekti  nadyan alampah sandi  sampun akarya rubiru  eruning sama-sama, sawuwi singidan dingin.”  Raden Rahmat  jumurung rembaging kadang katiga minta aksama denira angreribedi dumunung sajroning palwa. Ki juru suka ing kapti dupi wus pendak ari. Ki juragan prapta gupuh ngirid barang dagangan, ki juru palwa wawarti jroning palwa kanggonan satriya tiga.

 

Sedya mring Tanah Jawa dereng dangu dennya warti, kasaru raden katiga lajeng mijil amanggihi samya tata linggih. Ki juragan dahat ndeku wrin pasang semunira, lamun tedaking linuwih wus kacipta yen satriya di ing Cempa. Dyan Santri Ngali ngandika: “Kyai, praptaningsun iki manawa padha karenan ingsun arsa angribedi dapur anumpal keli  nunut lakuning parau, tekakna bumi Jawa.” Ki juragan duk miyarsi sanalika kingkin kalingkungen ing tyas.

 

 

PUPUH II (Asmarandana)

Ki Juragan matur aris: “Duh Raden nuwun aksama pun patik atur pawartos. Kawula mboten katenta, mopo sareh andika kauningana pukulun menggah lampahing baita badhe lajeng dateng Mesir, yen kampir mring Tanah Jawa punika dapur anjengkleng prasasat.” Wangsuling lampah Dyan Santri Ngali engah ngrarapu ing kadangipun: “Yayi karo narima-a. Durung kapareng ing Widhi  katuju tanjaning seja, becik sareh salintire lantaran karana Allah.” Matur rahaden Rahmat ngayubagyeng kadang sepuh myang raden Ngalimburerah. Ya ta radyan Santri Ngali ngadika mring juragan: “Kaki yen temen kaleke  sayekti ingsun narima, mung jumurung pudyarja lestarining lampah laut, nanging yen nora sanyata papajarira ing mami yekti Allah paring tanda, mengko ana wahanane  ri sampunira, mangkana sira kyai juragan.” Dagangan kamot ing prau, wusing samekta amangkat.

 

Narik jangkar layar rakit palwa tan saged lumampah, angin tan ana kendate.  Wau ta kyai juragan langkung prihatinira kendeling punang parau wus acipta ing wardaya. Yen alading raden katri  kinamandaka ing warta  wasana nedya ngalap sor mituruti ing sakarsa nadyan tuna ing lampah sedya akarya tutulung supadya dadya kasidan. Lampahing palweng jaladri ri sampunira mangkana, ki juragan mudun alon marek rahaden katiga, depe-depe dedepa anor raga nembah matur: “Duh-duh sirahing nastapa. Sewu nuwun pangaksami  lepata ing ngila-ila, tulah sarik kawulane.  Kamipurun dora cara ngetung petang pituna  mburu untung bade kontung baita tan saged kentar. Baya bade sotal-satil amet bati angalentar tan ababar panimbale. Yen jenek aneng satanah daganganing sudagar. Upami getuk macucuk kemba ngabar tan kajambar. Ing mangke angger pun patik sumanggem karsa paduka ulun sagah ndatengake denyarsa tindak ngajawa, suwawi manjing palwa.”

 

Raden katiga jumurung kanti paring pangaksama. Wus kerit munggah ing keci, munggwing pajangan talundag juragan dahat ajrihe, manggen kapara ing ngandap matur sumanggeng karsa dagangan amba sadarum bilih wonten kang kinarsan. Ingkang peni raja peni, mas sosotya nawaretna kawula dateng cumaos.

 

Ngandika raden katiga: “Banget ing panarima eklasing sih kadarmanmu nanging dudu kang soen sedya. Iya ingsun nora luwih muji bisa slameting nggonira gaota gede. Allah sipat kamurahan asih asamak basar, yen temen-temen tinemu kataman utamanira. Taberia gawe becik maring wong kang kasusahan, yekti gedhe ganjarane pujine nenarik begja, nggampangaken pangarah  sumuyuning reh rahayu alestari istingarah.”

 

Ki Juragan duk miarsi sabdaning raden katiga teka tumunjem driyane sangsaya jrih sungkemira keneng jemparing sabda rumasuk sarahsanipun. Rubed-rubeda kababad. Daya aturira aris sira kiyai juragan: “Doeh angger-angger rahaden mugi ulun awignya-a nganggo wasita tama katamana ing pangestu astuti santa-santosa. Boten langkung ulun mangkin deksura tadah deduka  mugi den sajarwa jatos sinten paduka punika? Dene maksih taruna mumpuni ambek dibya nung- sinung mangunah karamat.”

 

Nabda raden Santri Ngali: “Eh kaki kawruhanira ingsun iki satuhune wutah getih nagri Cempa kang wayah rajeng Kijan. Iku taler saking ibu sudarmengsun saking Arab aran Molana Ibrahim tedaking Jeng Rasul ‘Ullah, dyan Rahmat kadang-ngong anom tunggal saibu sarama. Dene Ngalim Burerah iku iya ariningsun pernah kadang naking sanak. Iya saking Ibu rami padha wutah getih Cempa wus manjing kadang saeros karana pinundut putra  jeng Eyang rajeng Cempa. Tutur ngong samono iku ajwa kabwawareng katah, awit lunganingsun iki nilipaken wong sapraja nedya laku angaloyong marmane sira den bisa amot wadi sinuksma lawan aja dangu-dangu palwa nuli angkatena.”

 

Ki juragan duk miyarsi sabdaning risang pinudya, sidakep dangu anjomblong, marek sarya ngestupada, alon ing aturira: “Lamun makaten pukulun sang kalih Gustikawula. Amba tiyang nagri Mesir wasta juragan Duljalal, mangke kang ingimanake tiyang ing Mesir sadaya. Agami Rasullullah mangka tuan tedakipun gusti panutaning jagat. Pantes ulun aji-aji anembah boten ical labet sawabing pepujan. Awal tumekeng akerat pinunjung-punjung panjang.”

 

Raden malih ngandika rum: “Wus aja kadawa-dawa. Payo umangkat tumuli.” Ki juragan tur sandika undang sakarerehane tanggap para juru palwa wusnya samekta mangkat. Palwa keras lampahipun antuk angin sawatara.

 

Ri mangkana palwa prapti laladan tanah Kamboja ki juragan sedya reren angeberaken dagangan. Wus wantuning sudagar lali melik katungkul angilingi kabecikan. Ki juragan matur aris: “Duh raden sirahing tapa alim paduka kemawon kawula badhe tumimbal kendel tanah Kamboja. Wit nggening juragan agung  pados barang sade barang.”

Raden Santri anauri: “Jangji nora pati lawas ingsun ya anjurungake apa ing sakarepira, sayekti tan suwala kadar ingsun wong anunut anumpal keli kewala.”

Ki juragan matur malih: “Duh angger dereng kantenan pan sampun pandamelane juragan asaba paran nglaya ing tanah-tanah pan dereng kenging kabestu enggal lamine ing lampah. Yen paduka drenging galih inggih paringa prabeya ingkang dados imbalane supados tan kapitunan denira dagang layar. Yen tan makaten saestu prelu meleng kajeng kula pados keuntungan dingin sampun tuna beberahan saget cucuk kangelane.”

Wau ta duk amiarsa sira raddyan ketiga laju jumurung sakayun nanging ngemu rengating tyas rumaos yen den cidrani, pinakewuh puwa-puwa karenanira pralente. Ri sampunira mangkana baita lajeng mangkat kinerasken lampahipun sedya mring tanah Kamboja. Wau ta rahaden ka-tri tansah sungkawa ing driya dennya kacuwan sedyane kalawun-lawun neng paran, anut rehing juragan.

 

Wonten dendaning Hyang Agung dumunung mring ki nangkoda. Palwa sinerang ing angin remuk kebentus ing karang, ki juragan sarowange kalawan dagangannira sirna kaleban toya. Sira rahadyan tetelu parmaning Allah raharja rinaksa dereng nging pasti, katiga wis munggwing darat neng luhuring parang sigrong tan pegat maca istifar yayah kadi nupena para juragan gung-agung ing Kamboja sami prapta. Sedyararsa amitulungi mring kang kasrang kasangsaran,  nanging tan ana pikoleh dangu awa pandulune yen ing palwa pungkuran wonten wong anom tetelu nulya samya pinaranan. Baita kerem ing warih nulya sami pinurugan maring wong Kamboja kabeh sira rahaden katiga binakta maring wisma panganggepe atetulung mupu papa kawlas arsa.

 

Tinanya purwaning nguni: “Denya nyandang kasangsaran palwa ngantos kabilaen?” Saure reden katiga sinandi ing wacana: “Yekti tibaning bebendu pan saking karsaning Allah.” Sang parasdya tanya malih: “Pundi asale ing tanah andika dagang anembe wontening tanah Kamboja dereng septa kulina.” Sang kaswasih lan umatur: “Saking nagari ing Cempa. Sedya marang tanah Jawi amartuwi pra sanakan, inggih ngiras maro gawe angumbara dagang layar dateng ing tanah-tanah  ngeres kamiwlasen ndulu pra nangkoda ing Kamboja.”

 

Tinanya namanireki, katiga sajarweng nama ananging sandi trah ngisor rembaging para nangkoda bade angsung pawarta maring panggenanipun karananing kasangsaran, sedeng arerem rumiyin. Sang kawlas arsa katiga mumulya sapakolihe wusnya saharju ing rembag sanggyaning daneswara, rerem rahaden tetelu tansa andandang wigena.

 

 

PUPUH III (Dhandhanggulo)

Enengena kang lagya kaswasih, sira wau wong agung katiga pinupu juragan gedhe kinarenan ing kayun jinurungan sakapti-kapti. Warnanen nagri Cempa ing samurcanipun neggih rahaden titiga tama ibu myang eyang  dahat rudatin katongton kararantan. Dupi sampun ing antara ari amiyarsa warta pabaratan saking nangkoda liyane, yen wonten palwa remuk anrajang parang ing tembing tanah nagri Kamboja kang nunggang sadarum  myang daganganira samya kang ngarobah alus-alus bangsa peni, sirna tanpa kukupan.

 

Raden Katri gya anumpal keli anut palwa ning nagkoda dagang kang keneng sangsara gedhe nanging maksih rahayu aneng tanah Kamboja katri samya tinawan karang dene sedyanipun samyarssa mring tanah Jawa alelana ngiras titinto maruwi karaharjaning uwa. Gugup lajeng anduta Sang Aji angulari ing wayah titiga amawa palwa ge-age yen kapanggih rahayu para raja satriya katri gya kinen anglajarna lenging. Sedyanipun baita cundaka mangkat ing laut tan lalu lantas antuk angin.

 

Enggalireng carita Raden katri pan sampun kapanggih aneng tanah laladan Kamboja samya sukeng wardayane kasembadaning kayun lajeng samya mingah ing Keci sagung para juragan sumuyun pudya ju sidaning lampah samodra sang parasdya tumanem kataman ing sih sinaman panarima. Wusing layar lepas antuk angin kang tinilar wong tanah Kamboja mangu tyas gegetun kabeh, sem kasengsem kadulu ing suwarnanira sang katri lir koncatan sosotya saking dereng tutug mareng karenaning prana kapugutan ing sih sahe sang kaswasih susah mangado leash.

 

Kang alayar samana wus prapti laladaning tanah ing Palembang, wong agung katiga leren angreremaken laku lan miyarsa kaburing warti yen pangagenging Plembang maksih kadangipun gandheng-ceneng saking uwa. Neggih Prabu Brawijaya kang manceri anama Arya Damar saking ni Endang Sasmitapuri, pangrembene Sang Sri Brawijaya marma mampir amartinjo ing karaharjanipun. Palwa kendel rahaden katri tedak saking baita, darat lampahipun.

 

Warnanen Sang Arya Damar duk samana garwanira amarengi ambabar mijil priya. Inanira sakalangkung pekik pan andatengaken gara-gara, pratanda geng darajate, geter-geter gumuntur oreg bome agonjang-ganjing warsa dres salah masa. Aprahara ribut lindu ping pitu sadina. Brahalane wong Palembang bosah-basih ajur sawalang-walang. Tidem dedet tandaning dumadi kekes tis-tis marmaring wardaya. Dupi tan antara suwe gara-gara goregung surut sirep pareng berasih sumilak katon padang, tan antara dangu wonten cahya diwangkara comalorot gumilang-gilang nelahi saking ing Ngantariksa. Ngalad-alad gengira sawukir jabang bayi ingkang kadawahan martani sarirane sirnaning cahya luhung wus sumrambah ing jabang bayi.

Rame bae duk umulat langkung suka ngungun. Ya ta wau Arya Damar tyas karenan kasok lumunturing kang sih kadya putra priyangga. Jabang bayi wus sinung wawangi dening kang rama sang Arya Damar. Raden Prabu pane ngrane wong padesan sadarum agung alit miwah jalwetri prapta angsung bibingah ing sakadaripun myang pupudya pangastawa. Tan antara wonten wadya tur udani kalamun katamiyan.

Janma katri warnane apekik, semunipun darahing ngawirya ngalim-alim busanane. Sang Ayra Damar gupuh lajeng angacarani wring wong agung katiga, gya satata lungguh. Wusnya rerem sawatara Arya Damar sumungsung pambagya manis: “Duh sang tigas kawuryan, katri sinten sinambating wangi lan ing pundi asal sangkanira?” “Paran kang dados sedyane kasdu asih martamu sang katiga sandi ing warti ngaken santri ngumbara bebara sapurug sasambenan dagang layar lenging sedya samyarsa mring tanah Jawi kawentar kartaharja. Prateng laladan Palembang ngriki dumadakan kumesdu Parasdya amartamu tepang sae kasembuh amirungu mangkya mentas adarbe siwi tor pashaning Allah tembe dadya baku papanutaning agama.” │

Arya Damar suka denira miyarsi sabdaning tamunira. Dene kawangwang kalamun sidik sang katiga waskiteng wacana sangsaya ageng urmate. Sang Arya Damar gupuh animbali garwanireki Sang raja putri Cina. Tan adangu rawuh Sang Arya alon ngandika: “Anuwuna sabdonga tamu kang prapti semune Aoliya.”

Retna Subanci lajeng mangarsi sung pambagya raharjaning lampah tanggap ingkang sinaruwe tangkis wacana arum: “Sapraptane samya basuki, kesdu amawong mitra.” Sang retna anuhun. Ya ta ri sang Arya Damar anrahaken putra ingkang mentas lair sinuyuna pudyardja. Wong agung katiga ananggapi gantya-gantya mangku raden putra sinebul-sebul embune karenan tyas andulu ing warnane rahaden bayi. Pan wong agung katiga ngempek ngambil sunu ramebu kalangkung suka lan pra tamu manjing pawong mitra jati dahat pangupabogya.

Arya Damar pinrih anunggil anetepi ing agama Islam datan lenggana sapaken kalawan garwanipun sampun anut nunggil agami, dalah sawadya bala sadaya samya nut pangrehe ri sang datengan pan inganggep guru awal tekeng ngakir sumungku sungkemira. Ri sampuning dyan Arya sarimbit manjing Islam putra raden Prabu winewahan ing arane mring Raden Rahmat wau neggih Raden Patah wawangi, Radyan Santri Ngali nulya maringi jujuluk apaparab Raden Kasan, Raden Ngalim Abuurerah amaringi Rahaden Yusup nama. Arya Damar sagarwa naidi  ngayubagya yogyaning katiga dumadya pangastawane wasiat akarya yu. Ri sampuning ngatara ari pamit ri sang katiga andugyakken kayun denyarsa mring tanah Jawa. Arya Damar sagarwa dahat mbondeti rehning dereng ngalama. Dereng dugi den-nya karenan sih sang katiga tan kena ingampah dadya samya jurungake kapra sidaning laku. Nulya budal wong agung katri, Arya Damar sawadya nguntapaken ing guru umiring maring muara pan wong agung katri lajeng nitih keci minta mit para siswa.

Arya Damar sawadya njurungi, ri sampuning samekta umangkat palwa ambabar layare kang kari kapirangu yayah kadi kapugutan sih sae lan gurunira cipta dereng tutug pangungseding kawruh byakta kawarna-a lampahe wong agung katri palwa ntuk angin keras. Sampun prapta laladan jaladri paminggiring tanah pulo Jawa ingandegaken lakune dahat antara dangu minggah darat. Wong agung katri palwa wangsul alayar rehning wosing parlu. Warnanen raden katiga sapraptane nagari ing Majapahit njujug ing kapatiyan.

Amarengi ing ari Respati, pinaggihan patih Gajahmada tinanya sangkan prenahe myang aran, sedyanipun nembe prapta ing Majapahit. Wau Raden katiga prasaja ing atur sedya ran sangkaning prenah. Patih Gajahmada suka duk miyarsi gya sowan manjing pura. Prapteng byantarendra matur aris: “Duh pukulun, ulun tur uninga wonten tyang prapta anembe katri taruna, bagus pangaken ing ulun takeni saking nagari Cempa, tuturutanipun kang wayah ing raja Kijan, pulunannya prameswari Dwarawati talering asal silah. Kang satunggal sri muda manceri apenengeran Dyan Ngalimburerah. Dene kang kalih putrane dyah Siti Asmareku,  kang asepuh Dyan Santri Ngali, kang anem Raden Rahmat. Wau ta Sang Prabu suka sami miyarsanya myang kang rayi prameswari Dwarawati, praptaning pra taruna.”

 

 

 

PUPUH IV (Sinom)

Sakala nuduh parekan lajeng kinen animbali para pulunan katiga duta tur sembah gya mijil tan dangu sampun kerid, sira wong agung katelu mring dalem datulaya prapta byantareng narpati, asadepok dahat ngoraken. Tan dya mangsah ngaraspada, gantya-gantya angramuhi Sang ngaprabu Brawijaya myang garwa sang prameswari tyas karenan mangaksi warnaning pulunanipun, nimbali para putra samya kinen amanggih kadangira naking sanak nembe prapta. Para Putra Gurawalan marek ngarsaning rama Ji, dupi sareh sawatara Sri narendra sung pambagi karaharjane sang katri miwah karaharjanipun marsepuh myang pra warga kang aneng Cempa Nagari turing putra katiga suka narima.

Kasembuh lunturing sabda prameswari Dwarawati rumaket narik katresnan myang kadang sepuh jawestr, sengsem rumesep ing sih, boja kramane lumuntur lumintu paramarta, kanoan amikenani sukarena samya karenan ing prana. Sri Narendra saha garwa kasok kapasukaning sih maring pulunan katiga tan kena sah siang ratri, nanging cuwa ning galih denen atmaja katelu sanes agamanira.

Ri mangkana antara ri Sri Narendra karsa langen parameyan anggebyagaken badayan sarimpi rinepen gending kidung pangudang para dyah layu-layu ngayut ati karya sengsem pangaksi karsanira Sang nga Prabu minangka pasugatan putra kang anembe prapti dumadiya pangenggar-enggar driya. Nanging wong agung katiga tan dadya renaning galih ing lelangen kawibawan miyat bedaya sarimpi tyas sepet manaputi tan pegat sami tangawud Sang Prabu Brawijaya, wrin semuning sambang liring yen kang putra katiga nemu sungkawa.

Miyat kang alangen taya ri sampunira sa-ari bubaran para badaya kukud lengser kang sarimpi lajeng kasaput wengi, kang samya sewaka murut maring pakuwanira. Warnane Sri Narpati lan kang garwa munggwing dalem datulaya. Tansah pulunan katiga Sang Nata ngandika aris maring ing putra katiga: “Eh kulup ingsun tingali tyas mengemu rudatin ing mengko paran, karsamu yen ana kang pininta sayekti sun pituruti payo angger sira tutura parasaja.”

Ature putra katiga: “Duh Jeng Uwa sri Bupati, bilih kapareng ing karsa mangkya Jeng Uwa sarimbit anunggila agami kalawan amba pukulun mumuri Islam Mulya nabeta bek para Nabi suci unrus karenan karena Allah. Djroning kitab pira-pira pan sampun tunduk ing tapsir agunging darajatira kamulyaning para Nabi labet saking ngluluri ageming agama luhung, marma paduka Uwa karsa-a animbang budi, boten langkung sampun kirang pangaksama.”

Wau ta duk miyarsa Narenddra ing Majapahit aturing pulunanira, metek kapetek ing galih pepet pet manaputi ewuhaya rehing kayun lamun ajeng anuta lingsem jenenging narpati kurang mantep kang wus tetep tinetepan. “Dadya atangkis wacana maring pulunan katri kulup bener aturira, nanging rasaning tyas mami mengko ingsun tan apti ngingkedi agamaningsun ingkang wus kalampahan linu ru linuri pra luluhur linuhur kaanira. Denen kaya agaminta ingsun pan ora manceni papancene sowang-sowang, sawung sawanganing luwih, embuh ingkang patitis tetese dennya mring putus buntasing kanyatan tata panitining pati, jer mangkono kang kinenan kuna-kuna. Tanda wahane ana pada kocap jroning tulis, sida sidaning kabudan denira ndon ing kadadin umpama sun anampik agamaning pra luluhur ing mula mulanira kang wus pada den ranggoni dadi mokal bebakal keliru akal. Jujul wuwul katariwal asungsang buwana balik, anambahi ingkang ana ingkang tan ana den incih, eman wus den temeni laku kang kalakon iku  ilanga tan kawilang, susulang kang wus den liling, alimana jwa dadya cugeting nala.”

Para pulunan katiga legeg miyarsi panggah pungguh ingkang uwa, Narendra Majapahit, dadya ciptaning galih pan wus karsaning Hyang Agung beda kabudayanta beja-bejane kang lali luwih beja kang eling lawan waspada.

Kendel ature mring uwa angandar-andar ajrih kapidahwen andadawa kadahuta tanpa kardi rubeda angriribedi sumende rahing Hyang Luhur nanging wau kang uwa Prameswari Dwarawati sinung ilham anut agamaning putra. Pan wus manjing Islam mulya kawenganan Imam Suci kang raka Sri Brawijaya jumurung ingkang sedyapti, malik melik agami. Ya ta wong agung katelu naidi ingkang uwa prameswari Dwarawati dennya kedu anut ing Agama Islam.

Ri mangkana sareng enjang para pupulunan katri samya sinung pasanggrahan acaket lan dalem puri. Amung let sacepuri rineksa dening wadya gung dahat sinuba-suba. Wau ta wong agung katri tan alami sami pamitan ing uwa. Rumasa datan karasan aneng nagri Majaapahit karana tan sarawungan kang samya nunggil agami. Sumpeg raosing galih marmah kedah arsa manthuk maring nagari Cempa, kang uwa dahat mambengi maksih oneng awulangun kangenira.

Myang katuju ing pawarta, lamun ing Cempa nagari magkya manggih karusakan, kasor prang lan nateng koci dadya wong agung katri kendel ardayaning kayun temah nemu sungkawa kang uwa tasnah ngrerapih ngaring-aring ingingimur manuara.

Salejarireng wardaya ing siyang pantara ratri, sira wong agung katiga tan pegat mangun ngabekti dupi ing antara ri karsanira Sang nga Prabu pra pulunan katiga simyarsa winangun krami rehning sampun sami katingal diwasa. Sampat ing pangustinira Sri Narendra animbali mring Arya Teja ing Tuban atmajane katigestri, lamun saharjeng kapti katiga pisan pinundut sadyarsa pinipanggya antuk pulunan katri ingkang saking tatalering nagri Cempa. Sirarya Teja ing Tuban sumanggeng karsa Narpati. Ri sampuning abipraja kaiding rembag sang kalih marengi sajuga ri Sri Narendra adadawuh mring Patih Gajahmada sareh ing karsa winijil sanalika lajeng kabyawareng kathah.

Undang samekta ing karya sanggyaning para Bupati gumyah samya makajangan saunda sabilik-bilik rinarengga samya sri pradangga manguyu-uyu, rinaras kikidungan layu-layu ngayut ati. Ri mangkana sawusnya ngidaki dina, pinaggihaken anulya wau ta wong agung katri kalawan putri katiga kinancuh-kancuh sarimbit. Rahaden santri Ngali antuk Dyah Retna Maninjung, dene rahaden Rakhmat kakancuhaning apanggih nenggih lawan Retna Dyah Siti Manila, Rahaden Ngalimburerah panggih lan kadang wuragil anama Retna Sadasar langkung geng bawahaneki ingkang uwa sarimbit, myang para kadang sadarum sumuyud sukarena panggihing katri mjang marsepuh suka hyun-hyunen umulat.

Mring raden Mantu katiga pantese jajar sarimbit lawan putranira saengga sekar sarakit prabanira nelahi senening samun kusut jalwestri kang tumingal cengeng lam-lam ing pangaksi pitung dina langen karameyan. Wus atut apalakrama kapranan karenan ing sih, sariratri tan kena sah, dupi ing antara ari ri sang panganten katri karsanira Sang nga Prabu among sareh ing sedya mring putra pulunan sami tinunggilken kang samya tunggil agama.

Sira dyan putra katiga kinen maringken tumuli maring Arya Lebusura aneng tanah Surawati matah duta kakalih mundi pustaka Sang Prabu lajeng tata- tata cundaka anandang weling sawusira sampat ing reh nulya budal. Datan winarna ing marga lampahe caraka kalih lawan wong agung katiga sagarwa myang wadya sami prapta ing Surawesti njujug padalemanipun sirarja Lembusura, duta ngaturaken tulis ingkang saking Sang nga Prabu Brawijaya. Gupuh Arya Lembusura ananggapi kang kinteki binuka sinuksmeng driya sarahsaning dalem tulis narendra Majapahit ngayuken pulunanipun rehning sampun kawayah tur samya nunggil agami tan cinegah singa kang asudi karsa.

Kelu amalik agama keh kedik tan den wangeni kang anut putra katiga jinurungan pudyastuti sang ngarjya sukeng galih sandika ing aturipun maring para utusan dahat denira ngurmati lawan mantu buyut rahaden ketiga. Kalangkung sinungga-sungga wusira antara ari duta mit mantuk mring praja, ki Arya anayogyani kanti ngaturken tulis pan minangka angsul-angsul ponang duta gya medal praptane ing Majaphit angsul-ansul lajeng katur ing Narendra. Binuka kalangkung suka tembunge katuju kapti sumunggem dennya tumampa sinrahaning raden katri Nengna datan winarni negari ing Majalangu warnanen Surapringga Arya Lembusura nguni dahat sihe mring mantu buyut katiga.

Tan lami sinungan prenah adedepok pribadi samya jinenengken Imam nenggih Raden Santri Ali jumeneng ing Gresik, nama Raja Pandita Gung, jujuluk Ngalimurtala. Dene ta wau kang rayi Raden Rakhmat dadya Imam di Surapringga Sinung dalem Ngampel Denta, anama Pangeran Katib, karan Sunan Ngampel denta, murwani jumeneng Wali. Dene Rahaden Ngalim Abuurerah dumunung jumeneng dadya Imam aneng Majagung ngebreggi katah janma kang kapencut mucung Islam.

—————————————————————————————————————–

Raden Abu Hurairah ing ngriku inggih jujuluk Sunan Ngalim, lajeng krama angsal Putri Madura, Rara Siti Kantum, putranipun Arya Baribin.

Kacarios sayid Nges kaliyan Yakub, sami angajawi, sayid Nges njujug Majalengka, Sayid Yakub njujug Balambangan. Sayid Nges lajeng kaparingan nama Sutamaharaja, dening Prabu Brawijaya, sarta lajeng dateng Ngampel Denta, terus jumeneng Imam wonten Demak. Sayid Yakub inggih lajeng kapundut mantu dening Prabu Blambangan, daup kaliyan Dewi Sabodi, saha kaparingan Pangeran Lanang. Pangeran Lanang lajeng katundung dening sang Prabu, jalaran anggenipun bade nelukaken agama, wusana lajeng dateng Ngampel Denta, tutruka ing Tukangan jumeneng Imam.

Kacariyos Dewi Sabodi satindakipun ingkang raka sampun garbini. Lajeng lair kakung nanging lajeng kalarung dening ingkang eyang, amarga kagalih damel risaking nagari (Gegeblug). Kendaga ingkang isi bayi wau kapupu dengan juragan Kamboja ing Gresik. Wasana Juragan wau lajeng murud. Mila bayi wau namung dipun emong dening Nyai Juragan, kaparingan nama Raden Satmata.

Syeh Waliyul Islam, kaprenah nak-sanak kaliyan Sunan Ngampel ugi angajawi, njujug ing Ngampel, terus dinunung ing Pasuruan, kapendet mantu kaliyan dipati Pasuruan, daup kaliyan Rara Satari. Wasana lajeng pindah angimami wonten ing Pandanaran (Semarang), malah wonten ing ngriku pinaringan lenggah Adipati dening Sang Prabu Brawijaya.

Syeh Molana Iskak, kaleres embahipun Sunan Ngampel (tedakipun seh Yunus) angajawi kaliyan putra nama Kalipah Kusen, sami njujug ing Ngampel, terus diaturi dateng Madura. Wonteng ing ngriku kapundut mantu – ipe kaliyan Lembupeteng Madura, daup kaliyan putranipun Arya Baribin. Sareng sampun sawatawis dangu, sang Prabu dipun ereh malebet Agama Islam, nanging puguh. Molana Iskak lajeng katundung terus dateng Malaka, amargi bade wangsul dateng Ngampel isin. Dene Kalipah Kusen wangsul dateng Ngampel.

Sapengkeripun Molana kekalih, Prabu Lembupeteng lajeng nusul dateng Ngampel, sumedya anyidra Sunan Ngampel. Ananging mboten saged kalampahan, awit saking genging mangunahipun jeng Sunan. Wusana Lembupeteng lajeng lumebet Agami Islam, lajeng terus kondur dateng Madura kanti Kalipah Kusen. Kalipah Kusen terus dateng Sumenep, panggih Sri Jaran Panolih, saha terus dateng Baliga. Kalih-kalihipun wau sami manut miturut lumebet agami Islam. Molane Kusen lajeng wangsul dateng Madura, panggih Lembupeteng.

Molana Machribi kaliyan Molana Gaibbi (kaprenah sederek nem kaliyan Molana Kusen) sami angajawi, njujug ing Ngampel Denta. Molana Magribbi daup kaliyan Retna Marakis, putranipun Arya Teja ing Tuban. Molana Gaibbi daup kaliyan Niken Sudara, putranipun Gajah Maodara. Molana kekalih wau lajeng dinunung wonten Banten, jumeneng Imam. Naging Molana Maghribbi terus dateng Cempa, awit wonten Banten mboten kraos.

Sayid Djen inggih angajawi, njujug ing Ngampel, lajeng dinunung ing Cirebon, karan Sunan Gunungjati.

Kacarios sang Syeh Waliyul Islam ing Semarang sampun kagungan putra tiga. Satunggal nama Syeh Kalkum, dinunung ing Pakalongan, satunggalipun nama Syeh Ngabdullah, dinunung ing Kendal, satunggalipun malih nama Ngabdurachman, dinunung ing Kaliwungu.

Syeh Jamhurngali (nak sanakipun Molana Maghribbi) inggih angajadi njujug Ngampel, lajeng daup kaliyan anakipun dipati Pajarakan nama rara Sampursari, saha ngimami agami ing Pajarakan, saha lajeng krama malih angsal putri Keboncandi.

Kacariyos randanipun juragan Kamboja ing Gresik dumunung ing jangji. Barangipun dados gadhahanipun raden Satmata, ananging sarehning raden Satmata dereng diwasa, dados barang-barang wau katitipaken kaliyan krabatipun mbok randa. Anuju satunggaling dinten raden Satmata dolan ing pinggir saganten, saha lajeng wonten juragan layar dateng nari, raden Satmata bade kapendet anak. Raden Satmata inggih purun, wasana lajeng kabekta dateng griyanipun, juragan wau, inggih punika ing Benang. Juragan Benang inggih lajeng ajal. Barang-barang tilaranipun dados gadhahipun raden Satmata ugi. Raden Satmata lajeng gadhah osik sumedya nindakaken adagang layar. Wasana lajeng dateng Bali mbekta penjalin tuwin kajang. Batinipun umpuk-umpukan. Ananging sarehning kathah tiyang miskin ingkang pepriman, arta wau telas dipun paring-paringaken dateng pekir miskin kanti dipun pangandikani makaten :

He, sanak den padha-padha, aja na kang sak-serik, nampani sihing Wuddi, kamurahan kang dumawah, sayekti ingsun darma, nglantari praptaning kang sih sira sanak kang darbe begja, sarkara.

Kaananing ngaurip puniki, yekti kabeh kagunganing suksma, amung den abisa bae, rumeksa badanipun, amburuwa talering ngaurip, wong tumitah ing dunya, yekti kudu-kudu, angegungaken ihtiyar, anggaota rupa sabarang pakolih, supaya karya harja.

Lamung wong nemen anambut kardi, iku dadi laku kang utama, kataman ing panemune, tan ana bedanipun, lawan wong kang ahli ngabekti, jangji tan para cidra, pawitaning laku, Allah yekti sifat murah, sifat asih gumelar ngalam sakalir, rumeksa ing kawula.

 

Ri sampuning ngandika aparing arta lantaraning papawitan. Amargi arta angsal-angsalipun telas kangge dana, tukang perahu nama Barus-Samsu netah dateng Raden Satmata telasipun arta wau. Dawuhipun Raden Satmata dateng tukang Prau: “Sadaya ingkang sami mitulungi dateng sesami punika temtu inggih tampi sihing Pangeran, kanti maringi tanda pasaksen amuja barang lajeng dados emas, inten.” Tukang prau lajeng ngandel dateng mangunahipun raden Satmata. Raden Satmata lajeng dawuh supados kapalipun tigang iji sami dipun isenana padas, krikil, wedi tuwin klaras, badhe kabekta kondur. Sareng sampun kalampahan, Raden Satmata muja semedi nenuwun ing Pangeran. Wasana wedi wau dados uwos kaliyan kopi, padas dados emas saha krikilipun dados inten. Sadumuginipun ing Benang, barang-barang wau lajeng kaparing-paringaken. Barus Samsu kaparingan kathah piyambak, minangka pituwasing kangelanipun. Barus Samsu lajeng dados Sudagar. Raden Satmata tindak lelana malih.

Syeh Samsutabarit, kaleres paman misanipun Sunan Ngampel, ngajawi, lajeng dinunung imam agami ing Pranaraga.

Kacariyos Prabu Dayaningrat ing Pengging nglurug dateng Semarang, lajeng perang. Sang Syeh Waliyul Islam seda ing paprangan. Sang Syeh Sutamaharaja keplajeng, dumugi ing Demak lajeng seda. Dene putra-putranipun sami ngungsi gesang. Syeh kalkum dateng Benggala. Syeh Jatiswara dateng redi Merbabu. Syeh Abdurrahman wangsul dateng ngatas angin (Panggenan lami).

Siti Umikalsum, putrinipun Syeh Waliyul Islam tuwin putranipun Syeh Sutamaharaja nama Siti Jenab, sami keplajeng dateng Cirebon, sowan sunan Gunungjati. Ing ngriku lajeng kadawuhan narima saha nunuwun ing Pangeran murih rahayu.

Arya Damar ing Palembang kagungan putra kalih :

1.Raden Patah, putra Majapahit. (Betanipun Dewi Subanci),

2.Raden Kusen, putranipun dewi Subanci kaliyan Arya Damar.

Karsanipun Arya Damar, Raden Patah kadawuhan jumeneng Ratu, nanging raden Patah lenggana. Ingkang rama paring pitutur, kados ing ngandap punika:

Arya Damar ngandika : Gampang yen wus nglakoni, wantu wawawtoning nata, trape ingsun kang aniti :

 

 

PUPUH V (Kinanthi)

“Tataning wong dadi ratu kartane marta-martani, utama karatonira tumindak kalawan ngadil dadalane danar dana-dasih tan keneng kaswasih. Iderana reh rahayu, karahayoning sesami samoa sinamadan dimen dumadya usadi hardaning pra wadya-wadya tumindak dennya angabdi. Wadakanen tandukipun sambang liring na yen wadi kang widagda andelana dadi pandaming praja di kang sudama sinpada den bisa ambeda budi.”

“Rubeda widaning Ratu yen suda adating ngadil, para wadyane tan nedya ngaraspadeng sang wiryadi suda peneding parasdya mung ngudi badan pribadi. Sukur bisa tumlawung mawang palawanganing Gaib, wrin sakedep kridaningrat tumonton ing batin, bontos buntas tanpa kewran weweran warana apig”

Raden Patah saestu puguh, wusana lajeng lolos. Raden Kusen inggih nututi lolos saha sampun kapanggih ingkang raka. Satria kalih wau ing margi kapetuk Syeh Sabil (Inggih puniku anakipun Molana Kusen ing Malaka). Tiga-tiganipun lajeng kait badhe angajawi. Wonten ing margi kabegal, nanging angsal parmaning Pangeran rahayu tiga-tiganipun, lajeng terus dateng redi Rasamuka; wasana angsal pitulunganipun saudagar layar; jaka titiga wau saged dumugi tanah Jawi. Raden Patah nyuwita dateng Sunan Ngampel, winuruk agama Islam. Dene Raden Kusen tuwin Syeh Sabil nyuwita Prabu Brawijaya, kalih-kalihipun sami katrimah. Raden Kusen kadadekake dipati ing Terung, saha kaparingan nama Pecatanda, Syeh Sabil kadhawuhan dateng Ngampel, ing ngriku lajeng pinrenah ing Ngudung, lajeng karan Sunan Ngudung.

Raden Patah lajeng pinundut mantu pisan kaliyan Kangjeng Sunan Ngampel, daup kaliyan Ratu Panggung. Saha putranipun kakung Kangjeng Sunan Ngampel ingkang paparab Makdum Ibrahim lajeng dinunung ing Benang, karan Sunan Benang.

Kacariyos Raden Satmata ing Benang sumedya dateng Mekah, nanging mampir ing Malaka, njujug ing Molana Iskak, awit kabaripun pinunjul. Dados piyambikipun badhe puruita. Wasana ing ngriku sareng njalentrehaken sara silahipun, ceta manawi kaleres putunipun piyambak (anakipun Wali Lanang). Raden Satmata lajeng nyuwun pitedah dununganing Pangeran, Makaten:

 

PUPUH VI (Dhandhanggulo)

“Rehning amba maksih muda pingging, dereng wikan jatining Pangeran, mugi eyang ing mangke paringa sawab makmum anyamadi kawula yekti, dadosa padamaran pepetenging kalbu.” Kang eyang alon ngandika: “Bocah iki antuk nugrahaning Widdi, wajib sun wedarana. Kaki lamun sira kudu ngudi sajatining Pangeran kang Nyata, payo mring nggoning ngasepen supaya bisa kusus ingkang wayah sumanggeng kapti.”

Kang eyang lajeng kesah, kang wayah tumutur prapteng tebaning ngatiba Sang Syeh Iskak lenggah ing pupunjung mencir, satata lan kang wayah. Ingkang Eyang angandika aris: “Ingsun tuduh ing patakyanira, Pangeran iku nyatane wus ana ing sireku, aja mamang dennya ngencebi nanging semono uga nganggo kudu-kudu nasabi tanangsubira, pan kawula iku kudu angalingi pananing sisimpenan.”

Ingkang wayah alon turireki: “Kados pundi sabdane Jeng Eyang, teka amimindo gawe ngengkoki nyatanipun, salajenge mboten ngakeni dene mawi warana kang eyang nabda rum. Wus mangkono patrapira kudu nganggo empan papan angarani Gaib basa punika.”

Ingkang wayah nulya matur malih: “Lawan pundi jatining Muhammad lan Allah paran tunggale ucap-ucapanipun. Ya Allahe Rasulullahi, ulun kadununganan babar pisanipun.” Kang eyang alon ngandika: “Prakareku kocap kitab Johar Mukin gambuh Gaib babarnya.”

 

PUPUH VII (Gambuh)

“Rungunen wayah ingsun mbok kabuka bubukaning kawruh, kawruhana kikayating nukat gaib,  Gaibing Pangeran iku lan Rasul yekti yen elok. Kumpul lan pisahipun aneng karsa wisesa puniku  nukat gaib dadi kanyatahan yekti ana ing sira sireku, padha kakekan ing kono. Allah Muhammad iku. Dene tegese ingkang karuhun Allah iku jatining aran sayekti. Wujud mokal tegesipun jatining Pangeran kono. Dene ta tegesipun kang akyan kajariyah puniku sajatine wawayangan ana dening Allah Muhammad, liripun sajatining Allah kono. Ya sajatining Rasul anapon kang aran Allah iku pan sarira de kang aran sarireki nenggih rahsa ya rahseku. Dat’ullah ingkang kinaot ing Dat’Ullah puniku ya Dat Rasul, tegese ya Ingsun ingkang purba jati langgeng wiseseki ya iku sajatinipun nukat gaib pan mangkono. Dene dununganipun  iya ana Asma pipitu  kawruh ana pan puniku sajatining ing rupa Muhammad Rasul nenggih lam-lam kan swiyos. Mata ping kalihipun ping tri wajah niyat sipatipun kaping lima Iman kaping neme tokit sarengat kang kaping pitu, tegesipun winiraos. Lam-lam tunggal jujuluk, tegesing mata tunggal pandulu ingkang wajah tunggal ka-anan lirneki, tegese niyat puniku jenenging kaanan awor, tegese iman iku tunggal rahsa tokid tunggal wujud, tegese kang sarengat pan samektaning kaanan tunggal jatiku ya jatining salat kono.”

“Salat kang limang wektu ngadeg jenenging kaananipun, dene rukuk tunggale kaanan tuwin sujud pan mulyanipun ninggih ing kaanan kono. Kaanan jatinipun jati karsa purbawisesaku ening lungguh sampurna kaanan jati, nenggih tunggil rahsanipun tunggaling kananingong. Rahsa jati karseku karsa wisesa priyangganipun, tegesipun nyata yen ing jasad iki enggoning kak Subhanahu watangala kang kinaot dening kalipahipun ing ngekah nenggih Allah puniku kalipahing Allah pan Muhammad tuwin Muhammad kalipahipun pan Adam.”

“Adam gumantos Mukmin kalipahipun kalipahing kak satuhu, kalipah ing ngekak iya kak sayekti aja mamang den tuwajuh antep kang wus winiraos. Dene kaki sireku teka kadempalan laju kalaju kudu adreng nyatakaken munggah kaji. Lah apa kang sira buru tan liyan yekti mangkono. Mekah Madinah iku kakbatolah wus aneng sireku, yen wus urus erose eng sembah puji apa maneh pinaelu, kana kene ya ing kono luhung lamun pinuju, muliya maring tanah Jaweku tembe sira dadi damaring Rat Jawi, kang wayah nembah andeku rahsaning raos rumaos lan antuk sabda luhung kang tumekan tinakenan kalbu, lir sumleguk pangugering guru kaki, kang amikanaken ing kun, kaananing elok-elok.”

Ri sampuning dumunung sidi-sidaning kadadenipun, pan kasaru ing wanci wus enjing, Syeh Iskak lan wayah kondur, sampun prapteng depok karo.

————————————————————————————————————

Raden Satmata lajeng Ngajawi (dateng Benang), mboten saestu dateng Mekah. Boten lami lajeng pindah dateng Jipang. Wusana terus dateng Tandes, numpak praunipun Ki Panangsang, pinanggih Pangeran ing Nitih, saha kapendet putra. Wonten ing ngriku, kajumenengaken imam Agami, jujuluk Pangeran Kalifah. Boten dangu lajeng pindah dateng Girigajah. Wonten ing ngriku pitekur. Wasana lajeng sowan dateng Ngampel; ing ngriku kapanggih kaleres rama-paman piyambak, inggih punika Sunan Ngampel. Pangeran Kalifah matur:

“Duh pukulun kanjeng paman, den agung pangaksama, pan kawula mboten langkung, badhe sedya puruita.”

 

PUPUH VIII (Asmarandana)

“Rehning muda dameng budi wonten sihing paduka supados wonten kaote.” Jeng Sunan Ngampel ngandika: “Mengkono iku darma ingsun aparing pituduh atas saking paminta ta. Jangji mantep sira kaki.” Umatur Pangran Kalifah: “Saestu amba rumojong punapa sakarsa tuwan kikipu nglebur tapak. Jeng sunan luntur sihipun rumangsa kawogan tuwa.

Dupi ing ngantara ratri Jeng Sunan ing Ngampel Denta tedak mring nggening ngasepen. Pangeran Kalifah datan sah lajeng satata lenggah. Sunan Ngampel ngandika rum maring Pangeran Kalifah: “Apa wus lemek sireki, umatur sampun dedasar inggih sakawontenane.”

Jeng Sunan malih ngandika: “Apa patakonira?”

Pangran Kalifah umatur: “Pundi dununging Pangeran? Lan kawulane kang pundi? Dene Gusti lan kawula tan kena pinisahake wulanging guru kawula, Pangeran aneng kawula, dene kawula puniku pan ana ing Gustinira. Amba pan dereng mangerti yen kawula ngakenana, Pangeran paran dadine, dene tan langgeng neng dunya, lawan duk aneng dunya ewah gingsir darbekipun pundi tandane kanggonan?”

Jeng Sunan ngandika aris: “Iku minangka tersanda yen sira kawula tulen kasandangan apes dunya, iya dadi antara kalawan Gusti Maha Gung.”

Matur Pangeran Kalifah: “Kang makaten kados pundi upami bale kancana kanggenan ratu kinaot teka mawi angrurusak boten reksa rumeksa, saestu wengku-winengku, teka mawi beda-beda?”

Jeng Sunan ngandika aris: “Bener kaya wuwusira, nanging kurang panggilute. Pangeran Ratu umpama kawula sulihira owah gingsire puniku rumasa-a yen kawula. Naging rumasa-a Gusti trape aneng papan empan ing lahir batin ing kono apan kaanane ana tunggal kajatenira awit kaanireku solah tingkah saking Allah.”

“Pangeran kang angideni, lamun kurang panarima kasandangan coba gedhe kapurba karsa wisesa yen luput sinung dosa, yen ana panalangsamu yekti sinung kanugrahan. Marma den mantep sireki aja sira kumalamar ugeren sajroning batos.”

Matur Pangeran Kalifah: “Ulun sampun tumanja menggah pisah-kumpulipun Gusti kalawan kawula. Sasampuning wrin sajati erose ing dedunungan, kados pundi pratikele dene bab ing kasampurnan riricikane kathah lan kathah pralangbangipun. Tegesing Lajim Punapa, Lawan Subut kaping kalih. Pundi Asma-ning Pangeran? Ananing Widdi kapriye lawan pribadining Allah? Pundi sedyaning Allah deweking Hyang kang saestu lawan liripun punapa? Lan jatining Hyang kang pundi? Kaananing Widdi nyata Dat’ulllah paran dununge, lawan sedyaning Dat’Ullah, lawan ingkang akarsa, pundi wimbuhing Allahu, lan tunggaling Widdi uga. Lan jangka tigang prakawis, lan tan ana ing sarira, lan kang aneng sarirane tan adoh lawan sarira, lan Massallah katiga dene ta ingkang rumuhun nenggih imbar pawayangan, lawan kitab makuteki latar putih tanpa sastra pukulun artosna mangke.”

Jeng Sunan alon ngandika: “Lajim eneng tegesnya, subut pan gandenganipun lire kadi urip kita. Kang ngwikani ing pribadi ingkang kawasa priyangga lawan kang miyarsakake tan liyan pribadinira kang akarsa piyambak miwah kang andulu iku sayekti yen dhewekira ingkang anabda pribadi kang langgeng kekal priyangga kang maha mulya dheweke ingkang elok ya piyambak maka sukci priyangga kang asih pribadinipun ingkang asih ing piyambak.”

“Punika semuning lajim tegese rumambah ing rat. Pangeran kang sanyatane sinebut saking kawula yen kawula tan ana sayekti jagad lebur. Pangeran nora ana dene ta Asmaning Widdi yeku kang uwus den ucap kaananira Hyang Manon apan ta sedya priyangga pan pribadining Allah, ya sedya baka punika ajwa mundur ababakal.”

 

PUPUH IX (Durma)

“Pan sedyaning Allah alanggeng priyangga ingkang anguwasani murba amisesa ana ing urip kita, tegese karsaning ati sajatinira panunggaling pribadi. Ingkang nabda ingkang ningali tan liyan kaananing Hyang pasti pundi deweking Hyang anuli saurana Ingsun deweking Hyang Widdi ingsun Punika, tegesipun punapi.”

“Saurana iya mantep tegesira kang sedya Ingsun yekti, tegese pan iya nora nana kaanan  roro myang tingal kekalih pan nora nana ya pangucap kekalih. Ing tegese Ingsun iki kang anedya ya Ingsun ingkang urip Ingsun kang kuwasa Ingsun kang amiyarsa Ingsun ingkang aningali Ingsun kang wikan Ingsun kang maha suci. Ingsun ingkang maha agung maha mulya Ingsun kang anjatining  Ingsun kang nugraha Ingsun ingkang anabda Ingsun kang suksma linuwih Ingsun kang Tunggal Ingsun kang bestu jisim.”

“Iya Ingsun kang urip datanpa nyawa langgeng tan owah gingsir ingsun kang sampurna kang angsung kawisesa kang elok Ingsun sayekti pan Ingsun ingkang amuji kan pinuji. Ingsun ingkang tanpa enggon tanpa arah Ingsun kang tanpa warni Ingsun tanpa rupa Ingsun kang tanpa mangsa kang tanpa diyan Sun ugi tanpa muspah, tanpa tuduhan mami.”

“Ingsun ingkang mantep ananing Sun dewek malih yen den takoni endi jatining Hyang den enggal jawabira jatining Allah kang pasti kaananing Hyang sedya Ana pribadi. Tegesipun purba karuhun kang tanpa wiwitan lan tanpa wit pan inggih punika kang yekti jatining Hyang endi kaananing Widdi ingkang sanyata saurana den aglis.”

“Angestokken ing dirining Sun piyambak lir wus tan ngulati sakabehe mapan wus kawengku dening wang Jer Ingsun Ratu linuwih ratu kang tukang tunggal datan kakalih. Yekti Ingsun kang mantep ing dheweking wang madeg ratu pribadi ing karatoningwang  tan ana memada-a ing gunge karaton mami langgeng tan owah urip kang keneng pati. Lan malih yen tinakonan ing Dat ‘Ullah saurana den aglis iya tansah molah lawan tanpa wekasan ingkang aran Allah pasti jawaben enggal kaananira yekti kang akarsa lan pundi wimbuhing Allah saurana den aglis iya karsanira kang tan ana tuwangnya kang tan ana kirannreki lawan kang nora kena ing owah gingsir.”

“Lamun ana sujanma ingkang tatanya pundi tunggaling Widdi, enggal saurana aran kang ingaranan tunggal lan wujud kakalih wus nora mamang lan nora mindo kardi. Dene lamun tinakonan malih sira jangka tigang prakawis ingkang dingin uga tan adoh lan sariraki tan aneng sarira ping dwi ping tri kasrira saurana aglis. Kang tan adoh saking sarira sahadat tan aneng sira takbir kasrira sakarat kadya paran lirira saurana dipun aglis liring sahadat among winong pribadi.”

“Tegesipun takbir pan sira Pangeran anembah lan amuji ing pribadinira tegese kang sakarat dene tan esak ing pati lan nora mamang lan malih mbok manawi tinakonan Masallah tigang prakara dene ingkang rumiyin imbar wawayangan lan Kitab amakuta latar putih tanpa tulis liring dene ta kang Iman Mulya Suci.”

 

PUPUH X(Pangkur)

“Sasmitaning kawimbuhan kawruhana ya pangucapreki miwah ing pangrungunipun tuwin paningalira nora nana pangucap loro tetelu dadi solah tingkahira boja esak boya serik. Boya tasbeh mung Dat’Ullah, kewala den kerasa yen abukti den karasa yen anginum sembahyang den karasa den karasa iya Dzat’Ullah puniku ingkang wus awuru Allah yeku aran salat daim. Lawan malih ingaranan martabe ing kasdu takrul takjin kesdu nenggih artinipun mapan kareping niyat dadi cipta dene ta tegese iku pameksaning niyat panggraita dadineki. Lire ingkang takjin nyata wisesane ing niyat kang sayekti kang cipta pan dadosipun kasdu punika iman, takrul tokid takjin makripat liripun ingkang iman yen ana-a gumletek yekti tan serik, tan sak tingale ing Allah ingkang tokid enenge lawan mosik gleteking paningalipun pangucap pamiyarsa nyata ingkang angenengaken puniku kang nggletekaken Allah myarsakken ngucapken pasti Allah Tangala mapan kang amimbuhi dadi sampun sak serik tingalira mring Hyang Luhur nenggih ingkang makripat ing enenge asike paningalipun pangrungu pangucapira dadi dewekireki.”

“Tegese puniku nyata bila tasbeh, bila tasbeh lirneki tan loro kaananipun mapan Allah kewala kang angucap meneng mosik tuwin ngambu pan nyata mring ananira poma wus aja sak serik sasmitaning rahsanira kang den ucap kang angucap Hyang Widdi poma den awas den emut nora na liyan-liyan anadene yen tinakonan sireku punapa pangawruhira ing Allah jawaben aglis. Pangawruhingsun ing Allah kaananing kawimbuhan Hyang Widdi wonten malih sualipun apa ujar sakecap lawan laku satindak meneng nggonipun nuli enggal saurana  ujar sakecap puniki, iya kang ngucap Hyang Suksma dene laku satindak sarta Widdi kang aran meneng nggon iku ingkang wus nora susah angulati ing Allah lyan dirinipun pira martabating Allah saurana tri prakawis.”

“Nenggih tansip kang kapisan ingkang kaping kalihe Insan kamil kandil kaping tiganipun tansip liyep tegesnya Insan kamil kang sampurna artinipun kandil Rochilapi lirnya utawi semuning tansip tingal kang suluh sampurna iya wahyu iku tegese malih dadi paningal kang khusus tetepe wahyu nyata mila wajib sami den enengna iku pra bedanireng paningal ing Nabi Wali myang Mukmin. Nabi tetep tingalira para mundur tingaling Wali Mukmin pira martabating laku jawaben rong prakara kadi geni kang dihin ping kalihipun kadi angin tegesira semene kang kadi geni, pinten panase kewala tegesipun puniku amrih gelis panarimanira sampun kasuwen dene kang kadi angin pinet tan kena linuru tegese wus nora pisan susah angulati malih pinten martabate sarira saurana iya tigang prakawis ana dene kang karuhun kadya tanggal kapisan kaping kalih lir tanggal ping sanganipun ping tri lir tanggal patbelas de ta ingkang rumiyin.”

“Kang kadya tanggal kapisan iya dene atulis lair batin kang kadya ping sanganipun tegese luluh sirna kaanane ing kaananing Hyang Agung kang kadi tanggal patbelas dening panedyane sami, kadya kang andadekena tegese yen ping patbelas kang sasi wus prapta ing wangenipun tekane ing kawula nora ta yen dadya Gusti puniku nanging iya dadi uga inten martabate pamanggih. Jawaben limang prakara kang rumiyin geleteknya kang ati ya kang kapig kalihipun katepeking lumampah panjeriting anangis kang kaping telu ketuging nutu kapig pat ping lima coreking antih dening jeriting karuna lawan iya geleteking ing ati miwah katepeking laku puniku ing pangucap marmanipun iya dipun kadi latu ing tekad dening wus tampa iya coreking angantih.”

“Liring sipat Jamal Ullah dene ketuging anutu lirneki wedaling pangucapipun nyata pan nora mamang nora susah angulati ing Hyang Agung ya kang ngucap iku Allah pama aja pindho kardi. Martabating bumi pira saurana kehe tigang prakawis Dating Roch Ilapi iku nenggih ingkang kapisan kapindhone roch jasadi sadayeku kaping tiga tanpa prenah tanpa tuduhan sayekti.”

“Martabating kanugrahan lamun sira mbesuk den tatakoni pinten kanugrahanipun  sahadat saurana tri prakara nenggih ta ingkang rumuhun ngencengaken imanira neguhken ing tyas ping kalih. Ping tri mosikken gaota lamun sira iya tinakon malih nugrahaning salat iku pira kang ricikan saurana pan telung prakara iku dingin megataken karsa inggal cipta kaping kalih, madep kaping tiganipun lawan pira kanugrahaning takbir saurana den agupuh iya tigang prakara dingin kawruh weruh kaping kalihipun jatining weruh ping tiga.”

“Pinten nugrahaning budi, Jawaben tigang prakara sayektine, cipta ingkang rumiyin graita ping kalihipun sang cipta ping tiganya nugrahaning roch pira jawaben gupuh pan iya telung prakara dene ta ingkang rumiyin. Urip tan kalawan nyawa kaping kalih ananira kang pasti tan den anakaken liyanipun ping tri Allah kewala nora nana kang momorana puniku sayekti saking priyangga wong anom den amangerti.”

 

PUPUH XI (Sinom)

“Lamun sira tinakonan ya wadatil wujudi pira kehing kanugrahan nuli saurana aglis sakarat lire yekti dene kanugrahanipun iya telung prakara wus aneng ananireki dingin adep, idep kaping kalihira mantep ingkang kaping tiga lan pira kanugrahaning Iman enggal saurana pan iya tigang prakawis sukur ingkang rumiyin tawekal ping kalihipun kaping tigane sabar.”

“Pinten nugrahaning tokid, saurana pan amung kalih prakara, nenggih tetep kang kapisan wedi ingkang kaping kalih wonten malih sualira pinten ingkang nugrahaning makripat mangka nuli saurana den agupuh iya amung satunggal ana ing ngananireki nenggih karsa rahsa wisesa priyangga.”

“Pinten martabat kareman, saurana tri prakawis para mukmin karem apngal karem sifat para Wali dene kang para Nabi edat pakaremanipun liring karem dat’Ullah sok wontena Asya nenggih karem sifat sok wonten gumleteka. Lire karem apngal’Ullah, sok wontena obah osik yen sakit paningalira nenggih kabuka sayekti ing sifat Jalal tuwin Jamal Kamal Kaharipun dadine Imanira makbul gumleteking ati dadi antuk sampurna yakining gesang.”

“Pinten martabating nyawa, saurana den aglis katahing nyawa satunggal pan iya mung roch Ilapi marmane mung sawiji tegesing urip puniku pan iya satunggal tan ana urip kalih  ing pastine amung kaanan kang tunggal. Lamun sir tinakonan pundi Allah pada mangkin den na enggal saurana sapa ingkang ngucap iki aja ta sira dalih yen dudu sira Hyang Agung  sayekti kang den ucap kang ngucap tan lya Hyang Widdi nanging kudu weruha ing panarima.”

“Anapun ing panarima den kadi toya lan siti lawan dipun kadi udan miwah dipun kadi wesi lan den kadi jaladri kang kadi lemah lan banyu den rumesep tegesnya nora pegat kang rochani ana dene tegese kang kaya udan. Dene tan pegat tingalnya anapon kang kadi wesi sakarsa nira marentah den gaweya pangot lading  petel wadung utami nora owah sipatipun maksih wesi kewala dene kang kadi jaladri ya ing ngriku duduwa ing ngriku uga.”

“Punika pasti kang asa ing ujar sakecap tuwin laku satindak kawalawan kang meneng ing ngenggon nenggi yen wus kadi jaladri nora owah tingalipun dulu dinulu dawak tan ana tingal kekalih nora ana pangucap roro punik, dadi salate sampurna weruh paraning ngabekti weruh paraning sembahyang benering nyata tan sisi weruh paraning osik eruh paraning enengipun weruh paraning ucap weruh paraning pamiyarsi weruh paraning ngadeg  weruh paraning lenggah, weruh paraning anendra weruh paraning atangi  weruh paraning amangan  weruh paraning nginum warih  weruh paraning ngising  weruh paraning anguyuh  weruh paraning suka  weruh paraning prihatin  weruh paraning ngidul ngulon ngalor ngetan weruh paraning mangandap weruh paraning manginggil  weruh paraning ing tengah  weruh paraning ing pinggir  weruh paraning ngurip  weruh paraning patinipun  kabeh ingkang gumelar  kang gumremet kang kumelip  nora samar weruh paraning sadaya.”

“Tamat masalah kaanan poma estokena kaki, aja nganggo kumalamar rasuken rasane iki,  yen wus weruh den werit, den asasab ajwa umung  aja sawiyah-wiyah, nganggoa paran yen angling den kekera kerana sing sangkan paran. Yen maido temah kopar.”

Jeng Sunan ing Ngampel gading,  memejang wijanganira  tanjaning ngelmu sejati. Wau ta kang winisik  Pangran Kalipah ngrerasuk  rahsaning reh rinasa  papajar wiji-wiji  wus kagulung gumeleng golinganira. Aneng ing sarira suksma  kang gumelar aneng bumi  kang sinimpen kang den samar  wus munggwing sarira sami  lire wus angawruhi  ing gelar kukudanipun  pan saking manusa  ananing sakalir  dadi taler lelere wus kalampahan.”

Ya ta Pangeran Kalipah ngaraspada sang ngayogi pareng praptaning nugraha cahya gumilang nelahi munggwing antareng ngalis ing pangran Kalipah wau pratanda katarima  sihing guru sang sudyapti kang rumambah ing siswa tanpa wengenan.

————————————————————————————————————

Ri sampunira mangkana Jeng Sunan ing Ngampelgading kondur lan pangeran Kalipah.

Pangeran Kalipah lajeng kapendet mantu kaliyan Sunan Ngampel , angsal putra saking wingking. Wasana lajeng kondur sakaliyan dateng Tandes. Ing ngriku lajeng nggantosi kalenggahan Raja Pandita, saha jumeneng imam ing agami, terus dadalem ing Girigajah.

Kacariyos Tumenggung Wilatikta ing Japara, kagungan putra kakung nama raden Sahid, mursal sanget, damelipun main saha mbegal. Nuju satunggaling dinten ingkang dipun begal kaleresan Sunan Benang; ing ngriku Kangjeng Sunan lajeng masang cipta sasmita anon ing ler kidul, wetan kilen tuwin tengah. Raden Sahid sanalika lajeng kuwalik paningalipun saha boten saged nggulawat. Wasana lajeng nyuwun pangapunten saha prasetya bade sumadya utami. Kanjeng Sunan lajeng paring sosoroh kathah-kathah, saha anancepaken ecisipun kadawuhan anengga raden Sahid ngantos dumugi sarawuhipun Kangjeng Sunan│ Jeng Sunan lajeng terus tindak, sumedya dateng Crebon.

Kocap Raden Patah matur dateng Kanjeng Sunan Ngampel, nyuwun panggenan; lajeng kadawuhan dudukuh ing Bintara, inggih punika ingkang thukul Glagahipun wangi. Cekakipun sampun kelampahan, saha ing Bintara lajeng reja.

Putranipun Sunan Ngampel (Saderek Sunan Benang), nama Masakehmahmut, kadawuhan dudukuh wonten Redi Murya, angimani agami, ajujuluk Sunan Darat, ing ngriku lajeng rame.

Kangjeng Sunan Girigajah karsa agentur tapa, ing ngriku lajeng prasasat abadan suksma sajati, prasasat dumunung badan insankamil. Sasampunipun tapa, lajeng kondur. Wonten dalem angeneng-enengi putra ingkang saweg muwus. Ing sacelakipun ngriku wonten sela ageng. Supados kendel pamuwusipun putra wau, Kangjeng Sunan ngandika sela wau kaawadaken gajah, wasana lajeng dados gajah saestu, nanging lajeng karuwat malih dening Sunan akanti nalangsa ing Pangeran.

Sunan Benang mangsuli raden Sahid ing wana Jatisari, ingkang negga cis. Ing ngriku sareng raden Sahid katingal setya, lajeng winisik jatining ngelmi rahsa sasmita, Jeng Sunan lajeng kondur. Raden Sahid lajeng terus, ngluwat saha nglangut, amet kanyataan gaibing Hyang ingkang dumunung ing manungsa.

Kacariyos Sang Prabu Brawijaya midanget wartos manawa ing Bintara wonten tiyang dudukuh, ingkang semunipun badhe ngembari Sang Prabu. Mila sang Prabu dawuh nglurugi, sampun ngantos ngrebda. Dipati Pecatanda lajeng matur, manawi ingkang dudukuh wau saderekipun jaler tunggil Ibu sanes Bapa: saking Putri Cina. Sang Prabu lajeng enget manawi Putri Cina ingkang kaparingaken dateng Arya Damar kala rumiyin sampun ngandeg. Wasana Raden Patah kadawuhan nimbali. Ingkang dipun utus, dipati Pecatanda akatah-katah raden Patah lajeng sowan. Ing ngriku malah lajeng kajunjung Dipati, inggih wonten Bintara, kanti kakantenan prajurit 10.000. Dipati Bintara lajeng kondur. (Raden Patah inggih tampi dawuhipun engkang rama, manawi Bintara benjing bade dados kadaton).

Kacariyos Raden Sahid, sasampunipun tapa ngluwat ngeli, lajeng sowan Sunan Gunungjati. Ing ngriku lajeng kapundut mantu ipe, angsal Dewi Siti Jenap, saha kaparingan jujuluk Seh Malaya, kadawuhan dudukuh. Dukuh wau dipun wastani Kalijaga. Seh Melaya lajeng kawedal nyuwun kajaten ing bab kanyataning kawruh, kados ing ngandap punika :

Seh Melaya nembah matur mring Jeng Sunan Gunungjati: “Duh pukulun sang pinudya, amba minta tuduh jati singir kang sampun kinocap paran artosipun mangkin. Wontena ing sih pukulun rehning muda dameng budi sasat sato umpaminya.”

Jeng Sunan ing Gunungjati alon denira ngandika: “Rungunen mengko sun wisik. Tegese singir pan kidung kinarya pangeling-eling para syeh ing tanah Arab, yen pana winoring gending sadapur singir punika sakeh Syeh Ibrahim ngarki. Iya tatkalane pagut ing kaca ingkang bersih yeku lawan dipakara, mangka antarane dadi dahana akantar-kantar wus nyata tanpa ling-aling. Labawang sumilir iku iya kang sedya ngulati kalwan kang ingulatan iya kang nedya pinanggih yayi rasakna den krasa punika ujaring singir.”

“Wonten malih singiripun asale saking Syeh Sabli, satuhu makripatika tetep dadi aling-aling antarane kang tumingal, inggih mring kang den tingali. Kalamun yayi andulu lawan makripat pribadi yeku nyatane pan nyata kalingan ing aling-aling, kaling-kalingan paningal, inggih mring kang den tingali. Sirnakna ing tingalipun mring liya kang den tingali. Wonten malih singiran wang nenggih saking Syeh Mukdin, Kangjeng Syeh Muyidina pan kang putra Syeh ing Arabi. Yen mikir tanjek sireku dadiya kang banget, nuli yen amikir tasbeh sira ing wiwilange yen dadi,  yen katam karone sira dadi surasa sayekti.”

“Aningalana sireku ing Gusti kalawan Gusti, kalawan kumpule ika, aja pisahe den piker, yen uwis mangkono sira Maha Suci maring Gusti. Kalek kanyataning machluk, kalamun sira nduweni mata kalawan paningal kang makhluk puniku dadi kanyataning kalekan, yen sira iku nduweni angen-angan lawan kalbu, yen ora nduweni uwis aja kudu amicara tanpa gawe wong ngaurip, kalamun sira wus nyata duwe mata lawan ati, sayekti nora andulu liyan kang tingal sawiji, sawiji ing dalem rupa. Puniku singir pan maksih, kang saking Kangjeng Syeh nama Muhyidinaitnu Ngarbi. Padha nyirnakna puniku tutulisan kang tinulis, lan sakehing kitabira kang muni pangucap ngelmi. Lamun nora mangkono-a tan kagepok kang sayekti lawan ing tyas ateguh katungkul pijer ngulati, karana satemen uga ing sawuwus ingsun iki iya pangandikaning Hyang, raga iku amung dadi minangka kuta pikukuh. Ing kutha angungutani pan kutha kuthaning kutha, kederan kang angubengi ing lelaren pancandriya, tan kena binedah dening sasmita dang dananipun apan ora angentasi amung  binedah ing baka, yeku ingkang angubengi ageme Syeh Ngaribillah kang darbe kidung punika.”

“Lah punika kidungipun Syeh Abuyajid – Bestami tan ana paningalira. Amung ingkang angalingi pan nora na ingkang ilang, pan anging pandengireki. Sapa yun wruh ing sireku iya tingalana saking, saking sira sarta sira temuning sira sireki, pan dumeling ananira, ing sama sameng sasami, nora beda lawan ingsun. Yen beda-a iku sisip, yen Tunggala iku sasar, sasar sisip wujud siji, agawok ingsun tumingal ing wong angulati Gusti. Sun srahken birahiningsun marang ing ngeningsun iki, mangka geseng ngeskiningwang geni badan kang nggesengi sayektine nuli kena ingkang para biraheni. Sayekti badan kumelun, remuking reh manaputi, lah singir malah.  Punika kidungane Syeh Rudadi.”

“Mangkana pandita mulya Sujangi wakuwatihi, pangandikaning tyang Agung kalamun ingsun kapanggih, kelawan kekasehingwang, dadi kawula pan mami, kalamun ingsun kapisah kelawan kekasih mami, sun dadi ratuning ratu, ratu-ratuning sabumi, ratu angratoni jagad, ratu-ratu angratoni ing ratu-ratu sadaya. Mangkana Jeng Syeh Rudadi.”

“Lah puniku singiripun Syeh Samamu, ngasarani ing ngendi ananing ana, ananing beda, ing ngendi ananing beda lan ana, apa pisah apa tunggil? Lawan ngendi wohing banyu kang metu saking wiyati, tegese woh banyu ika saking wite ingkang mijil, yekti wenang saking tunggal pamoring woh lawan. Uwus yayi mung puniku mungguh babaraning singir, tarbukaning sangkan paran keni kinarya nyaringi panglimbanging budinira.”

Syeh Melaya anampani kanugrahan kang linuhung. Sarahsaning roh wus tamsil. Syeh Melaya ngaraspada mring jeng Sunan Gunungjati alon wau aturira: “Wong dadya guru sejati yen kurang waspadeng semu kasamaran temah mamring rahsane datan kecekap. Katah guru-guru silip kengser sire kabalasar, tulus amangeran tulis.”

Jeng Sunan ngandika arum: “Angel pratingkahing urip, sanadyan ahli ya ahli suluk, ahli piker, lamun ora puruita tatane kurang premati. Dene pra oliya sagung tulis mung mangka pengeling nanging rasane datan sah, sahe saking tinalesih, mangsuting musawaratan mrih mulyaning megat pati.”

 

PUPUH XII (Megatruh)

“Nabi Musa ngaku luhur tanpa guru, ngemungken ujaring tulis, ngandelaken tura dipun den nyana wus anguwisi tan wruh, lamun maksih adoh meh kalantur ing pratingkah, esmu puguh gya binendon ing Hyang Widdi. Nulya kinen angguguru guguru mring Nabi Kidir kang kari anut mangkono. Sajatine ingkang aran guru iku dudu guru muruk ngaji, dudu guru muruk ngidung, dudu guru muruk tulis, dudu guru muruk kedot. Dudu guru muruk kasekten puniku, dudu guru muruk dikir, paguron arane iku. Dene guru kang sayekti kang ngamejang ngelmu jatos. Aja sira ngguguru pandita besus, pandita sipat nameki lan falapat malihipun, teberen sasanja nenggih yeku pandita angomong. Tuwin aja ngguguru pandita lengus, yeku pandita sak serik lawan aja angguguru pandita kakehan piker, karya was uwasing batos. Lawan aja ngguguru pandita gundul, pan iku pandita lamis, apan Kangjeng Nabi Rasul remene amung sumunggi amirid lawan babahon, pan sakabat sakawan bela ing Rasul kapat pisan pan sumunggi. Kangjeng Rasul parasipun sajege mung sapisan til pan ora kongsi amindo.”

“Kang utama pandita ngaku balilu, sasolahe ambodoni jajinab saka puniku anenggih bil maksiyati. Solah tingkah kang mangkono dening jayinab saka pandita iku, tegesing bil maksiyati pandita kang ngingu rambut, paesing ngawak sayekti, dudu paesing panganggo. Debog bosok mrak kacancang gentong umus, iku pandita kasirik lawan tawan brana iku, bojakirana marsandi karo utama ginuron. Katigane pandita wiladi, iku kang utama den guroni, liring debog bosok iku lara geng kang panditeki mrak kacancang anyengu ngong. Tegesipun takabure keh kawetu, lumaku yen den guroni. Tegese kang gentong umus, gebreh tan bisa ngrawati wetune saenggon-enggon. Dening tawan brana pandita puniku kang analabet ing kanin lan sapapadane iku kang acacad kang aciri siriken aja ginuron. Pandita kang bojakirana puniku tan pegat amangun tapi yegah hawanipun, pakareman den buwangi, saciptane wus sayektos, pan waluya sadaya pangestunipun tan ana kawula Gusti. Wus karem ing ora iku. Dene pandita marsudi kang ngibadah lair batos nora pegat mulyakken sariranipun, pujine ngebeki bumi, saosike enengipun nora samar dadi puji, sembah pujine tan pedot. Dene ingkang pandita wiladi iku asareh wuwuse aris tan muruk sudi karyeku lakuning pandita supi, den antepi lair batos.”

“Wonten reke pandita salah ing ngelmu, wala hulam (wlohua’ alam), yen mati mengkono ing tekadipun besuk yen ingsun ngemasi mulih maring purwaningong. Maring Nukat ghaib pan pinangkanipun reremukan wujud dingin mati bali maring wujud. Iku pandita kasirik tan kena tinut wong bodho. Muridipun puniku dadi wong merdut. Pandita satengah malih orane Pangeran iku sapencare Nukat Ghaib jebule pasti nyatengong. Mbesuk Ingsun samengkone iya ingsun ngawal akhir misesani jagad kabeh. Ingsun tinut nora nana batal bitil, karam kerem mekrah mekruh. Lanang wadon nora nana waleripun, Allah nora marentah, gawe batal karam iku pan amung karsaning Nabi Rasulullah amakewuh. Panditeku dadi gujeng muridipun. Lan ana pandita malih tekade cahya tinunggu, mbesuk yen ingsun ngamsi atunggu cahya ing kono. Muridipun puniku dadi wong ngedul. Lan wonten pandita malih mbesuk yen ing patiningsun kawin lan Pangeran mami salekering wismaningong. Insun gawa kabeh aja na kang kantun. Mangkono kang panditeki sarupane muridipun iku dadi wong barjaki, tunggal lanang wadon kang wong. Wonten malih mangglingan ngelmunipun, patine ajebul malih, muride dadi wong kebur lawan wong ubeg,  puniki kabeh anggepe mangkono.”

“Wonten malih kang pandita ngelmunipun mbesuk yen ingsun ngemasi nampani sawarga agung widadari pitung keti, muride dadi wong ngegot. Pan puniku warnining wong salah ngelmu kang tan pantes tinut wuri, mungguh ing kapatenipun miwah ing ngurip samangkin kariya sak kang tan waspaos. Niniwasi ing wasana tanpa uwus, pangwasa tan misesani panuksmanireng pangestu ya ta ana salah malih ing tekad kawruh samengko. Satengahing pinandita ngelmunipun agogotan tan udani ing tarki lawan tanajul, muridipun den arani wong berwangkal lan berpugoh. Wonten malih wong pandita ngelmunipun panase den dalih Gusti, wus mengkono anggepipun  sarupane muridneki samya dadi tukang angob. Wonten malih kang pandita ngelmunipun sok mulya-a ing donyeki, pasti mulyeng akiripun, sarupane muridneki kabeh dadi wong pijangkoh. Wonten ingkang pandita durung satuhu kaselak pangakuneki toging ngendon wulangipun nyamut-nyamut, taksih tebih durung mantra-mantra gepok, maksih sarak kewala. Pralambangipun tuna bet kang samya amrih. Pandita mangkono iku umpamane muridneki wong ngimel mamah klasa moh. Wonten malih kang pendita ngelmunipun tekad batin den enggo lair para Nabi Rasul-Rasul miwah ingkang para wali kabeh samya pinaido. Tur kawetu ngakeh pamaidonipun, nora nana nabi Wali kuna-kuna Rasul-Rasul, pan iku muride dadi wong sumeca durung enjoh. Poma yayi estokna yen anggeguru, aliyane saking mami dene was wasananipun angele wong ngulah ngelmi yen kablender amalendo.”

Syeh Melaya denira umatur mring Jeng Sunan Gunungjati: “Sewu ing pamundi ulun, wrin rarancangan riricik, parabote amrih kawruh. Uninga lun mangkya kalilana matur lampahing para Nabi kang sampun kawartos wau. Nabi Musa Nabi Kilir dene teko sewu elok. Nabi Musa amengku sarengat agung tur ngiras dadi narpati. Nabi Kilir Nabi Rasul sarengat tan amengkoni, mung mungkul sareh ing lakon. Teka mawi Nabi Kilir kang linuhur asungsang buwana balik, asor angsaring ngaluhur kang luhur ngasor maladsih.”

Jeng Sunan ngandidka alon: “Ngelmu iku tan pasti neng janma luhur, tan pasti neng janma singgih, tan pasti neng janma sepuh. Ana nugraha pribadi terkadang ana wong anom.”

 

 

PUPUH XIII (Sinom)

“Kadang aneng sudra papa nora kena den gagapi tan kena kinayangapa papancenira pribadi yen rinilan ing Widdi, nadyan durung masanipun angulah kalepasan rarantame wus patitis angungkuli pangawikaning kukama. Kaya mau Nabi Musa kalwan Jeng Nabi Kilir kawruhe ing kasunyatan linuhurken Nabi Kilir marga wus angakoni akarem ing ora iku acegah nepsu hawa ing nala dumilah wening konang-ngonang kaanane kene kana. Mandar antuk kanugrahan panjenengan Nabi Kilir kinarya eb Nabi Ullah nartani nora ngemasi wus angenggoni Gaib lair batine kawengku, iku ujaring kitab. Embuh nyatane samangkin dene para wus kaleban ing prang jaman.”

Umatur sang seh Melaya: “Duh pukulun sang ngayogi, bilih makaten kang sabda ulun kapincut ing kapti kados Jeng Nabi Kilir kedah kesdu angguru, amba nuwun pitedah mangka dumunung ing pundi, nadyan tebih jangji kenging ingulatan. Saestu kawula ngkah lari-lari angulati numpal keli ngulandoro, ngreranggeh nugraha jati.”

Jeng Sunan ngandika ris: “Ujaring pawarta iku iya ing Bural Akbar, dumununge Nabi Kilir tanah Lutmat agaib panggonanira. Kaya nora kalampahan sira adreng anglelari, sasat ngupaya kumandang.”

Syeh Melaya matur aris: “Kenceng tyas ulun mangkin amung pangestu pukulun sageda kasembadan pinanggih Jeng Nabi Klir kalilana mangkat samangkin kewala.” Ngungun sakal miyarsa Jeng Sunan ing Gunungjati mring antepe Syeh Melaya winawas ing sambaing, liring dadya damar sejati. Wusana sewu jumurung lajeng ungkur-ungkuran. Jeng Suhunan Gunungjati mangu mulat angkate Sang Syeh Melaya. Kondur padalemanira Sang Syeh Melaya winarni lampahe alelancaran tan ana baya kaesti, amung nugraha jati inguger graning jajantung mangaler paranira prapteng pasisir Samawis  mangu mulat lirap-liraping samodra. Tan ana palwa katingal anuju kalaning ratri,  pakewed raosing driya dennirarsa numpal keli, kalanganing jaladri nanging mirang lamun wangsul nadyan datan kantenan telenge kang den ulati, mangsah mudya angeningaken wardaya.

Mepet gelaring hawa amung anyipta sawiji tanjane ingkang sinedya wonten parmaning Hyang Widdi sakala Nabi Kilir prapta aneng ngarsanipun. Apinda rare bajang ganda ngambar marbuk wangi duk mangeja lir pinda gebyaring kilat. Syeh Melaya tan Kumedep dennya umangsah semadi, Jeng Nabi Kilir ngandika: “Wudaren pardining budi aja tambuh sun iki jatine kang sira luru, Nabi Kilir ya ingwang ana paran amarsudi kudu temu lan jeneng ingsun samangkya.”

Syeh Melaya mudar asta gurawalan mangenjali alon wau aturira: “Sumangga karsa sang yogi saestu tuwan inggih tan kilap sasedya ulun.”

Nabi Kilir ngandika: “Bener atur ira iki, sadurunge sajarwa yekti Sun wikan. Sira kesdu puruita anenabet kaya mami. dumadya Gaib’Ullah, apa bisa anglakoni sumingkir ing ngasinggih.”

Syeh Melaya nembah matur: “Rehning sampun sinedya abot enteng den lampahi, janji antuk wewengan sih kawelasan dumateng jasat kawula, pinda sato saumpami angsala dedalan mulya.”

Jeng Nabi ngandika aris: “Ingsun darma njalari atas aneng kabegjanmu. Lah merema kewala sun tuduhken nggon kang ening supayane weruha ing panarima.”

Syeh Melaya tan lenggana, wau ta Jeng Nabi Kilir, sumebut saking panggenan pan kadya anampel wentis. Syeh Melaya tan kari tan adangu prapta sampun, ing nggen langkung ajembar lir ara-ara aradin, kinubeng ing samudra tanpa watesan. Wus kinen bukak paningal Syeh Melaya aningali panggenan kalangkung jembar myang samodra tanpa tepi, leng-leng rehning pangaksi, datan wrin elor myang kidul kulon kalawan wetan. Surya candra tan kaeksi penyanane dumunung jagag walikan.

Syeh Melaya matur nembah: “Pukulun sang maha yogi, kawula nyuwun atanya punika alam ing pundi, dene ta sarwa mamring lamat-lamat nyamut-nyamut nglangut tanpa watesan?”

Ngandika Jeng Nabi Kilir: “Kawruhanmu ya iku panggonan ingwang. Ora ana paran-paran mung asunya lawan luri, teka sira kapibrangta kaya raganingsun iki, apa kang den ulati ing kene sepen asamun.”

Umatur Syeh Melaya: “Makatena boten lirip, rehning sampun dados kekencengan kula sanadyan prapta ing pejah boten rumengkang pun patik.”

Jeng Nabi Kilir ngandika: “Sukur yen mantep ing kapti payo pada lumaris.” Sang Syeh Melaya jumurung lajeng mider lumampah tan adangu aningali cahya padang tri rupa andiwangkara, warna abang ireng jenar.

Syeh Melaya matur aris: “Punika cahya punapa?”

Ngandika jeng Nabi Kilir: “Pramana araneki. Upama aneng sireku endi kang den piliha?”

Syeh Melaya matur aris: “Langkung ajdrih yen boten saking pitedah.” Datan dangu katingalan cahya petak anelahi, parek lan cahya katiga.

Syeh Melaya matur malih: “Cahya punapa kari, perak lan cahya katelu?”

Jeng Nabi lon ngandika: “Mbok ana kang sira pilih?”

Syeh Melaya ature dahat tan arsa: “Yen tan kalawan pitedah?”

Ngandika Jeng Nabi Kilir: “Kabeh cahya iku tunggal, kacatur aneng sireki ya pada ananarik mamarah akarya, dudu kang rupa cahya abang atuduh napsu tan becik. Nganakaken penginan panas baranan. Ambuntone kaelingan ing kawaspadaning budi. Dene cahya kang akresna karyane ngubungi runtik, andedawa andadi ngadangi panggawe ayu. Dene kang cahya jenar naggulang cipta kang becik sayektine ngegungken panggawe rusak. Ingkang putih iku nyata mung suci tan ika iki, prawira ing karaharjan. Iku kang bisa nampani sasmita kang kalingling sajatining rupa iku anampani nugraha lestari pamoring kapti, nanging iku kinrubut napsu titiga. Yen kurang sabar santosa kena ginuling ing belis, kerut maring panasaran. Yen kuwat tan mindo kardi kasor dening kang putih. Katelu samya angratu luamah lan amarah, supiyah ginedong batin. Mutmainah jumeneng ratu utama.”

Kalegan raosing driya Syeh Malaya anganggepi tuduhing sang maha Yogya, marbudyeng ngrat Nabi Kilir nulya ngandika malih: “Eh Syeh Malaya sireku paran pangudinira endi kang sira antepi wahanane kang cahya patang prakara?”

Umatur sang Syeh Malaya: “Punapa sampun ngideki punika telenging paran teka kinen amimilih?”

Ngandika Nabi Kilir: “Sayekti puniku durung lagi aneng tresanda.”

Syeh Malaya matur malih: ”Sewu sisip yen anampik amiliya, mindak anggegadang lepat pan kawula sewu ajrih yen boten saking pitedah.”

Lajeng alelampah malih Syeh Melaya ningali urub siji angunguwung, wowolu kencarira, ana lir puputran gading weneh kadya wonten puputran mulyara. Dumeling abra markata.

Syeh Melaya matur aris: “Punika urub punapa, maya-maya angebati urub mung sawiji andarbeni cahya wolu?”

Nabi Kilir ngandika: “Pengarep urubing Budi, iya iku kang sajati wenang tunggal. Tegese saliring warna iya aneng sira kaki, tuwin isining pratala ginambar aneng ing diri jagad agung myang cilik tan ana prabedanipun, purwaning catur yogya lan cahya kapat pan sami iya dadi tanda uriping bawana. Tinimbangken aneng sira jagad agung jagad cilik, isen-isene tan beda kinarya wahana yekti, salwir rupa wus anis ngumpul mring rupa satuhu, kadya tawon gumana sawang putran mutyara di cahyanira kumilat tanpa wayangan.”

Syeh Malaya matur nembah: “Duh sang maha yogi suci, punapa inggih punika kang pinrih dipun ulati rupa ingkang sajati?”

Nabi Kilir ngandika rum: “Dudu kang sira sedya kang mumpuni ambeg jati nora kena kalamun winaspada-a. Tanpa rupa tanpa warna nanging bisa amanarni, tan gatra datan satmata tan dumunung nggen sawiji, dumunung neng rat narambahi ing dumadi kaanane yen dinumuk datan kena.”

Umatur sang Syeh Malaya: “Duh pukulun sang mahening, ulun nyuwun tuduh nyata dene dereng anggepoki nugraha kang sayekti.”

Nabi Kilir ngandika rum: “Eh kaki seh Melaya, ingsun papajar samangkin dene rencang pamucunge ing pangancam.”

 

 

PUPUH XIV (Pucung)

Kangjeng Nabi Kilir angandika arum: “Den wori pralambang umpamane rasa iki aneng loteng adi-adi punika. Pantesipun kang loteng umpamanipun kaya bumbu iwak winor lan iwakireki. Rasa iku ati suci ingkang nyata. Iya iku nur buah sajatinipun, ya iku duk ana sipat jamal araneki yen wus metu ingaranan Johar Awal. Di pase ku Johar achir aranipun, ingkang Johar Awal ingaku rasa sajati ingkang akhir sawujud ati uripnya. Johar iku duk wawujud rasa satu urip tunggal rasa tunggal johar awal singgih, johar achir sawujud ing uripira. Johar achir narima ing solahipun batin kang sinembah, miwah ta ingkang pinuji iya iku jatine Pangerranira. Iya iku pan nora loro tetelu,  iya iku nukat lan gaib ing nguni-uni, nukat gaib tan ana ing gantinira. Temenipun nukat pan jenengireku sawuse tumiba iku ingaranan napti, ngelmu iku sajatine panguripan. Naptu iku tinarik lan alipipun. Alip ingaranan jisim latip pan sayekti sajenenge ingaranan nananira. Naptu iku Johar awal aranipun ing sajenengira urip ingaranan sajati, sajatine ingaranan getih kang gesang. Getih urip ingaranan Rasul lulahu, ngalihe wa salam patemon rasa sejati, getih iya iku ingaranan sadat. Rasa jati rahsaning Dat sami wujud Jabrail Muhammad, lan Allah tunggal sajati, telu iku kapatipun lan angkara. Iya iku getih urip aranipun. Dene wong palastra tan ana getihireki, getih iku awor ilang lawan suksma. Suksma iku ilang anane kang wujud,  iya pada ana. Alip aran Rohilapi, rohilapi jisim latip jatinira. Aranipun jisim iku duk ing dangu. Alip ingaranan tanpa ngucap tan ningali, tan miyarsa tanpa tingal tanpa karsa. Iya iku kang Alip tibaning naptu, arane dadya na jinabaran Rohilapi-Rohilapi Dat Ullah tuwin kawawas. Rohilapi gegentining Dat satuhu, Alip iku uga aneng johar jabar jeri, pujinipun ran kalam birahi nama, birahine ingaranan Allah iku tan roro wujudnya sapa weruha yen dadi, yen weruha tan ngarani namanira. Sipatipun Jamal kang ngarani iku sipat jamal ingkang akon ngarani puniki, dene ingkang akon Allah angandika marang Rasul, yen tan ana sira iku ingsun nora nana, kang nebut Allah sayekti iya sira ingkang ngarani maring wang. Sira iku iya tunggal lawan ingsun ingsun iya sira, sira iku iya mami, iya iku tarbukaning rasaningwang. Ya sireku kang sawujud lawan ingsun, yen liyane sira lawan ingsun iku pasti nora nana kang ngarani araningwang.

Sira iku ing dunya ngakerat uwus amengku sadaya. Eh Syeh Malaya sireki dipun eling jabar jering Alif ika. Aja luput ing logat tan nangsubipun babaring kaanan aneng ing wujud ilapi, ilapate dan anggambuh ing wardaya.”

 

 

PUPUH XV (Gambuh)

“Mungguh ta takjinipun semuning Alip iku amengku budi jatining wicara, jroning budi nglairken birahinipun amicara, tunggal karo, kang ro tunggal sawujud lawan karone puniku dudu, iya iku budi johar araneki, iya budi iman iku. Alip Puniku sayektos tumiba maring naptu. Sajatine ingkang Alip iku sarwa ora, orane ingaken kadi, warnane kang asih iku. Alip puniku mangkono kaanane, satuhu kang johar awal sayektinipun, ingkang johar awal pan kaanan jati. Istinja junub puniku jabaning johar kinaot suganda lan warneku. Kang johar awal duk nguninipun iya iku tibaning neptum, sayekti urip tunggal jatinipun jroning johar awal kono.”

“Urip kalwan lampus ya sajroning awal iku, lah pagene sembahyang aneng donyaki liring ing donya puniku mangka purwaning dumados. Den kawangwang satuhu yen naptu gaib aneng sireku lan pagene sira ngadeg neng dunyeki sidakep kalwan mangu, marmane sidakep kang wong tunggal kaananipun, tunggal solah paribawanipun, wicarane tunggal pangucapireki. Wedar tangan nuli rukuk kasaru duk tibeng kono. Tumetese kang banyu, banyu kang suci wening umancur eningipun madi urip sakalir. Yen rukuk karasa iku iman saderah kinaot sasamine, puniku kaananing rasa. Mengko iku lah pagene asujud ana ing bumi, marmane sujud puniku panuksmaning cahya. Kaot ingkang cahya puniku ana paran ta sasmitanipun iya iku patemoning rupa jati. Rupa iku Dat satuhu, Dat ing Hyang Suksma kang elok. Dene ingkang rumuhun sadurunge bumi langitipun ingkang ana dingin pan ananireki ing dunya kerat sireku,  mangkono lire sayektos.”

“Nanging lamun wus weruh den awerit warananireku, ati ening enenge ingkang premati yen gebreh kuwur balawur, ati was waskitaning don. Awit basa puniku nora kena linair yen durung papan empan apan neng pasepen sepi, supaya wenganing kayun angganteng manteng gumatok. Wus kaki mung puniku tanggapan wahyuning Hyang Agung.”

Syeh Melaya tyasira padang nampani kanugrahan kang dumawuh sanalika: jleg : salin nggon. Bale kencana luhung mawa cahya adi angunguwung, sen isene jagad wus tan ana keksi papadang tumalawung.

Syeh Melaya matur alon: “Duh sang amaha wiku, bale punapa kang katon mancur dene wau sepa sepi suwung mamring tan wonten bale kadulu teka mangke angerobong rosing badan ulun. Nikmat manpangat ingkang tinemu, boten arip tan lesu datan angelih?”

Nabi Kilir ngadika rum: “Enggoning batin ing kono. Sajatine ya iku karaton kang nugraha linuhung, lamun katarima rinilan ing Widdi, nora sarana linuru. Iku sajatining kawruh. Yen janma kang wus putus tetes patitis terus rumasuk bisa ngrasuk angrasa kang den ranggoni, sangkan paran wus kawengku ngalih nggon boyong kadaton. Kang binoyong puniku yekti kadaton kang wus dumunung aneng sira karana jatining pati, kang mati iku napsu, suksmane murba maring don. Ing mula mulanipun beda lawan janma kang durung wruh, migeg-migeg begegeg tan duwe budi, melulu kasambah watu, wantere tan nganggo waton. Jedog ing jebulipun, upamane simbar aneng kayu bisa bali maring kaananing urip araket awowor sambu nging dadi ama kemawon. Ananing urip iku yen kalarap mbok kaliru. Surup surupane ginered marang ing belis, embuh-embuh kang binuru kadi kapaten ing sato.”

 

Syeh Malaya umatur: “Yen mkaten ing sabda pukulun ulun sampun tan nedya awangsul malih, pedah punapa donyeku amung susah lan rekaos. Kathah rubedanipun. beda-beda temah karya dudu, balik ngriki riribed tan anglabeti, nikmat manpangat tinemu, karaos-raos rumaos.”

 

Jeng Nabi ngandika rum: “Nora kena mangkono karsamu pan kasiku maring Hyang kang Murbeng pati, durung masakalanipun datan kena anggege nggon. Iku anyupet tuwuh, awit kenane sarana lampus, marma sira kena dumunung ing ngriki pratanda nampani wahyu, mbesuk bisa kaya ingong. Nanging tan kena mbanjur, sarehning sira iki wus weruh rasahning gaibing Hyang Maha Suci, wus mung samono puniku, pada andum karahayon.”

 

Ya ta sasampunipun Bale Kencana datan kadulu, bareng musna kalawan Jeng Nabi Kilir, Syeh Malaya apan sampun wanangsul alame kang nganggon.

————————————————————————————————————-

 

Seh Malaya ngungun deleg-deleg wonten tepining saganten. Wasana lajeng kondur, saha lajeng misuwur karan Sunan Kalijaga.

 

Kacariyos ing nalika Kanjeng Sunan Benang muruk dateng Sunan Kalijaga kasebut ing nginggil, sayid Ngalimukid, inggih punika saderekipun Jeng Sunan Ngampel sanes ibu, angajawi, njujug ing Ngampel wasana lajeng pinrenah wonten Majagung dening Sunan Ngampel. Wasana lajeng karan pangeran Majagung, nanging boten kalebet golonganing wali, namung kalebet wali nukba kemawon, tegesipun wali tututan (sambungan, wali anakan). Dene ingkang kapetang wali wali ing ing tanah Jawi punika, inggih punika ingkang sami sinebut sinuwun, tegesipun pupunden ekak, kadosta 1. Sunan Nganpel, 2. Sunan Gunungjati, 3. Sunan Ngudung, Sunan Giri ing Giri Gajah, 5. Sunan Makdum ing Benang 6. Sunan Ngalim ing Majagung, 7. Sunan Mahmut ing Drajat, 8 Sunan Kali, (Wali pamungkas). Wolu wau dipun wastani “Wali Sana” tegesipun “dununganing Wali”.

 

Dene ingkang kaetang wali nukba, ing tanah Jawi punika, kadosta 1. Sunan Tembayat, 2. Sunan Giri parapen, 2. Sunan Kudus, 4. Sultan Sah Ngalam Akbar, 5. Pangeran Wijil ing Kadilangu, 6. Pangeran Ngawongga, 7. Ki Gede Kenanga di Pengging; 8. Pangeran Konang; 9. Pangeran Cirebon; 10. Pangeran Karanggayam; 11. Ki Ageng Sela; 12. Pangeran Panggung; 13. Pangeran ing surapringga; 14. Kyai Juru Martani ing Giring; 15. Kyai Ageng Pamanahan; 16. Buyut Ngerang; 17. Ki Gede Wanasaba; 18. Panembahan Palembang; 19. Ki Buyut ing Banyubiru; 20. Ki geng Majasta; 21. Ki Ageng Gribig; 22. Ki Ageng ing Karotangan; 23. Ki Ageng Toyajene; Ki Ageng Toyareka; 25. Tuwin Pamungkasing Wali Raja, inggih punika Kangjeng Sultan Agung.

 

Kacariyos Kangjeng Sunan ing Girigajah kagungan murid saking Sitijenar, Nama Kasan Ngali Ansar, (Katelah nama Sitijenar) Gancaripun kados ing ngandap punika.

 

Mangkya mangsuli carita; uruting Walisana│ mulya geng karamatipun, Djeng Sunan ing Girigajah.

 

 

 

PUPUH XVI (Asmarandana)

Ageng paguronireki, sinuyudan pra ngulama, pan wonten sabat sawiyos, saking tanah Sitijenar nama San Ngaliansar, katelah dununganipun winastanan Seh Lemahbang. Ya Lemhabang lemah Kuning tan ana prabedanira. Syeh Lemah-bang salamine anunuwun dudunungan rahsaning ngelmu rasa, uger-ugering tumuwuh Jeng Suhunan Girigajah. Dereng lega ing panggalih wrin semune Steh Lemah-bang watek wus akeh sikire, marmane datan sinungan, mbok sak sok mbuwang sasab, ngilangken ling-aling agung tan anganggo masakala.

 

Tyasira dahat rudatin sira wau seh Lemah-Bang anuwun nuwun tan poleh, rumasa tuna ing gesang. dadya sedya nempuh byat namur amet momor sambu atindak karti sampeka. Duk samana Sunan Giri nuju ing ari Jumungah pan arsa mejang muride, Syeh Lemah-bang angrarepa “Duh pukulun Jeng Sunan, bilih kapareng saharyu ulun bela puruita?”

Ngandikan Jeng Sunan Giri: “Allah durung pasang yogya, amejanga dina kiye marang ing pamintanira.”

 

Wau ta Syeh Lemah-bang angrasa yen pinakewuh, buteng eru kabatinan. Lajeng kesah maring Jawi, locitanira ing driya. yen mengkono tanpa gawe, ngawat-awati wus lawas tiwas dan datanpa, tuwas met wasana pijer kawus rewa-rewa ingewanan. Mejang miji para kaji saben ing ari Jumungah tan kena manjing sraos, rumasa yen tan kinarsan becik sun cidranana tan ana durhakanipun mimikani pangawikan.

 

Syeh Lemhabang wus udani pangenan pamejangira, amatek aji sikire sanalika malih warna arupa dindang seta manggon ing panggenanipun pamejanging Jeng Sunan. Ciptane wus tan udani denira tingkah mangkana. Jeng Sunan Giri kedaton yekti datan kikilapan solahe Syeh Lemahbang.

 

Angandika Jeng Sinuwun mring sagung para sakabat: “Eh ta kawruhana sami, ingsun tan sida amejang, nora enak atiningwang, mbesuk ing Jumungah ngarsa sida pamejangingwang.”

 

Dadya bubaran pra kaum praptaning ari jumungah kadatengan para wli, sedya paguneman rahsa angumpulaken kawruh, sampun amanggih salaya dadining rembagira.

Sunan Giri aturipun: “Iinggih sumangga ing karsa, nanging ulun nuwun alim sedya amejang sekabat.” Sarehning sampun masane kang para wali sadaya jumungah ngayubagya Sunan Giri tedak gupuh maring pemjanganira, angumpulaken ngulami.

 

Wau ta sang seh Lemahbang datan kandeg panedyane, denyarsa metet sarahsa nulya mancala warna pan arupa cacing kalung senetan soring pratala. Tan ana janma udani, mung Jeng Sunan Girigajah kang wrin sasolah tingkahe, nanging tan den munasika, rehning wus jangjinira maringken nugraha agung marang sakabat taruna.

 

 

 

PUPUH XVII (Sinom)

“Eh ta padha kawruhana dununge kang Nukat Gaib, pan aputih warnanira, dene gedhene rininci mungguh ing jagad iki, tinandinga pirang ewu yuta alam tan timbang. Tegese kang nukat gaib apan saking gaibing kang kanyataan. Istingarah tan kajaba, istingarah tan umanjing. istingarah tan kawedal, tan kajro, istingarah ing sayekti luwih gaib, tan owah gingsir puniku langgeng tanpa karana, kang jumeneng ki rohani. Apa rupanira duk nalikeng dunya nora owah sebutira.”

 

“Cahya mancorong nelahi, lir emas binakar anyar, dene ta ingkang Rochani pan Muhammad sajati. Aja esak aja masgul, ananging kawruhana sahe tekad kang premati pan lilima prakara rubedanira. Ingakang dingin katon pisah, katon tunggal kaping kalih, kaping tri katon tan pisah, ping pat metu katon yekti, kaping limanireki, katon metokaken iku, lah padha den budiya sakabehe para murid, aja pegat nggenira musawaratan.”

 

“Yen darbe panemu sira samantakena mringmami, lah maneh kawruhana asma pipitu puniki. Allah ingkang rumiyin, ping ro wujud mokal iku, wujud ilapi trinya, kaping paten roh ilapi, kaping lima pan iya Akyan sabitah. Kaping nem Akyan Kajiyah, kaping pitune winarni pan Allah lawan Muhammad iku den budya sami.”

 

Matur kang para murid: “Pukulun saestunipun kajarwanana pisan kantenanipun nampeni boten beda dadining pambudinira.”

 

Jeng Sunan Giri ngandika: “Mungguh artine kang yekti, Allah pan jatining aran liring wujud mokal neggih. Pangeran kang sajati liring wujud Ilapi ku jatining warna rupa, dene aran Rohilapi sajatine iya urip kita. Denen ta Akyan Sabitah sajatining ana yekti, mungguh Akyan Kajriyah lire wayangan kang pasti. Allah Muhammad liring ya Allah Rasulullah, ing bedaning panunggal Allah sarira sayekti ing tegese sarira puniku rahsa. Iya sajrone kang rahsa iku mapan Dat ‘Ullahi,  Dat ‘Ullah lah Dat Rasul’Ullah karo pan dadi sawiji, artine kang sajati kang apurba langgeng. Insun purba jati wisesa, sajatining Nukat Gaib den pracaya tan liyan yekti punika.”

 

Pra sakabat duk miyarsi sabdane Jeng Sunan Giri, tanggap atampi nugraha mantep denira mumuji, wasana matur malih: “Duh pukulun Jeng Sinuwun, balik ingkang punika pan sampun tuwan logati, kang rumuyin rubeda gangsal prakara. Kawijangna babar pisan supados lajeng gumlinding, boten rendet angalendang, saged bunar suci wening.”

 

Ngandika Sunan giri: “Iku tan kena winuwus, kudu kanti nugraha temune sira pribadi mengko lagi durung kena kabuka-a. Pada anggiten priyangga, kasaru sampun byar enjing.”

 

Jeng Sunan ing Giripura kondur ing dalemireki. Bubaran para murid sowang-sowangan umantuk warnanen. Syeh Lemahbang neggih kang alaku sandi lajeng medal saking sajroning pratala. Wus awarna Syeh Lemahbang tamsil sarahsaning ngelmi. Yen Pangeran ingkang tanya yekti sajatining urip dadya sedya nandingi. Jumeneng paguron agung datan purun anuta maring Jeng Suhunan Giri mandar kedah amungsuh ing kabatinan. Murtat marang tekad praja, tan ajrih yen keneng sarik, katatangi driyanira denira boya antuk sih. Gya kesah saking Giri mantuk mring dunungipun tanah ing Sitijenar lajeng ngubalaken ngelmi. Kathah janma kacarjan apuruita maring sira Syeh Lemahbang, wijange tanpa riricik lan wus atinggal sembahyang. Rose kewala liniling meleng tanpa ling-aling. Wus dadya paguran agung misuwur kadibyannya denira talabul ngelmi wus tan beda lan sagung para Oliya.

 

Sangsaya kasusreng janma akeh kang amanjing murid ing praja-praja, myang desa, malah sakehing ngulami kayungyun ngayum sami. Kasoran kang wali wolu gunging paguranira pan anywungaken masjid, karya suda kang maring agama mulya. Santri kathah keh kabawah mring Lemhbang manjing murid. Ya ta sang Syeh Sitijenar sangsaya gung kang adasih, dadya iman pribadi mengku bawahipun paguroning ngelmu kak, kawentar prapteng nagari, lajeng karan sang pangeran Sitijenar.

 

Pan tedaking Majalengka kalawan darah ing Pengging, keh prapta apuruita mangulap kawruh sajati. Nenggih ki Ageng Tingkir kalwan Pangeran Panggung, Buyut Ngerang ing betah lawan Ki Ageng Pengging samya tunggil paguron mring Sitijenar. Ing lami-lami kawarta maring Jeng Suhunan Giri. Gya utusan tinimbalan, duta wus anandang weling, mangkat ngulama kalih datan kawarna ing ngenu, wus prapta ing Lemahbang, duta umarek mangarsih, wus kapanggih lan pangeran Sitijenar.

 

“Nandukken ing praptanira dinuteng Jeng Sunan Giri lamun mangkya tinimbalan sarernga salampah kami wit Jeng Sunan miyarsi yen paduka dados guru ambawa imam mulya, marma tuwan den timbali terang sagung kang para wali sadaya. Perlu amusawaratan cunduking masalah ngelmi, sageda nunggil serepan sampun wonten kang sak-serik nadyan mawi riricik. Apralambang pasang semu jwa nganti saling singan pangran Sitijenar angling: “Ingsun tinimbalan Sunan Girigajah? Apa tembunge maring wang?”

Ature duta kekalih: “Iinggih maksih Syeh Lemahbang.”

Pangran Sitijenar angling: “Matura Sunan Giri, Syeh Lemahbang yektinipun ing kene nora nana among Pangeran sajati.”

Langkung ngungun duta kalih duk miyarsa andikane Syeh Lemahbang, wasana umatur aris: “Kadospundi karsa ndika, teka makaten kang galih paran ingkang pamanggih.”

Pangeran ngandika arum: “Sira iku mung darma, aja nganggo memadoni, ingsun iki jatining Pangeran mulya.”

 

Duta kalih lajeng mesat, lungane datanpa pamit. Sapraptaning Girigajah marek ing Jeng Sunan Giri, duta matur wotsari: “Duh pukulun Jeng Sinuwun, amba sampun dinuta animbali Syeh Sitibrit, aturipun sengak datan kanti nalar.”

 

PUPUH XVIII (Kinanthi)

Makaten wiraosipun: “Eh sira duta kekalih, ingsun mengko tinimbalan ing ngarsa Jeng Sunan Giri, matura yen nora nana, kang ana Pangeran Jati. Sakala kawula rengu paran kang dados pamanggih. Dene angaken Pangeran ulun nunten den wangsuli, sira iku mung sadarma ngaturake ala becik.”

Wau sapamyarsanipun legeg Jeng Suhunan Giri, jajabang mawinga-winga dadya age den tedaki rinapu pra auliya: “Duh Sang ambeg wali mukmin, den sabar panggalihipun, inggih katonda rumiyin. Kakencengane ing tekad gampil pinanggih ing wingking yen sampun kantenan dosa kados boten bangkalahi.”

Leleh ing panggalihipun, myarsa sabdaning pra wali, Jeng Sunan ing Giri Gajah, duta kinen wangsul malih animbali Syeh Lemahbang.

Uujare: “Kinen nuruti jangji seba ngarsaningsun, ujanen ywa mindo kardi.”

Duta lajeng nembah mesat, sampun prapta ing Sitibrit panggih lawan Syeh Lemahbang, nandukken dennya tinuding mring Sunan Giri kedaton.

“Pangeran dipun timbali sarenga salampah kula.”

Pangran Sitijenar angling: “Mengko Pangeran tan ana, ingkang ana Syeh Sitibrit.”

Duta tan saleweng wuwus: “Sarehning sampun wineling inggih mangkya Syeh Lemahbang kang wonten dipun timbale.”

Nngandika Syeh Sitijenar: “Pangeran tan amarengi, awit Syeh Lemahbang iku Wajihing Pangeran Yati, nadyan sira ngaturana ing Pangeran kang Sajati lan Syeh Lemahbang ora  mangsa kalakon yekti.”

Duta ngungun lajeng matur: “Inggih kang dipun aturi Pangeran lan Syeh Lemahbang, rawuha dateng ing Giri, sageda musawaratan lan sagung para Wali.”

Pangran Sitijenar nurut, lajeng kering duta kalih praptane ing Girigajah. Pepekan kang para wali Pangeran ing Sitijenar anjujug Jeng Sunan Giri lajeng ingandikan arum: “Bageya Pangran kang prapti, rawuhe ing ngarsaningwang.”

Pangran Sitijenar angling: “Duh pukulun sama-sama, tumeka suka basuki.”

Jeng Sunan ngandika arum: “Marma sanak sun aturi kasok karoban ing warta yen andika teki-teki makiki nengkar ngelmu kak dadi paguron sabumi. Ngasoraken wali wolu, mandar bawa iman suci datan asuci Jumungah, saestu ngong anjurungi pira-pira sira bisa ngalim ngelem para wali.”

Pangran Sitijenar matur: “Nggen amba purun mbawani medar gaibing Pangeran awit Allah sipat asih, asih samaning tumitah, saben titah angragoni. Nganggowa ugering ngelmu kang abuntas den patitis sampun ngantos selang sebat mindak ambibingung piker, amet Ansar dadi sasar sarana kirang baresih. Pedah punapa mbibingung ngangelaken ulah ngelmi.”

Jeng Sunan Giri ngandika: “Bener kang kaya sireki, nanging luwih kaluputan wong wadeh ambuka wadi. Telenge bae pinulung, pulunge tanpa ling-ling, kurang waskita ing cipta. Lunturing ngelmu sajati sayekti kanti nugraha tan saben wong anampani.”

Pangran Sitijenar matur: “Paduka amindo kardi, ndadak amerangi tatal, tetelane ing dumadi, dadine saking nugraha, punapa mboten ngulami.”

Sunan Giri ngandika rum: “Yen kaya wuwusireki tan kena den nggo rarasan, yen gebreh amedar wadi Pangeran nora kuwasa, anane tanpa ling-aling. Endi kang ingaran luhur, endi kang ingaran gaib, endi kang ingaran purba, endi kang ingaran batin, endi kang ingaran baka, endi kang ingaran latip. Endi kang ingaran besus, endi kang ingaran birahi, yen baka babar balaka, bakal bubur tanpa bibit. Mangka Pangeran kang nyata nora kena den rasani, lan nora kena dinumuk  anane wahana gaib.”

Matur Pangran Sitijenar: “Sedya purun amabeni bantahan masalah rasa sinapih kang para wali. Duh sanak sakalihipun, ywa tansah aben prang sabil, prayogi kanyatakena wonten ing nggen kang asepi, sampun sepen sepi hawa sarahsa saged anunggil. Wonten kawekasanipun yen mukid yekti karadin.”

Jeng Sunan ing Girigajah wrin kedaping sambang liring sabdaning para uliya lajeng angandika aris: “Eh Syeh Lemahbang, sireku aja pijer amadoni, mbesuk ing ari Jumungah pada musawarat batin yekti katonda kang nyata lelere asmareng Ngelmi.”

 

 

PUPUH XIX (Asmarandana)

Syeh Lemahbang nayogyani, prapta ing ari Jumungah nuju Ramelan wulane marengi tanggal ping lima kumpul para Oliya, anedeng kalaning dalu, ngrakit papan kang prayoga. Sakathahing para wali samya paguneman rahsa, ing Girigajah enggone. Kang karsa musawaratan ing bab masalah tekad den waspada ing Hyang Agung wajib sami nyatakena. Kang samya angulah ngelmi, lamun bijaksaneng driya dadi wejang sayektine tan beda lan puruita. Mungguh rahsaning rasa, pralambanging pasang semu tan liya saking punika. Nadyan akeh kang wiwisik, wosing wasana wus ana mung kari met pratikele ing sawusira pepekan.

 

Kangjeng Sinuwun Benang ingkang miwiti karuhun lan Sinuwun Kalijaga, Sunan Carbon myang kang rayi, Pandanarang Syeh Lemahbang lan Suhunan Majagunge. Suhunan ing Banten lawan │ Suhunan Girigajah samya agunem ing ngelmu. Jenging masalah tekad. Jeng Sinuhun Ratugiri │ amiwiti angandika: “He sanak manira kabeh, pratingkahe wong makripat aja dadi parbutan dipun sami ngelmunipun padha peling-pelingan.”

 

Wong wowolu dadi siji, aja na wong kumalamar dipun rujuk ing karepe, den waspada ing Pangeran nenggih Sinuhun Benang ingkang miwiti karuhun amedar ing pangawikan. “Ing karsa manira iki Iman Tokid lan makripat weruh ing kasampurnane lamun maksiya makripat mapan durung sampurna dadi batal kawruhipun pan maksih rasa-rinasa.”

Sinuwun Benang ngukuhi: “Sampurnane wong makripat suwung ilang paningale tan ana kang katingalan, iya jenenge tingal mantep Pangeran kang Agung, kang anembah, kang sinembah, pan karsa manira iki. Sampurnane ing Pangeran kalimputan salawase tan ana ing solahira pan nora darbe seja wuta tuli bisu suwung, solah tingkah saking Allah.”

 

Sinuwun Benang anuli ngandikani wali samya: “Eh sanak manira kabeh, punika kekasih ngalam, yen mungguhing manira jenenging roh semunipun ingkang roh Nabi Mochamad, nora beda ing roh iki. Yen nedya mutabangatan tan beda ing panunggale, dadya paran karsa ndika matur wali sadaya, boten sanes kang winuwus sampun atut sabda tuwan. Pundi ingkang aran Nabi jenenging roh ing semunya, mapan iku kekasihe sadurunge dadi jagad, mapan jinaten tunggal den dadekaken karuhun kang minangka kanyatahan.”

 

Sinuwun Majagung nenggih amedar ing pangawikan: “Iing karsa manira dene Iman Tokid lan Makripat tan kocap ing ngakerat, mung pada samengko wujud. Ing ngakerat nora nana nyataning kawula Gusti iya kang muji kang nembah, apan mangkono lakune. Ing ngakerat nora nana, yen tan ana Imannya tan weruh jatining ngelmu, nora cukup dadi jalma.”

 

Jeng Sunan ing Gunungjati amedar: “Ing pangawikan jenenging makripat mengko awase maring Pangeran tan ana ingkang liyan, tan ana loro tetelu, Allah pan amung kang tunggal.”

Jeng Sunan Kalijaga ngling amedar: “Ing pangawikan den waspada ing mangkene, sampun nganggo kumalamar den awas ing Pangeran kadya paran awasipun. Pangeran pan nora rupa, nora arah nora warni, tan ana ing wujudira tanpa mangsa tanpa enggon. Sajatine nora nana lamun nora nana-a, dadi jagadipun suwung nora nana wujudira.”

 

Syeh Bentong samya melingi amedar: “Ing tekadira kang aran Allah jatine tan ana liyan kawula. Kang dadi kanyatahan nyata ing kawulanipun kang minangka katunggalan.”

Kangjeng Molana Machribi amedar: “Iing pangawikan kang aran Allah jatine Wajib’ulwujud kang ana.”

Syeh Lemahbang ngandika: “Aja na kakehan semu, iya ingsun iki Allah. Nyata ingsun kang sejati jujuluk Prabu Satmata tan ana liyan jatine. Ingkang aran bangsa Allah.”

Molana Machrib mojar: “Iku jisim aranipun.”

Syeh Lemahbang angandika: “Kawula amedar ngelmi angraosi katunggalan. Dene jisim sadangune mapan jisim nora nana, dene kang kawicara mapan sajatining ngelmu ami amiyak warana. Lan malih sadaya sami sampun wonten kumalamar, yekti tan ana bedane, salingsingan punapa dening sedya kawula. Ngukuhi jenenging ngelmu sakabehe iku padha.”

 

Kangjeng Syeh Molana Machrib sarwi mesem angandika: “Inggih leres ing semune, punika dede wicara lamun ta kapirsa-a dening wong ngakatah saru. Punika dede rarasan. Tuwan ucapna pribadi aja na wong amiyarsa anuksma ing ati dewe, punika ujar kekeran yen ta kena-a tuwan amalangi jenengingsun mbok sampun kadi mangkana.”

 

Neggih Jeng Sinuwun Giri amedar: “Ing pangandika pastining Allah jatine jujuluk Prabu Satmata sampun pancas wicara tan ana papadanipun. Anging Allah ingkang tunggal.” Ya ta sakathahing wali angestokaken sadaya mapan sami ing kawruhe, namung sira Syeh Lemahbang tan kena pinalangan cinegah wali sadarum, tan owah ing tekadira.

Angandika Syeh Sitibrit: “Pan sampun ujar manira dennya nututi kapriye dasare ingkang amedar pamejange maring wang, punika wuruking guru datan kenging ingowahan.”

Ameksa tan kena gingsir sinuwulan ing ngakathah tan kena owah tekade sampun ujar linakonan. Pan wus jangjining Suksma, Sunan Carbon ngandika rum: “Sampun ta tuwan, punika ujaring jangji yekti tinuduh ing kathah, nenggih sampun ing kukume wong ingkang angaku Allah.”

Ngadika Syeh Lemahbang: “Lah mara tuwan den gupuh sampun ngannge kaloreyan. Dasar kawula labuhi, ngulati pati punapa pan pati iku parenge, parenging sih kawimbuhan pan tansah kawisesa kang teka jatine suwung, ana kadim ana anyar. Ngulati punapa malih nora nana liyan-liyan, apan apes salawase anging Allah ingkang tunggal, ya jisim iya Allah. Tokid tegese puniku apan tunggal kajatennya.”

 

Sakathahing para wali pra samya mesem sadaya miyarsa ing pamuwuse kukuh tan kena ingampah, saya banjur micara amiyak waranipun nora nganggo sita-sita. Angaku jeneng pribadi andadra dadi rubeda, ngriribedi wekasane, nerang anenerak sarak, rembuge angaliga. Mawali pra wali wolu winulun kurang walaka. Lajeng abubaran sami, kang para wali sadaya kondur marang ing daleme. Mung Jeng Sunan Girigajah kang kawogan anglunas kang murang saraking ngelmu mumpung dereng ngantos lama. Jeng Sunan Giri nyagahi ing sirnane Syeh Lemahbang yen sampun prapteng mangsane. Adeging nata ing Demak, bedhahing Majalengka, sadaya samya jumurung, lajeng samya pakumpulan.

 

Sagunging kang para wali mrih bedahing Majalengka dene kang jinago-jago sira wau Raden Patah, Lembupeteng Madura lan sakulawarganipun. Kang wus samya tumut Islam. Jeng Sunan Ngampel mambengi mring para wali sadaya lawan putra sadayane. Rehning Prabu Brawiyaya among sasedyanira mring para wali sadarum pinardikaken kewala. Raden Patah matur aris: “Inggih nadyan makatena jer tan nunggil agamine pangangkah kula ing mangkya inggih sanuswa Jawa. Sampun ngantos owor sambu sageda nunggil agama.”

————————————————————————————————————-

Kacariyos Kangjeng Sunan Ngampel seda, kasarekaken ing sa eler masjid Ngampel. Dene ingkang nggantosi dados Imam Mulya inggih punika Sunan Ratugiri, kaliyan Sunan Benang. Sunan Ratugiri karsa jumeneng nata, inggih jujuluk Sunan Ratu, saha sampun sinuyudan ing ngakathah. Dene ingkang dados papatihipun inggih punika anakipun dipati Terung, ingkang wonten ing Tandes gantos nama Pangeran Palembang.

 

Sunan Benang sareng mireng pawartos manawi Sunan Giripura jumeneng Nata wau, panggalihipun boten sakeca. Wusana lanjeng tindak dateng ing Tandes, pinanggih kaliyan ingkang rama paman (Pangeran Patih ing Tandes ingkang mundut putra dateng Sunan Girigajah (-pura). Sunan Benang anetah dateng ingkang paman, dene Sunan Giripura jumeneng ratu ingkang sanes mestinipun, makaten: “Boten dipun elikaken.” Aturipun Sunan Benang wau kanthi pangundat-undat, makaten:

 

“Lamun saestu mangkono kula pan sewu ngamini jangji mantep rehning sedya nanging kang ulun calangi wonten daredah wingking. Kocapane langkung saru, wus aran Waliyollah ngulama bangsaning ngalim temah lali kalingan ing solah salah. Melik mbalela ing Nata, destun temen den arani, wiku-wikuning ngatigan, putih nyaba ing jro abrit. Yen sisip-sisip sembir damel pamurunging laku, lelakon kacugetan maring ingkang adarbe bumi, dados ndadra ngembeti daging awaras.”

———————————————————————————————————-

Dawuh wangsulipun Pangran Patih, inggih boten kirang-kirang anggenipun ambebolehi. Ananging sarehning Sunan Girigajah sapunika saweg jinurung ing Pengeran saha ageng mangunahipun, dados tanpa damel. Mila Sunan Benang kadhawuhan kapanggih kaliyan Sunan Girigajah piyambak, saha inggih sampun kalampahan kapanggih. Sunan Benang matur kaliyan ingkang raka, kadospundi nalar-nalaripun dene karsa jumeneng Nata punika. Di nalar-nalaripun dene karsa jumeneng Nata punika. Sunan Giri ngadika bilih anggenipun jumeneng Nata wau saking karsaning Allah. Sunan benang boten ngandel sarta nyuwun seksi ingkang nyata. Sunan Giri anyagahi. Sunan Benang lajeng dipun ayak dateng Mekah, anerangaken saksi wau lajeng dateng Ingkang Maha Suci, ngenengaken eneng, wonten ing Bet ‘Ullah. Sunan Benang nderek kemawon. Tindakipun lajeng mampir ing Malaka, sowan dateng ingkang eyang Syeh Molana Iskak. Ing ngriku Sunan Giri dipun dangu saha matur balaka. Wasana Syeh Molana dawuh supados kalih-kalihipun sami wangsul dateng tanah Jawi kemawon, boten susah mendet saksi dateng Mekah (Bet’Ullah), cekap piyambakipun kemawon ingkang ndadagi dados seksinipun Pangran (Molana Iskak). Wasana Molana Iskak lajeng angandika manawi anggenipun Sunan Giri jumeneng ratu wau, amung minangka sarat amrih rahayunipun ingkang bade anggentosi Nata ing wingking-wingking, tegesipun ingkang bade nggentosi jumeneng nata wau sampun ngantos katawis manawi anggentosi ratu kapir. Sunan Giri kaliyan Sunan Benang sami mituhu. Malah sunan Benang inggih lajeng nyuwun Idi jumeneng nata angembari ingkang raka (Sunan Giri). Seh Molana inggih amarengaken Sunan Giri kadhawuhan angratoni para ngulama. Sunan Benang kadhawuhan angratoni agami tuwin ngelmi. Sunan kakalih lajeng kondur Ngajawi dateng dalemipun piyambak-piyambak. Sunan benang lajeng jumeneng Nata ing Ngampel, sisilih asma Prabu Nyakrakusuma, paparab Ratu Wahdat.

 

Kacariyos ing tanah Majapahit pailan (musibah) ageng, kathah ingkang pejah. Sang Prabu lajeng utusan Kyai Bubak kalih Jenal Ngabidin, nyuwun sarat dateng Sunan Ratu Girigajah, nanging Jeng Sunan Giri mboten rena panggalihipun. Dhawuh pangandikanipun: manawi Prabu Majapahit sowan piyambak saha amasrahaken kaprabonipun, inggih karsa nyarati, awit sampun karsaning Pangeran, manawi kaprabon wau kedah sinerenaken (dateng Giri). Kyai Bubak lajeng enggal-enggal matur daten Sang Prabu Brawiyaya, punapa ingkang dipun pangandikakaken Sunan Giri wau. Dene Jenal Ngabidin taksih kantun wonten ing Giri, titindihipun nama Arya Leka. Arya Leka sakawit menang perangipun. Sunan Giri lajeng nyipta kalam dados keris, saha ngamuk punggung piyambak. Keris wau dipun wastani Kalamunyeng. Arya Leka kaplajeng matur sang Prabu Brawijaya. Keris Kalamunyeng cinipta dados kalam malih dening Jeng Sunan.

 

Kacariyos Prabu anom ing Palembang inggih punika putranipun Adipati Pecatonda, ingkang kala rumiyin kaangkat dados papatihipun Kanjeng Sunan Giri, sapunika dateng Tandes malih akanti wadya sawatawis. Kangjeng Sunan Giri midanget wartos saha lajeng tinimbalan. Ananging sang Prabu Anom semu mbalela. Atur wangsulanipun: “Inggih purun ugi sowan ing ngarsanipun Jeng Sunan, ananging nyuwun lenggah satata.”

 

Kangjeng Sunan Giri duka nanging sinamun, mila prabu Anom inggih dipun lilani satata lenggah saha tinimbalan tumunten. Cekakipun sampun kalampahan sowan, saha inggih satata lenggah kaliyan Kangjeng Sunan. Kangjeng Sunan Giri ing ngriku duka sanget. Prabu Anom dipun uwus-uwus. Prabu Anom androdog mboten mangsuli punapa-punapa, malah lajeng mlorod saking palenggahanipun, saha sumujud. Wasana Prabu Anom lajeng kapundut putra kaliyan Kangjeng Sunan, saha malah dipun tresnani sanget, kaanggep putra sepuh piyambak, saha kaparingan paparab Sang Prabu Anom Suradireya.

 

Prabu Anom matur kaliyan ingkang rama, nyagahi angrurah mumukul dateng para kapir, nanging Kanjeng Sunan Giri mboten nyondongi, amargi rumaos dede kuwajiban, saha dede warisipun. Dados ajrih sisikuning Pangeran. Prabu Anom nyuwun pamit mantuk dateng Palembang. Kangjeng Sunan inggih anjurungi, malah dipun paringi kanti Pecatonda (sesepuhipun ing Surawesti). Pecatonda wonten Palembang lajeng ginanyar tanah maospura tuwin Balitung. Ingkang makaten wau dipati Terung (Ramanipun Prabu Anom) inggih sampun midanget wartos, mila inggih sakalangkung karenan ing panggalih.

 

Kacariyos ing tanah Pati mbalela ing sarak agami malih. Kangjeng Sunan Giri lajeng utusan ki Pangsang, anyirep ananging ki Panangsan karoban tanding, lajeng keplajeng dateng Giri. Kangjeng Sunan lajeng dhawuh supados ing Pati kakendelaken rumiyin, awit ing wektu punika dereng mestinipun dumawah ing apesipun, mila mundak tanpa damel.

 

Kacariyos malih dipati Tuban kaliyan Daha, mbalela ing sarak ugi. Ki Panangsang lajeng dipun utus Sunan Giri anglurugi. Tiyang Tuban sarehning rumaos karoban tanding, boten purun nglawan malih dipati Tuban lajeng utusan dateng Giri ngatureaken panungkul. Sunan Giri kalangkung suka. Ki Panangsang lajeng kadawuhan wangsul, pinapag ing bujakrama, saha jinunjung Ariya. Mila lajeng nama Ariya Panangsang.

 

Kacariyos Sunan Giri Seda, ugi kasarekaken ing Giri. Saking karsanipun Jeng Sunan Benang, sasurudipun Kangjeng Sunan Giri, ingkang kakarsakaken anggentosi putra ingkang sepuh piyambak, asma Pangeran Dalem lajeng gantos asma nunggak semi: Sunan Giri kaping kalih.

 

Sang Prabu Brawijaya midanget wartos, manawi Sunan Giri sampun seda saha ingkang gumantos putranipun. Sang Prabu lajeng duka, dene rumaos dipun singkur kaliyan Sunan Giri kaping kalih, tandanipun ing runtek runtengipun Giri boten atas saking kauninganipun Sang Prabu, dados kaanggep tansaya kiyat pangramanipun. Mila lajeng dhawuh nglurugi. Ingkang dipun utus arya Gajah Pramada. Cekakipun Sunan Giri kaplajeng dateng gisiking saganten, kaliyan sakaluwarganipun, saha wonten sakabat nama Wanalapa keplajeng dateng wana Krendhawahana, lajeng dedekah wonteng ing ngriku. Sareng Giri sampun suwung, griya-griya lajeng dipun obongi dening Gajah Pramada, malah pasareyanipun Kangjeng Sunan Giri I kadhawuhan ndunduk, nanging mboten wonten ingkang saged, awit lajeng sami semaput.

 

Ing pasareyan ngriku wonten tiyang Giri kakalih satunggalipun ina, satunggalipun pincang. Tiyang kalih wau dipun peksa kaliyan Gajah Pramada, supados nduduk pasareyanipun Kanjeng Sunan. Sarehning tiyang wau ajrih manawi pinejahan, mila inggih nurut. Pandudukipun mboten wonten sangsayanipun. Sareng blabagipun sampun katingal, lajeng medal tawonipun awendran yutan saking pasareyan ngriku; tawon ngentupi saha mbujeng dateng tiyang Majapahit. Sadaya sami lumajeng dateng Majapahit, nanging tawon wau inggih nututi, malah Sang Prabu dalah putra santana sa-abdi pisan inggih dipun bujeng-bujeng dening tawon. Cekakipun Sang Prabu lajeng lolos dateng Wirasaba. Kadaton kasuwungaken.

 

Kacariyos Kangjeng Sunan Giri II, sareng Giri sampun tentrem lajeng kondur Naging sarehning griya-griya telas sami kobong, mila dhawuh ngusungi griya-griya saking Majapahit ingkang suwung. Cekakipun inggih kalampahan, Giri sampun reja malih. Sang Prabu Brawijaya sareng tawon sampun ical, inggih lajeng kondur angadaton. Paseban tuwin griya-griya sanesipun ingkang dipun usungi dateng dateng Giri dipun santuni. Ing ngriku inggih lajeng tata tentrem malih.

 

Para wali tuwin putra Majapahit, Prabu Jaranpanolih ing Sumenep, Sri Lembupeteng ing Madura, Dewa Kethut ing Bali, Batara Katong ing Panaraga sami pepakan wonten ing Bintara, rembagan badhe mbedah Majapahit. Ingkang dados pangajeng (Senapati) Kangjeng Sunan Benang. Dipati Bintara namung kangge narendra. Sang Prabu Bintara lajeng utusan mbekta serat dateng Dipati Terung. Caraka sampun mangkat. Sapengkeripun ingkang mbekta serat, para wali lajeng karsa yasa masjid, saha bubuh-bubuhan, Sunan Kalijaga kabubuhan saka satunggal, nanging dereng sadiya, mila Kangjeng sunan lajeng nglempakaken tatal sinabda lajeng dados saka. Cekakipun masjid sampun dados, nanging para wali sami kewran kuwatos manawi mboten cocok keblatipun kaliyan Kakbat’Ullah ing Mekah. Kangjeng Sunan Kali mbenggah astanipun ingkang satunggal ngasta Kakbat’Ullah Mekah, satunggalipun ngasta masjid enggal, lajeng kaleresaken keblatipun sampun leres. Para wali lajeng sami sembahyang. Sareng enjing, ing masjid ngriku wonten barang gumantung tanpa cantelan, lajeng dipun pendet kaliyan para wali. Sareng dipun buka, jebul wujud rasukan takwa, saha wonteng cirinipun, manawi rasukan wau kangge Kangjeng Sunan Kalijaga. Mila Kangjeng Sunan inggih sakalangkung sukur ing Pangeran. Sunan Benang dhawuh manawi rasukan wau tilas pasalatanipun Kangjeng Nabi Muhammad, nama Antakusuma, saha ingkang pantes gadhah inggih punika sinten ingkang dados ratunipun tanah Jawi.

 

Sunan Ngudung tinedah mucuki nglurug dateng Majapahit saha sampun sinadiyan bala, kempal ing Surabaya. Dipati Terung dipun rencang-rencangana sawetawis. Cekakipun Sunan Ngudung pangkat, mbeto kyai Antakusuma (Kyai Gondil). Prabu Braiwijaya sampun mireng manawi dipun lurugi, lajeng dawuh metukkaken dateng Patih Gajahmada. (red. Mungkin yang dimaksud Gajah Permana)

 

Kacariyos dipati Terung sampun anampani serat saking Kangjeng raka: bab badhe panggebagipun dateng Majapahit. Dipati Terung inggih anjurungi saha badhe amengani kori, namung tindakipun makaten badhe sinamun, supados boten ngatawisi. Aturipun dipati Terung ingkang makaten wau ndadosaken kiyat saha bingahipun Jeng Sunan Benang, mila inggih lajeng ambidhalaken bala saking Demak.

 

Dipati terung tampi dhawuh saking Prabu Brawijaya, kadhawuhan mapagaken mengsah, dipun kanthi ingkang putra pambajeng nama Prabu Anom Atmawiyaya, sampun sowan lajeng pangkat. Cekakipun: Kangjeng Sunan Ngudung lajeng perang ayun-ayunan kaliyan Dipati Terung. Kangjeng Sunan kalindih, lajeng seda, layon sinarekaken ing kilen masjid Demak. Dene ingkang mbanjarel dados tutungguling perang: Kangjeng Sunan Kudus, dipati Bintara sakadangipun inggih tumut dateng Surabaya. Ing ngriku lajeng sami tata-tata ngrampit Majapahit. Dipati Bintara sakanca pinrenah jagi pasisir ler. Kangjeng Sunan Benang tuwin para Uliya sisih kilen. Narendra Panaraga (Sri Bathara Katong) tuwin Prabu Dewa Ketut wonten sisih kidul. Sri Lembupeteng Madura tuwin Prabu Jaranpanolih wonten ing sisih wetan.

 

Sang Prabu Brawijaya dhawuh amepak bala para pinunjuling prang, sami dados pangajeng. Cekakipun lajeng kalampahan perang campuh. Dipati Bintara lajeng mbeber serban wasiyat saking Sinuwun Gunungjati, lajeng medal tikusipun awendran. Tiyang Majapahit lajeng sar-saran. Let sadinten lajeng ngedalaken keris Kalamunyeng, wasiat saking Giri. Saking ngriku lajeng medal tawon, ogi wendran, ngentupi dateng mengsah. Lajeng ngedalaken pethi ingkang saking Palembang, lajeng mungel jumegur kados baledeg, ngedalaken bayubraja, bumi dados gonjing. Kanjeng Sunan Benang lajeng ngedalaken ecis, saking ngriku lajeng medal gagaman, ugi wendran, saha ngamuk piyambak. Pethi saking Palembang wau lajeng medal lelembatipun anggigili, neluh tiyang Mayjpahit. Tiyang Majapahit sami kaplajeng. Sang Nata lajeng lolos dateng Panaraga. Wonten ing ngriku angirupi para tiyang ingkang celak ing ngriku, saha ngempalaken bala ingkang sami sar-saran.

 

Dipati Bintara sarembag kaliyan Prabu Panaraga, ngaturi serat saking rama, suraos dipun aturi kondur ngadaton, dipun aturi mukti dados pupunden. Samantara wau manawi karsa malik Agami. Manawi mboten, amung nyumanggakaken. Sang Prabu nampi seratipun dipati Bintara makaten wau, dukanipun saya sanget. Cekakipun lajeng kalampahan perang malih. Tiyang Majapahit karoban tanding. Sang Prabu kaplajeng, pisah kaliyan garwa putra, sami sar-saran, angungsi gesang piyambak-piyambak. Dipati Bintara terus angulad ingkang rama, wasana wonten ing margi kapethuk ingkang Ibu Putri Dwarawati, nedha gesang. Sang Putri lajeng binoyongan dateng Benang. Sang Prabu Brawiyaya kantun piyambakan, puteking galih tansah ngranuhi wasana lajeng ndelik dateng Redi Sawar. Ing ngriku akarsa ngukud jagad, lajeng seda saha mawa prabawa tidem angemu truh tuwin mawa cahya manter. Cahya wau dipun purugi dening dipati Bintara. Sareng uninga manawi ingkang rama seda, lajeng ngrungkebi asambat. Wasana lajeng kauningan Sunan Benang. Sang dipati dipun rerapu. Lajeng kadhawuhan nyarekaken dateng Demak, saha inggih kalampahan. Ingkang mikul layu wau: Kangjeng Sunan Benang kaliyan dipati Bintara piyambak. Pasareyanipun wonten ing Demak lajeng kangge pupunden.

 

Sasampunipun layon kasarekaken, para wali lajeng kempalan. Dipati Bintara kajumenengaken Nata Krayan Demak dipun elih nama Ngawitanipura. Nanging kangge sarat: Kangjeng Sunan Giri II kajumenengaken Nata rumiyin 40 dinten, perlunipun kangge nyelani ratu kapir kaliyan Islam. Sareng sampun tetep 40 dinten, Kangjeng Sunan Giri lengser kaprabon, lajeng dipun gantosi dipati Bintara, jujuluk Sultan Sah Ngalam Akbar Brawijaya Sir’Ullah Kalipatu Rasulullah Waha Amiril Mukminin, Tajuddin Ngabdul Kamitchan. Dene ingkang dipun dadosaken patih, putranipun: Ki Ageng Wanapala, nama Patimangkurat. Ingkang dados pangulu Kangjeng Sunan Benang. Dene para Wali sanesipun jumeneng pujangga. Kangjeng Wanapala dados yaksa pradata.

 

Kacariyos garwanipun Sang Prabu Brawijaya Dewi Erawati seda ngenes, saha lajeng kasarekaken ing dusun Karangkajenar dening para Wali.

 

Kacariyos malih Prabu Anom Atmawiyaya (Putra Brawiyaya) ambalela malih, kait kaliyan dipati Terung, lajeng dipun lurugi Sunan Kudus. Prabu Anom Atmadiwirya kaplajeng lajeng mandita wonten ing redi Lawu, santun jujuk Ki Ageng Gugur. Dene Dipati Pecatanda ing Terung lajeng nungkul, terus sowan dateng Bintara, dipun irid Kangjeng Sunan Kudus. Salajengipun katetepaken dados dipati wonten ing Terung, ugi amencaraken Agama Islam.

 

Anakipun Dipati Terung Ayu Linuwih kapundut ing Sang Prabu, lajeng kaganjaraken dateng Sunan Kudus, saha ugi sampun atut.

 

Kacariyis ki Ageng ing Sela. Ki Ageng Sela wau putranipun Seh Ngabdullah ing Getaspandawa. Ki Ageng Getaspandawa punika putranipun Lembupeteng ing Tarub. Dene Lembupeteng putranipun Sang Prabu Brawijaya, patutan saking Pandankuning. Dados Ki Ageng Sela saweg turunan ingkang kaping 4 kaliyan Sang Prabu Brawijaya. Kyai Ageng Sela saderekipun wonten kalih welas, kados ta:

 

1.Ki Ageng Ngadullah ing Tarub.

2.Ki Ageng Sela (Paneggak).

3.Nyai Ageng Amadanom ing Purna.

4.Medal priya lajeng seda, (saderek sanes ibu turun saking Sukawati).

5.Nyai Ageng Jayapanatas ing Kare (Idem).

6.Nyi Geng Wiradi (idem)

7.Nyai Ageng Sampudin ing Bongkang (Id)

8.Nyai Ageng Wangsaprana ing Bali (id)

9.Nyai Wirawangsa ing Bongkang (id).

10.Dereng nama (Seda timur ) (id).

11.Nyai Ageng Mukmin ing Ngadibaya (idem)

12.Naskah asli hanya menulis 11.

 

Saderek samanten wau sami ngayum dateng Ki Ageng Sela sadaya. Dene sambenipun Ki Ageng namung tani.

 

Anuju satunggaling dinten Ki Ageng Sela nyepeng tiyang nini-nini wonten sabin, lajeng katur Kangjeng Sultan Demak, sarta lajeng kinunjara. Boten dangu lajeng wonten tiyang nini-nini malih dateng pakunjaranipun nini-nini ingkang rumiyin, mbekta toya, wusana lajeng wonten suwanten jumegus, saha nini-nini kakalih wau sami musna. Wiwit punika Kyai Ageng Sela lajeng kawentar saged nyepeng gelap.

 

Kacariyos, wonten dalang saking Demak nama Kyai Bicak, bojonipun langkung ayu, dateng ambarang dateng Tarub. Bojonipun dalang wau dipun karsakaken kaliyan ki Ageng Sela. Kyai dalang dipun pejahi, dados prabotipun ngringgit, inggih lajeng dados kagunganipun ki Ageng Sela. Ki Ageng Sela kasengsem sanget dateng kempulipun, malah lajeng kasupen dateng tiyang estri wau. Kempul wau lajeng dipun nameni Kyai Bicak, malah lami-lami lajeng dipun astreni kaliyan Kangjeng Sunan Kalijaga, manawi bendhe wau dados pratandaning perang. Manawi dipun tabuh taksih ngangkang, punika pratanda badhe unggul perangipun. Dene sinten ingkang gadhah punika, benjing saturunipun badhe anurunaken ratu, ngereh tanah Jawi.

 

Kacariyos, putranipun Ki Ageng Sela wonten 14, inggih punika :

1.Nyai Ageng Lurungtengah ing Wanasaba,

2.Nyai Ageng Sungeb ing Wanasaba, lajeng pindah dateng Pakeringan, karan Nyi Ageng Pakeringan.

3.Nyi Ageng Mondalika ing Bangsri.

4.Nyai Nur Muhammad ing Jati (karan Nyai Ageng Jati).

5.Nyi Ageng Suleman ing Patanen (karan Nyi Ageng Patanen). Angka 1 -5 punika turun saking garwa sepuh, asli Wanasaba).

6.Priya seda timur.

7.Nyai Ageng Jakariya ing Pakis dadu.

8.Nyi Amatkahar ing Pakisdadu.

9.Nyi Ageng Mukibat ing Pakisaji.

10.Bagus : Anis, krama angsal ing Sela ugi

11.Estri seda timur.

12.Seda Timur

13.Seda Timur

14.Wuragil medal kakung nama Bagus Bayi, medal saking garwa enem kang saking Warung, sareng diwasa sisilih asma Kyai Ageng Pasuson.

 

 

PUPUH XX (Sinom)

Nian gantya kan winarna, wonten panjenengan wali alul ing ngelmu makripat sarana sarak den sirik kasukbireng wawangi. Anenggih Pangeran Panggung kadangira panenggak lan Sunan Ngudung ing nguni, atmajaning kalifah Kusen ing kina. Dadya paguroning kathah winuruk ngelmu sajati, tebih ing sembahyangira mung winulang salat Daim sembahyang jroning batin.

Keh samya mangsud ngguguru darbe ameng-amengan para kirik cilik-cilik pan kinarya sasmita anteping tekad, satunggal nama pun Iman, satunggal nama pun Tokid. Kakalih saged anjilma tan keneng sah sari-ari.

 

Sareng ing lami-lami saya kasusra misuwur, kapiyarsa saking Demak tinimbalan mring nagari Pangran Panggung wus amarek Sri Narendra, njujug kamar pamidikan kapareng ngarsa Sang Aji Jeng Sultan alon ngandika: “He kisanak paran kapti, dene kula miyarsa yen andika dados guru ngririsak rukun Islam, ngorakaken saraking Nabi. Llah jawaben paran ta anteping tekad.”

 

Tekadipun Pangeran Panggung:

“Kula dipun sulangena.” Pangeran Panggung duk miyarsi sabdaning Nata mangkana sumungkem umatur aris: “Ulun tadah ruruntuk, makaten saestunipun, inggih kauningana mila mbucal sarak Nabi, wit ki murid met jatining susurupan.”

 

“Patrape ing sangkan paran tajehing tanajultarki kang kocap dalem hidayat amung sajatining ngelmi mrih santosaning ati, nggayuh geyonganing kayun. Yen mbicara sarak saengga paksi sulindit. Tiwas polah salah pakolih ing nalar. Karananing solah salah pan sarak punika inggih dumunung sorah papalang jyatining ngelmi kang pundi marma yen pinarsudi cinundukaken ing ngelmu amanggung salawana prapteng jangji mbalenjani tan tuwajuh tyasira uwas sumelang. Wateking tyas sumelangan ancasing ka-anan jati, dadi ratuning rancana rubeda angriribedi embuh-embuh den rukti wedi lamun nemu dudu dedalaning delahan terlen anetepi jangji sadayanya pinuja mrih don asmara.”

 

 

PUPUH XXI (Asmarandana)

“Jagad sakurebing langit salumah ing bantala saisen-isene kabeh pan amung cinipta tunggal tan nganggo karoneyan lair batine kawengku mantep anetepi tekad. Gumilang tanpa ling-aling, pineleng telenging nala, teleng tan kena kalalen.”

 

Ngadika Sultan Bintara: “Kalamun makaten anteping tekad saestu kula nuwun cuculikan. Nenggih sarahsaning ngelmi caritane Kitab Kuran kang ewed rapal murade punika den pajarena tekeng rasane pisan. Punapa jumbuh ing kawruh, pangrasa krasa ing karsa.”

 

Pangran Panggung matur aris: “Duh Sultan, ing bab punika pan gampil minangka angel. Gampil yen sampun nugraha, angel yen tan kabuki. Ing pralambine ing ngelmu kang kangge ing kene kana, mung rasa. Maknaning ngelmi miwiti wruhing sarira, sapisan wruh ing ajale. Wekasan marang kamulyan, kapindo wruh sangkannya, ananira kang satuhu, anane pan saking ora-orane kang pasti dadi. Dadine kinarya tlada wujud mokal, pratandane minangka paesan wrana warananing dunya kang pasti Datira suwung. Sapisan pan nora nana, lan aja angaku yekti narimaha dene nora. Iku pakone kang gawe wong tinitah aneng dunya, mung siji pakewuhnya tan wenang darbe  karseku, mung ngarah rilahing Allah.”

“Den eling-eling sayekti, sakatahe kang tumitah mokal yen ana-a dewe, wujude kalawan Suksma, badan kalawan nyawa. Puniku warana agung sipat cahya roh lan jasad kang tan wruh tata kakalih. Puniku sanget cidranya amung sawiji kawruhe. Kaliwating sang utusan kawruhe isih bakal mokal den arani setu, uripe den aku Allah. Sampun ta urip puniki tan kena ingaku Allah, suksmaning urip ta mangke kupur yen ingaran Allah, kupur yen ngorakena suksma lawan uripipun tan antara lawan Allah.”

 

Sultan Demak duk miyarsi paturan ingkang mangkana pakewed angrusake, wasana alon ngandika: “Yen makaten kisanak, kula ngudi babaripun salat kang mungguhing badan dununge sawiji-wiji, cunduke lawan ngelmu khak, teka kathah ricikane.”

Pangran Panggung aris mojar: “Menggah wektuning salat cunduke ngelmu linuhung mangke tuwan piyarsakena. Salat luhur kang rumiyin, marmane patang rekangat duk sira dinadekake tangan suku papat pisan. Dene ta salat ngasar sakawan rekangatipun, inggih kadadehanira tangkep padha kalih pan talaga kalkaosar lawan gigirira karo gigir kering lawan kanan. Salat Mahrib punika ulun jarwa dunungipun, marmane tigang rekangat, elenging grana kakalih miwah ta elenging lesan, jangkep titiga, dununge ana. Dene Salat Ngisa, mila rekangat papat, ulun jarwa dunungipun inggih dumunung ing karna, kalih pisan bolongneki kalawan paningalira, jangkep papat rekangate. Dene Salat Subuh ika mila kalih rekangat, dadine badanireku kalawan nyawa rochayat. Ananing Sunat talwitri punika sunat mupangat, tan kena atinggal reka, kakalih rekangatira dadi kang winicara tukule alis punika. Alis kanan alis kiwa. Sunat rakaatawitri jayedun kadibunira, mangkyamba amayarake. Dene kang neptu lilima punika den waspadha kang ndarbeni. Salat wetu tan ndarbeni beda-beda.”

 

“Pan Shalat Subuh kang wajib, kang ndarbeni Nabi Adam. Duk kala tinurunake saking suwarga dimulya apisah lawan garwa, langkung susah galihipun. Dene tan ana rowangnya. Wonten parmaning Hyang Widi, Jabrail ngemban parentah dhawuh mring Jeng Nabi, ‘Reke padhuka tampi sihing Hyang ing mangke asalata rong rekangat salat Shubuh.’ Jeng Nabi matur: ‘Sandika.’ Pukul lima pajar sidik, Nabi Adam nulya salat kalih rekangat salate, uluk salam kering kanan, kang garwa aneng wuntat nauri salam ngalaikum. Kalih pareng rarangkulan. Karantam karuna sami. Jeng Nabi alon ngandika: ‘Nora kaya Ingsun kiye kapanggih kalawan sira, Dewi Kawa tur sembah, inggih karsaning Hyang Agung ulun panggih lan paduka.’”

 

“Salat Luhur kang ginupit, Jeng Nabi Ibrahim kina, duk kataman coba gedhe linebokken aneng tulang pan pininda kunarpa tampi dhawuhing Hyang Agung: ‘Jeng Nabi kinen asalat Luhur Arbangarakatin.’ Jeng Nabi Nulya asalat dahana sirep kemawon anadene. Salat Ngasar, Nabi Yunus kang karya. Kala Jeng Nabi merahu, baita inguntal mina. Jeng Nabi susah tan sipi aneng jroning weteng mina, wonten parmaning Hyang Manon. Jeng Nabi kinen asalat Ngasar patang rekangat, Jeng Nabi asalat gupuh kang mina tan kelar nyangga. Bubrah awake ngemasi, Jeng Nabi anulya luwar saking jro weteng minane. Salat Mahrib winicara kang ngadani ing kina panjenengan Nabi Enuh. Pan topan keleming Jagad, Jeng Nabi tobat tan sipi. Rumasa yen kaluputan gya tinari martubate, anulya kinen asalat Mahrib tigang rekangat. Wus Salat Jeng Nabi wau hernawa suh sirna gempang.”

 

“Salat Ngisa kang sayekti Nabi Musa ingkang karya. Duk kala asor yudane amungsuh raya arkiya para kaum sadaya, bingung tan wruh ing lor kidul, kulon wetan miwah ngarsa. Jeng Nabi susah tan sipi, anulya asalat kajat datan antara praptane Jibril ngemban parentah uluk salam angucap: ‘Jeng Nabi paduka iku dinawuhan salat Ngisa.’ Matur sandika Jeng Nabi, tumulya asalat ngisa. Pra kaum waluya kabeh, Jibril aturira: ‘Ingsun kang malesena marang sang pandita Balhum telas prakawising salat.”

Sultan Demak matur malih: “Inggih sampun katanggelan kawula nuwun artose menggah nganasir punika. Pinten kang pitedhahan?”

Umatur Pangeran Panggung: “Wijiling pajar sajarwa.”

 

 

 

PUPUH XXII (Mijil)

Nganasiring Gusti, Roh tuwin Kawula:

Pangran Panggung aturira aris: “Pukulun Sang Katong. bangsa nganasir catur kathahe. Ingkang dingin nganasiring Gusti wekasan winilis, kasampurnanipun Edat Sipat Asma Apngal yekti dununge rinaos, basa Edat wujudira angger, apadene wujuding kumelip tan ana ndarbeni mung Pangran kan Luhur. Ingkang gedhe miwah ingkang cilik pasanging pasemon, iku kagunganing Allah kabeh. Ananira nora darbe urip, mung Allah kang urip, kang tunggal pandulu. Dene basa sipat kang sayekti, rupane kang katon barang rupa gede myang cilice, saisining bumi lawan langit tan ana ndarbeni, mung Pangran kang Agung. Basa asma punika sayekti ananing dumados saisining bumi pan beda jenenge, inggih sadaya tan andarbeni mung Pangran kang luwih, kang darbe jujuluk. Tegesipun apngal puniki panggawe kang katon, sining bumi seje pakaryane, seje jeneng seje kang pakarti, kabeh tanpa osik mung Allah kang luhur.”

 

“Sampun telas anasiring Gusti gantya nganasir Roh, inggih sakawan ricikane wujud ngelmu Nur Suhud raneki, yen dereng mangarti wiji-wijinipun. Lwiring wujud sajatining ngurip, urip kang sayektos ingkang aran manungsa jatine yen wadona sejatining estri, pan ingkang ngalinggih Bandar ‘Ullah tuhu. Kaping kalih pan ingaran ngelmi, pangrawuhing batos, basa Enur punika tegese ingkang ingaran roh Ilapi cahya kang nelahi, kadya lintang wuluh. Dene basa asuhud puniki panedyaning batos den kaesti cengeng paningale. Dipun awas ing sajroning takbir nganasir roh enting den pracajeng kayun.”

 

“Nganasiring kawula winarni dipun amangertos, bumi geni angin lan banyune. Bumi punika dadining jisim, dahana pan dadi cahya kang umuncar. Angin dados napas, mijil manjing banyu getihnya wong, kapat samya molah ngosikake tarik tinarik kalawan Gaib. Telas bab nganasir dipun awas emut.”

 

Sultan Demak dahat sukeng galih, winarneng wawados awasana alon andikane: “Yen makaten kularsa ngyakteni tekad kang premati maring sang ngaulun.”

Pangran Panggung aturira aris: “Duh-duh Sang nga-katong, inggih lamun makaten karsane adhawuha arerakit geni, amba arsa besmi munggwing geni murub.”

Sultan Demak kalegan ing galih, parentah punang wong tan andangu wus miranti kabeh. Gunung kayu eduk lenga agni wus rinakit mungwing aneng alun-alun. Lawan anyuruhi para wali kang waspadeng wados, pra ngulama mukmin sabangsane wus apepak ander samya prapti. Sang Prabu ngawanti miyos ngalun-alun. Pangran Panggung kinanti ing kering wuri kirik karo Iman Tokid datan pisah nggene. Sultan ing Bintara abibisik: “Kinen anglekasi umanjing ing latu.”

 

Pangran Panggung lajeng nyadikani ngatag kirik karo cinetetan ana ing ngarsane, nenggih pun Iman lawan pun Tokid pan kinen umanjing sajeroning latu. Dyan umesat kang canela kalih, manjing agni karo sareng lawan kirik kakalihe, manjing dahana arda mawerdi aneng jroning api. Kirik lan caripu, awentala malah kirik kalih samya abuburon ngalor ngidul asuka solahe, wulunira salamba tan gigrig kalis aneng api.

 

Wus antaraning dangu, siningsotan kang kirik kakalih pan kadi inguwuh, gurawalan medal sakarone sarwi agem tarumpah ginigit, lir dabe pangerti tunduk munggeng ngayun. Ngaturaken kan trumpah kalih ingandikan alon: “Patrapena ing ngendi enggone sona kalih amatrapaken aglis ing palangkan adi kang punang caripu.”

Kang umiyat legeg tan kenangling leng-leng ngungun ndongong pratingkahe pan ngengeramake mangunahe teka mratandani. Sang Prabu Ngawanti angandika arum: “Duh ta paman sampun nyumerepi ing reh lampah elok nanging maksih kirang utamine. Lamun boten andika pribadi kang umanjing agni kirang antepipun. Dene amung asusulih kirik lan tarompah karo.”

 

Pangran Panggung alon ing ature: “Duh Jeng Sultan pan sampun kuwatir, manira pribadi kang umanjing latu.” Pangran Panggung saksana anyangking kamot asta karo ingkang tengen mangsi lawan epen. Ingkang kiwa dalancang sajilid dyan umanjing api. Jeng Pangran Panggung manteping tekad tan was kuwatir saprapatanireng jro, lajeng lenggah lawan angasta pen punang papan dalancang tinulis, sasmita inganggit pan dinapur suluk. Purwakannya sekar dhandhanggendis,  tanduking pasemon sariranya kang mangka talere sayektine mring Prabu Ngawanti, palimping pepeling lamating tyas limut. Suluk Malangsumirang wus dadi, mung sasekar pangkon, pitulikur pada saricike aprelambang sarasaning ngelmu pupuntoning budi tekad kang tuwajuh.

 

Teteladan carita ing nguni, uwosing cariyos Prabu Panji kang dadya totonden, duk maksihe Pangeran Dipati murca kesah anis namar momor sambu. Neng gegelang lumampah angringgit pan asandi wados dalang Yaruman ing paprabe, kang umiyat kasamaran sami ing mangkya rinicik sarkaraning kidung.

 

 

 

PUPUH XXIII (Dhandhanggulo)

  1. Malangsumirang amurang niti, anrang denira monggita, rariyan nom tan wruh dudone, anggelar ujar luput, manrang baya tan wrin ing westi, angucap tan wruh ing trap, kaduk andalurung, kaduk andalurung pangucape laya luya, ambalasar dahat amalang sengiti, tan kena winikalpa.
  2. Andaluya kang dadawan angling, datan patut lan uyaring sastra, amurang dadalan gede, ambawur tatar tutur, anut marga kang den simpangi, anasar ambalasar, amegati kukuncung, tan ana lampah den rewa, darma aji kewingking tan den rasani, liwuhan kaya wong edan.
  3. Idep adepe kadi rariya lit, tan angrasa dosa yen dinosan, tan angricik tan angrowe, wus datan etang etung, batal karam den eti-iti, wus manjing abirawa, liwung tanpa tutur, anganggge kawenang-wenang, wus kalabu alame wong kupur kapir, tan kena sinantaha
  4. Amurang sarak ujar sarehning, asawengah lan sabda pandita, asuwala lan wong ngakeh, winangsit adalurung, kedah anut marga tan yukti, mulane ambalasar, sawab sampun antuk, jatining igapuruita, karantene tan ana winalang ati, tan keneng pringgabaya.
  5. Pangucap wus tanpa kekering, tan ana bahyaning wong wikana, ing kajatene awake, tan ana bahyaning wruh, yekti aja tinari-tari, pan jatining sarira, tan loro tetelu, kadyangganing riringgitan, duk lungane Sang Panji ngumbara singgih, kesah saking Negara
  6. Aneng gegelang lumampah ngringgit, silih aran ki dalang Jaruman, amendem kulabasane, tan ana ingkang wruh, lamun Panji ingkang angringgit, baloloken ing rupa, pan jatine tan wruh, padha ngarani dadalang, dahat tan wruh yen iku putra ing Keling, kang aminda dadalang
  7. Adoh kadohan tingale pangling, aparek pan mangke kaparekan, tan wikan panji rupane, den sidep iku dudu, lamun reke panji angringgit, baloloken ing warna, sakeh kang andulu, lir wisnu kalawan Kresna, nora Wisnu nanging Kresna Dwarawati, kang mumpuni Negara.
  8. Wisesa Kresna jati siniwi, kang pinudjeng jagad pramudita, tan ana wruh ing polahe, mung Kresna jati Wisnu, kang amangih datan kapanggih, pan iya iku tunggal, ing kajatenipun, prakarane ana jagad, ametokken kawignyan Sang Wisnu Murti, nyata kang aran Kresna.
  9. Kathah wong karem dening kajatin, ciptaning wong durung puruita, den pisah-pisah jatine, den sengguh sanes wujud, lan jatine kang angulati, tan wruh kang ingulatan (Kirang empat padalingsa, bokmenawi ical)
  10. Brahalane den gendong den indit, malah kabotan maring dangdanan, tur durung wruh sajatine, ciptane tanpa guru, ngemunganken ujaring tulis, awimbuh jatining Hyang, den tutur anggalur, den turut kadya dadalan, sajatine dheweke nora kalingling, katungkul amimilang.
  11. Dosa geng alit kang den kawruhi, ujar kupur kapir kang den tulad, iku wong mentah kawruhe, sembahyange tan surut, puwasane den aji-aji, tan kena kaselanan, kalimput ing kukum, kang wus teka ing wisesa, sembah puji puwasa kang den inggati, muthung sangkan lan paran.
  12. Dosa gung alit tan den rasani, ujar kupur kapir tan den ulah, wus liwung pasikepane, tan andulu dinulu, tan angrasa tan angrasani, tan paran-pinaranan, wutane wong iku, pastine den sidep nora, nora idep den sengguh ana kakalih, kang amurba wisesa.
  13. Yen ingsun Nyipta kang kadyeki, angur matiya duk maksih jabang, tan angetang tan angame, kathah kawongan prelu, tata lapal kang den rasani, sembahyang den gugulang, puwasa tan surud, den sidep anelamena, sumbalinga awuwuhan murbayani, akeh dadi brahala.
  14. Pangrengeningsun duk rare alit, nora Islam dening wong sembahyang, tan Islam dening pangangge, tan Islam dening wektu, datan selam dening kulambi, tan selam dening tapa, ing pangrunguningsun, ewuh tegese wong Islam, datan selam dening anampik amilih, ing kalal klawan karam.
  15. Kang wruh tegese wong Islam iki, mulya wisesa jati kamulyan, sampurna tekan omahe, wulune anggelepung, brasta geseng tan ana kari, anggane aneng dunya, kadya adudunung, lir sang Panji Angumbara, sajatine wus manthuk Koripan malih, mulya Putreng Jenggala.
  16. Tembene manira manggih warti, warta anyar ambubar wicara, kawiled ujare mangke, tutur datan kawengku, baya kuna iku kinunci, dadya ingsun tan wikan, kagyat Sun Angrungu, mrih ilang angaji basa, salawase durung wruh tegesing Alip, dadya abukakrakan.
  17. Apadang kadi tampaning esih, esihe mangke panunggalira, awor pawor pan ing sihe, anggelarena tuwuh, sastra kabeh sampun kalingling, Nukat gaib pinangka, sastra kabeh iku, kang alip iku panutan, sastra kabeh kang Alip sastra kariyin, nukat pinangkanira.
  18. Alip iku pan badaning lapi, Nugrahane mangke jenengira, dudu Allah sakarone, Alip tibaning naptu, dene datan na momori, jeneng Alip ilapat, sadurunge iku, jagad dumadi wus ana, ingkang Alip dene kinarya gegenti, ananing wujud tunggal.
  19. Tunggal rasa tunggal wujudneki, tunggale mangke dinama-dama, tan ana ngaken polahe, Alip wujud kang agung, wujud mutlak kang Alip iki, iku jatining rasa, kadedere iku, kadeder iku lilima, ingkang Alip mata wayah niyat jati, Iman lawan sarengat.
  20. Jabare Allah mangke puniki, ejere pan maha mulya, pese ing kasucihane, nora na Allah iku, pan wusira Allah puniki, nora-a dudu Allah, Allah kabeh iku, lair batin iku sira, sastra kabeh gentining aksa Alip, Allah iku lah sira.
  21. Kariyin kadedering kang Alip, wiwitane mangke ing paningal, tingal kang nyata tinggale, paningaling Dat iku, paesane tunggaling jati, tumurun jatinira, cahya kang tumurun, mungguhing utek punika, ananira gumelaring jagad iki, cahya gumillang-gilang.
  22. Satus pitulikur dadineki, dadi tingal lawan pamiyarsa, napas pan tunggal dununge, napas kajatenipun, ingaranan panji puniki, panji wayanganing Dat, ing wuwus puniku, dateng sakathahing Iman, pan sakehe nebuta kaanan jati, Laila lailolah.
  23. Ana paksi mangku bumi langit, manuk iku endah ingaranan, saderah uripe mangke, uripe manuk iku, amimbuhi ing jagad iki, netranipun sakawan, warnane wowolu, akulit sarengat ika, getihipun tarekat puniku singgih, ototipun kakekat.
  24. Dagingipun makripat puniki, cucukipun sajatining sadat, eletan Tokid wastane, atinipun luk enun, pupusuhing Tembolo) Supiyah nenggih, emeperune katijah, jantung budinipun, acucuk emas punika, sungsumipun sakawan warnanireki, anyawa papat ika.
  25. Uninipun Jabrail puniki, socanipun ya isi sakawan, anetra wulan srengenge, napas nurani iku, grananipun tursina nenggih, angaus soring ngaras, kuping karo iku, wasta ing gunung Jabalkat, socanipun rahara tarwiyah singgih, ing gunung manik maya.
  26. Dada gigir lambung tengen iki, ingaranan macapat punika, angombe rabani mangke, awak Nabi Puniku, asuwiwi malekat iki, mencok ing Nabi Adam, kepala puniku, bagenda Ibrahim ika, utekipun betal makmur iku singgih, pujine nem prakara.
  27. Iya iku den kawikan kaki, manuk iku tutungganira, munggah ing Swargantareke, pilih kang wruh puniku, pan kinunci ing para Wali, manuk iku pan Suksma, tanpa warna iku, tutunggangane kang awas, manuk iku ya urip tan keneng pati, tekeng dunya ngakerat.
  28. Titi tamat panganggiting nguni, nenggih kang suluk malangsumirang, kawruh ananing kajaten, ya ta Pangeran Panggung, nulya medal saking ing geni, sarya mundi pustaka, pan sampun pinetuk, mring Sultan Sah Ngalam Akbar, lawan sagung para wali myang ngulami, gumuruh uluk salam.
  29. Sinauran salame pra sami, lan pra wali ajawab asta, atur pudJeng kaharjane, dennya manjing ing latu, teka tabek Nabi Ibrahim, suka sukuring Allah, Jeng Pangeran Panggung, ya ta Jeng Sultan Bintara, gurawalan nedya marek mangenjali, supe lamun Sri Nata .

 

 

 

PUPUH XXIV (Sinom)

Pangeran panggung semana, dahat denira mambengi, marang Jeng Sultan Bintara, dennya kedah mangenjali, jawaban asta kalih, samya arsa Jeng tyasipun, sadaya kang umulat, leng-leng ngungun tan kenangling, dene katon tingkah ing reh kaelokan.

 

Risampunira mangkana, pustaka kaatur sang aji, kang Suluk Malangsumiran, tinanggapan asta kalih, lawan dahat pinuji. Wau ta Pangeran Panggung, datan antara kesah saking ing Demak nagari alalana mesisir sakarsa karsa. Kirik kakalih tut wuntat, saparanira lalari, pun Tokid lan pun Iman, warnanen wau kang kari, Jeng Sultan ing Ngawanti, kesahe Pangeran Panggung, dahat pangunguning tyas, lan sanggyaning para Wali.

 

Tan uninga kesahe saking panggenan. Samya gegetun kalintang, dene mentar tanpa warti, tan anganti tata lenggah, lawan Jeng Sultan Ngawanti, amung atur kinteki, anggitan sajroning latu, ingkang kinarteng basa, rinakit sekar hartati, asasmita titining reh kasunyatan. Lan lare kang kalunyatan rinentes tutur angenting yena tan antuk utama. Kininditan anartani katartamtoning jati laksiteng sawarti putus, puntuning tyas abuntas, bontosing lair myang batin, jangji mantep netepi sarta prayitna.

Mangkana punang pustaka binuka sarahsaneki mring Jeng Sultan ing Bintara. Sangsaya ngungun tan sipi, tingkahira ing nguni kados rumaos kaduwung. Ing mangke kataliwang sinawung rahsaning kawi kawada-kawada wadining wacana. Kang ngaweca temah murca, paran dennya murcitani, ecane datan cancala, acela sawengah kapti, cacalanging abecik, oncate kang wus kabacut, cacatuning catokan, cakep kacakuping budi, pencarane gancare kang binicara.

 

Sanalika katarbuka pangawikaning kinteki, tinakeneken kang mardi kak, kukama ingkang makiki, pustaka gya winingkis winikanken para marchum kinen mupakatana pustaka kang sinung kawin, amrih karya langkas laksikaning kata.

 

Ya ta kang para Oliya nanggapi punang kinteki kang suluk Malangsumirang, ganti-ganti nupiksani, sarahsane ginigit, pralampitane ing ngelmu, raja putra Jenggala amurca saking nagari neng Gegelang laju anamur andalang. Aran ki dalang Jaruman tan ana wruh. Lamun Panji ingkang lagya angumbara, sinegguh dalang sajati. Tekaning don ing nguni mantuk maring purwanipun nenggih pureng Koripan purna waluya sajati, pan wus nyata yen raja putra Jenggala.

 

Duk samana tinarbuka keplasing rasa ginaib maring Jeng Suhunan Benang: “Eh kanca pralambang iki menggah gagapen mami, tansube kalawan ngelmu pupuntoning makrifat, neggih putra raden Panji ing Jenggala pralambang jaman kaanan. Awit adarbe paparab Panji Inu Kertapati. Jenggala darbe umpakan ing praja Jenggala manic, manik rahsaning mani, lire Pramana puniku ngembara minda dalang nggennya nggelaraken osik ajujuluk sira ki dalang Jaruman. Punika pralambanging Dat ija anane kang pasti, nanging tansah mawa wrana manggen ing Gegelang nguni. Prelambange ing ngurip sayekti Wajib Ulwujud langgeng tan kena owah, tan ana kang ngudaneni. Lire janma arang kang ngrasa kanggonan. Antuke marang Jenggala mring dalem Koripan, malih pralambange ing manusa urip tan kena ing pati, urip netepi urip. Nanging aya seling surup, tegese tetepira maring wijang kang sejati, lair batin satuhune iku tunggal. Iya Wisnu iya Kresna jatining kawula Gusti, kawulane pamayang gustine dalang sajati ngibarate puniki lir nyawa lan raganipun pasti tan kena pisah. Gumelaring lair batin nadyan panggulange golong nora gilang.”

 

Kendel wau Sunan Benang, denira amardikani Jeng Suhunan Giripura sumambung: “Dyan anglogati Islam ingkang sayekti, tegese ingkang dumunung tan saking samubarang lungguhe jatining eling kalal iku kalebu ing tegesira. Kang tan kalebdeng ku karam sanadyan ahli ngabekti lan nganggo cara ngulama, mangsa wektu rina wengi, mawa jubah kalambi, tapane dahat anggentur, yen sepen kaelingan keneng pambangusing eblis timah wida tan widada, dadinira. Sanadyan ahli sarak nganggowa walering Nabi acegah panggawe karam, mung kandeg ing aling-aling nora terus ing batin tan dumunung Islamipun marma arang andungkap, ing tegese Islam iki wose uwus kawawas wong kang waspada.”

 

Ya ta anambungi sabda Jeng Sunan ing Gunungjati: “Kang kocap Malangsumirang, paksi endah ingkang warni amangku bumi langit saderahing uripipun. Uripe kang kukila amimbuhi jagad iki netra catur wowolu ing warnanira. Akulit sarengat ika, getihe tarekat singgih, dene otote kakekat, makripat dagingireki cucuk sadat sajati. Tokid eled-ledipun luk enun atinira pupusuh supiyah nenggih amperune katijah jantung budinya. Acucuk emas punika sekawan sungsumireki anyawa papat kathahnya. Uninipun Jabrail soca sakawan isi netra srengenge sitangsu, napas nurani ika kang grana tursina nenggih pan angaub aneng sasore ing ngaras. Kuping karo ing Jabalkat, socanya tarwiyah nenggih ing gunung ran Manikmaya. Dada gigir kanan iki macapat araneki, rabbani pangombenipun, awak Nabi Punika suwiwi malekat iki pancikane aneng badan Nabi Adam. Kepala Ibrahim ika utek Betalmakmur. Singgih pujine enem prakara, mungguh pralambanging peksi iya pramana jati, sajati-jatining ngelmu, dene panggonanira aneng jagad sunya ruri, ngadam makdum alanggeng tanpa karana. Nanging ngurip punika sayektine nukat gaib, wardine basa mangkana kaole para musanip nenggih karaton batin, sawenehing para makmum ana negesi sotya, sotyaning wiji sejati kang saweneh jarwani wiji kang samar.”

 

“Mungguh basa tri prakara pan wus pada anggepoki poking papan kang pratela, mangsa borong ing pamikir. Kekeran iku ugi den arapet den aserung, rarasan kang karasa, rasakna rasikaning sih aywa tansah wor suh mung seng ngado ngesah.”

 

Kendel wau sabdanira Jeng Sunan ing Gunungjati, sadaya mangayubagya. Ya ta Sang Prabu Ngawanti, wusnya den pardikani eros sarahsaning suluk, sulek ing tyas nirmala, ngumala dumilah wening, manggung onang uninga kaananing kak.

 

Ri sampunira mangkana Sultan ing Bintara mangkin anebar kang wadya bala nenggih kinen amondongi saenggene kapangih Sang Guru Pangeran Panggung, katurana mring praja. Enggaling carita nguni, wus kapanggih prapta ing prajeng Bintara. Tinunggilken pra Oliya angimamana agami, mangka tutuwaning praja pinardika ulah ngelmi. Sinungan pancer sabin nenggih siti uyun-uyun pan sampun kalaksanan, sih nugrahaning Narpati.

 

Pangran Panggung tetep kawaleyanira Samana angalih aran Jeng Sunan Geseng wawangi. Mangka pepengetanira ing kamulyan saking agni ya ta kang para wali tan lami marsudi kawruh pan saking karsa Nata ambawa kidung kakawin, angingimpu caturing cariteng kuna. Amrih dumadi darsana rumesep dennya ngungudi, dadalaning kawidadan apan sampun den ayati ingkang ambuka anggit lalaguning tembang kidung. Jeng Sunan Giripura minangka rengganing kawin sinung nama kang tembang Asmarandana.

 

 

 

 

PUPUH XXV (Asmarandana)

Sadaya sami naidi, laju kabyawareng katah kinarya tembang lalagon. Nulya amurwa ruwiya para wali sadaya den urut pinatut tembung tinegran srat Walisana. Lan pawukon wurijeng nguni lepiyaning jaman buda maksih linestarekake, yen pawukon pananggalan dina lawan pasaran wuku sarta dewanipun pendangon lan paringkelan. Apadene Widadari sengkan turunan lilima, pancasuda panungale lawan petung pa-arasan akarsa winewahan sangkala Nabi pipitu sinung aran pana-asan.

 

Nenggih kinarya ngembari lawan etang pasangaran lawan wonten panganggite pesangatan kang lilima, anut jam-jaman dina minangka kembaranipun. Nenggih dewa ari panca cinundukaken ing nguni lawan kitab Nujum ramal. Nadyan beda saraose nanging sami darbe tanda, awon saening dina samya kinarya babaku, ngelmu wirasat dan piyafat.

 

Dene pawukoning bayi, wuku lawan dewanira apa dene kakayone lawan manukane pisan, candra pralambangira miwah pangapesanipun tuwin tulak paliyasan. Mumulya asaput prapti mawi winewahan donga mrih munpangat karahayon lan sarana mangka tulak condong ing pujidina.

Sawusira Jeng Sinuwun anganggit namaning warsa saking sastra bukaning wit amiturut basa Arab: Alip Ehe Jimawal Je Dal Be Wawu Jimakirnya, nganggit windu sakawan angrisak windu sapuluh ing kina windu sangkala. Umurnya sadasa warsi riningkes catur kewala, pan wolung warsa ngumure kinasaya watakira. Wahyaning masa kala geni bumi angin banyu ingkang samya winahanan.

 

Kang rumiyin windu Adi watake akeh dahana akarya bilai gede anulya windu Kuntara watak akeh maruta, pancawara angin riwut ingkang akarya sangsara. Windu Sangara kaping tri wateke amirah toya, ping pat windu Sancayane watake karya sangsara, oreg ruging bantala temah anuwuhaken lindu pan windu catur punika.

 

Kinarya patokan mangkin, pamuryaning pananggalan kinanten rolas sasine, kinarya kembaran masa. Kang rumiyin Mukaram Saparin ping kalihipun, ping tiga Rabingulawal, kaping pat Rabingulakir, kalima Jumadilawal, Jumadilakir ping neme, kaping pitunya Rajab, kaping wolu Sakban, Ramelan ping sanganipun, kaping sadasa Sawal, kaping sewelas kang sasi winastanan Dulkangidah, Dulkijah kaping rolase. Cunduke lawan dina wuku miwah pasaran pan samya sinungan kurup parenganing windu warsa.

 

Ing satusrongpuluh warsi umuring kurub satunggal nguni saking Sunan Ngampel asal saking tanah Arab. Awit kurup Kadiyah nenggih akat tegesipun petang patokaning dina. Gantine kang kurup malih amulya kurup Sabtiyah, dina Sabtu patokane. Gantinya malih Jumngiyah, lire kurup Jumungah papatokaning pangetung anulya kurup Kamsiyah. Ing tegese kurup Kamis papatokane ing dina gaganti Arbangiyah, awit Rebo ing pangetang malihnya Salasiyah. Salasa ing tegesipun awit angetang dina. Saline ing kurup malih nulya kurup Inesniyah, saking Senen pangetange. Jangkep kang kurup kasapta, risampuning mangkana malihing panganggitipun Jeng Suhunan Giripura.

 

PamiJen sandang rijeki lan panjang celaking yuswa, srat Pal Nabi pamirite lawan petang Sri Sadana, gineleng patang warsa. Aju undure ing petung keh kediking sandang pangan, kalawan anganggit malih etang tiberaning teja lindu banjir panunggale lan tiberaning grahana, candra kalawan surya. Sampuning panganggitipun lajeng kalimrahing kathah, sumebar dumadya anggit purwakan Asmarandana tinerusaken logade kasmarandana punika, lire karem dadana labet tarbukaning kalbu saking Hyang kang sipat murah.

 

Keplasing asmara kingkin, lambanging Asmarandana asma aran, ing tegese aran namaning Pangeran andana weweh lirnya, dadya tan pegat tur atur sembah puji mring Pangeran. Jeng Sunan enjange malih manganam-anam ing driya, nulya nganggit tembang Sinom, tegesing Sinom punika pradapa roning kamal, teruse ing tegesipun sinom pan enur punika sayekti cahyaning urip anom tan kena ing tuwa, kang pinujeng salawase alanggeng tanpa karana amimbuhi ing Jagad.

 

Nulya Suhunan Majagung nganggit tembang Maskumambang. Lire pralambang ngelmi ka-antepaning manusa, tekad kang maring pupunton lir gabus sileming toya, yekti tansah kumambang. Kang utama abegipun mas kinum tansah kumambang. Peteng dadya padang bangkit cekak bisa amamanyang kang awrat kinarya entheng, entheng sangsaya tan kawran angendem myang andudah sadaya sampun kawengku wewengkone kang ginelar.

 

Sunan Kalijaga nuli nganggit tembang Dandanggula angajap manis tegese, pralambanging Dandanggula sayekti pancadriya ati lilima punika sajati-jatining sipat. Pramana ingkang rumiyin nganakaken kabijaksanan pakarti ingkang kinaot. Kaping kalih munggwing karna nganakken kalepasan, kaping tigane ing irung nganakaken kasantosan, kaping cature ing lathi nganakaken kalaksanan, kalaksananing lalakon. Kaping limane ing boya paliwaraning karsa anganakaken puniku ing wisesaning panunggal.

 

Suwanya nuli anganggit suluk kidungan pujian pralambanging ngelmu jatos, lawan anganggit carita jamaning MaJalengka. Ki Sutakarsa kasebut Suta misik dusun Jombang, lan Jaka Sumantri Pengging timure Andayaningrat, ginancarken lalakone. Kalawan anganggit petang kikiyasaning dina dadya pralambang yen nuju janma ana kang kelangan. Lamun nuju Dite ari kalawan ing ari tumpak, yen kelangan tulus angles bali ta. Ing lamun Soma Anggara pada rowang Buda senetan puniku, yen Respati datan ilang. Sukra ngadang dalan yekti. Jangkep kang kasapta wara warah awon lawan sae, anulya Jeng Sunan Benang anganggit sekar Durma. Nenggih macan tegesipun pralambanging sekar Durma.

 

Pan Naptu kawan prakawis, kang dingin naptu Amarah, anenggih abang cahyane. Ping kalih naptu Luamah, ireng ing cahyanira, naptu supiyah tetelu andarbeni cahya jenar. Mutmainah cahya putih. Sasampunira mangkana nulya anganggit cariyos jaman prajeng Majalengka lampahan Damarwulan, praptaning antuk Ratuayu dumugi antuk kamuksan.

 

 

 

PUPUH XXVI (Gambuh)

Paparenganing catur Sunan Muryapadha nganggit Pankur, lire buntut keplase pralambang ngelmi, nenggih punika pangukut pambirating manah awon. Kanepson dunungipun munggwinganeng wisesaning kayun. Sunan Giri parapen tumut anganggit, pan punika kadangipun Jeng Sunan Giri Kedaton. Nganggit sekar Megatruh, tegesipun pan anerang jawuh keplasipun ing jarwa terus ing ngelmi, amegat eroh puniku pangracuting alam katon, mrih ening dunungipun aneng ka-ananing enengipun. Parenganya yen Suhunan Gunungjati pan anganggit sekar Pucung wit kluwak artining raos. Lawan pangraos iku yekti mangka pupucuking kayun, panunggale kawula kalawan Gusti asipat kalawan wujud winawas saking waspaos. ing kaprasidanipun sidining driya kang amrih sadu awidada panduk padoning dumadi kawaspadan tan kadaut dyatmika tekaning maot.

 

Sawusnya Jeng Sinuwun ing Gunungjati gupiteng kidung, jamanira prajeng Pajajaran nguni ing ngurut lulurinipun salahsilah ing karaton. Awit jumenengipun Sri Maesa Tandreman ing dangu praptanira adege ing Majaphit. Jeng Sunan Geseng winuwus anganggit tembang pamiyos. Medal ing tegesipun den murade terusing ngelmu, basa mijil sayektinira tajali, apan manusa puniku sawahanane sawiyos. Wiyos sayekti wektu, wektu ka-ananing urip iku, urip iku jatining wiji sajati den awas wasananipun tartamtuning kang pupunton.

 

Sawusnya Jeng Sinuwun nulya nganggit cariyos winangun paparengan jaman prajeng Majapait Jaka Sujanma ing dangu suteng Brawiyaya Katong. Dadapan dukuhipun, wusing mangkana tembang sadarum pan kinarya rerenggan kidung kakawin, sinungan aran puniku tembang macapat lalagon.

 

Parenca, tegesipun warna-warna seje etungipun, temah lajeng sumebar dumadya anggit, sawenehing para markum nenggih tan darbeni kaol. Macapat, tegesipun ugi petikan pan etung catur,  ingkang dihin ngraras saking sekar kawi. Sekar ageng, tegesipun kasing slisir kang kapindho. Tengahan kaping telu, kaping pate macapat puniku, yekti kena ingaranan tembang cilik nenggih wonten kaulipun saking pandita kinaot. Tembung macapat mau apan kaliru ing sastranipun, ing benere mancarpat artinireki manca lilima puniku. Arpat tegese sumaos lawan sekawan iku dadi siwakaning limang tembung keng den adu ngedongken pinda gending, dingin lagnyana puniku ulu ingkang kaping pindho. Suku kang kaping telu, dene kaping pate iku terung, kaping lima talingan samya ndarbeni dirga antaraning tembung panengeraning lalagon.

 

Nulya wali sadarum pan angangit pangkataning ngelmu, beda-beda dadining delahan nunggil kanumpulken ing kawruh susurupan kang kinaot. Sunan Giri rumuhun ananing Dat gegelaranipun. Susunan ing Tandes anggelarken ngelmi nenggih ing pambukanipun tata Malige rinaos. Susuhunan ing Majagung ka-aning Dat wejanganipun Sunan Benang anggelaraken ing ngelmi nenggih ing pambukanipun tata malige rinaos.

 

Ing dalem Betalmakmur Sunan Muryapada wejangipun pambukane tata malige ing nguni. Dalem Betal Mukaramu kuneng malih winiraos. Anenggih Jeng Sinuwun Kalinyamat weweyanganipun pembukaning tata malige sejati. Betal Mukadas jronipun Jeng Suhunan ing Cirebon, weyanganipun ngelmu ing panetep kasantosanipun Iman Kangjeng Suhunan Kajenar nguni nenggih gegelaranipun sasahidaning dumados.

 

Kalih pangkat winuwus wonten wejangan gelaran ngelmu pan wowolu panjenengan para Wali ingkang ginita rumuhun nenggih tarbukaning sinom.

 

 

 

PUPUH XXVII (Sinom)

Babaran pangiketira nenggih Jeng Suhunan Giri Parapen wejanganira jatining raos wiwisik ananing Dat tajali. Kang alanggeng wujudipun sinasmiteng pralambang. Jeng Suhunan Ngatasangin pan amejang gelaran ka-ananing Dat, Jeng Sunan ing Kalijaga wewejanganira ngelmi tata malige Punika.

 

Iing dalem Betalmakmuri lan ambabar riricik parabotira sadarum patrap jenenging Edat nanging dereng den rarakit patrap pratikele ing satunggal-tunggal. Dene Jeng Sunan Tembayat kalayan Jeng Sunan Kali miridaken kang wejangan anata malige jati.

 

Ing Betal mukarami Sunan Padusan nggelar kawruh tata maligenira, ndalem Betalmukadasi Jeng Suhunan Kudus wewejanganira.

 

Tetep santosaning Iman Jeng Sunan Geseng inguni nggelaraken sasahidan panganggiting para wali eros rahsaning ngelmi anunggil suraosipun karana ngelminira. Wiwiridannya anunggil sami saking Jeng Suhunan Ngampel denta. Kumpule kang susurupan gineleng dadya sawirid wiji wijanging weyangan jinejer sajroning tulis. Dene kang den calangi cancalane anak putu yen tan dadya mukmin kas mbok tibeng kawula langip, pan minangka pikukuh karkating tekad.

 

Ri sampuning kalampahan panganggiting para wali, karsaning Sultan Bintara kang samya ulah agami sinung wawasan sami saking Kuran nukilipun amrih angestikena kamulyaning para Nabi dadi sidik sidaning ngudi ngibadah. Kang kocap layang Ambiya pan ayating Kangjeng Nabi kang sinungan Hidayat ilham rinilan akardi kitab watoning tulis. Panjenengan Nabi wolu rumuhun Nabi Adam katarbuka saking gaib pan akarya kitab kathahe sadhasa

 

Nabi Esis kan akarya, waton kitab seket iji. Nabi Edris pan akarya kitab kehe tigang desi, dene Nabi Ibrahim akarya kitab sapuluh. Pan Kangjeng Nabi Musa mung karya kitab sawiji. Kitab Toret paneteging kasantosan. Nabi Dawud pan akarya kitab Jabur mung sawiji, dene Kangjeng Nabi Ngisa pan akarya kitab Injil gegelengan sawiji. Dene Kangjeng Nabi Rasul Muchammad karya Kuran myang kitab gunggungireki, pan ingetang cacah satus kawandasa. Denen Nabi kang sinungan wahyu Nurbuwating Widi kang samya mengku sarengat katrahan Malekad. Nabi pan amung den winarni. Nabi Adam kang rumuhun nenggih kaping sawelas, Nabi Musa kaping kalih katurunan Malekad ping kawandasa. Nabi Nuh kang kaping tiga katurunan limang desi, dene ping pat Nabi Ngisa kaping rowelas nuruni. Kangjeng Nabi Ibrahim kaping sawidak anunurun ping nem Nabi Muchammad, ping rong leksa den turuni pan kinarya beda budhi kang utami.

 

Dene ta sarengatira ing Nabi sawiji-wiji, sarengat Nabi Adam ngalalken salaki-rabi lan sadulur pribadi. Sarengate Jeng Nabi Nuh angalalken amangan ing kirik gemelo kaki, Nabi Brahim ngalalken inuman keras. Sarengati Nabi Musa dosa pati den pateni, sareate Nabi Ngisa kukum pati nora mati. Jeng Nabi Mochammadin mustapa ingkang rinasul, winenang rabi papat.

 

Dene panjenengan Nabi ingkang sinung mengku ing Nur Buat lan mengku wahyu kukummah katiga kocap ing tafsir, ingkang dingin Nabi Adam, Nabi Musa kaping kalih, Nabi Rasul kaping tri. Nabi kang umadeg ratu nenem kathahira, kang tampi hidayat jati lan amengku wahyu kukumah titiga. Nabi Yusup purwanira, Jeng Nabi Dawud ping kalih, ping tiga Nabi Suleman.

 

Nabi kang madeg narpati, Nabi Adam rumiyin Malebari prajanipun kalebet tanah arab. Nabi Yusup nagri Mesir pan Jeng Nabi Muchammad nagri Madinah. Nabi kang mengku agama pan nenem kathahireki. Ingkang dingin Nabi Adam, Nabi Nuh kang kaping kalih, ping tiga Nabi Brahim, Nabi Musa kaping catur, ping lima Nabi Ngisa, kaping nem pang Kangjeng Nabi kita ingkang Rinasul nayakaningrat.

 

Kang binuka karya Kur’an mangka pemuting dumadi pan pinara tigang dasa ejus surate rininci. Kur’an kathahireki, satus patbelas babipun, dene sirahing surat ing Kur’an tanjul ngarasi apan kehe pan iya satus nembelas. Atining surating Kur’an satus rowelas kehneki, dene ta ayating Kur’an nem ewu rong atus nenggih punjul pitulas iji. Kalimahe Kur;anipun kathahe telung lekso nem ewu rong atus luwih pan sadasa lan pitu sirahing Kur’an. Arane surat  Patekah sirahing patekah nenggih dumunung aneng Bismillah, sirahing Bismillah Alip, Alip nokat kang dadi. Sakehing leksara iku kang aneng jroning Kur’an kasebut Nur Muchammadin wiwijange sawiji-wiji den uyat.

 

 

Alip tamsur jenengira aneng kitab Toret dadi Erabe, ing kur’an Jabar tuduh Muchammadiyati loro aksara Alip. Istibah jujulukipun jenenge aneng kitab Injil irabe pan dadi Kur’an dadi jer tuduh Johar Muchammad.

 

Ping tri Alip aranira pan mutakalimunwakid, kitab Jabur jenengira Erabing Kur’an pan dadi epes tuduhireki aneggih jumenengipun Kangjeng Nabi Muchammmad kapat arane kang Alip pan kurupul luwakit ing jenengira.

 

Aneng Kitab Ambiya erabe ing Kur’an dadi tanwin sayekti atedah Muchammad Adan Sarpin sirahing sastra Alip. Adege ing Iman iku naptu Gaib Sirullah, ya Allah Rasulullahi kawuwusan pan tatakraning Tatakrama Kur’an.

 

Kang rumuhun iku Kir’at kaping pindo aran Jais Matlajim kang kaping tiga Emat, kaping patireki jaka ping limaneki, Hartartil ping enemipun, Matpupasil ping sapta, kaping wolu Matmutamsil, ingkang kaping sanga aran Billagonah. Mangagonah ping sadasa, Ilham sawelasireki, kaping rowelase ilhar, ping triwelas ikhhar, nenggih patbelas Eklap malih, kaping gangsalwelasipun Ilpa, kaping nembelas ikpa, pitulase mangkin pan itikla, dene kang kaping wolulas pan ingaranan Kalkalah.

 

Kabeh iku den arani bangsane ing tata swara gantya leksara winilis ingkang aneng ing diri pinardika wardinipun dunungnya sowang-sowang kang rumuhun aksara lip pan punika murwani jeneng ing Iman. Lungguhing sasoring grana munggwing saluhuring lathi, kabeh kang anandang Iman sayekti mangkono sami. Kewan sabangsaneki miwah buburu sawegung tan ana kang sinungan marma micara tan bangkit sayektine muhung aneng ing manungsa.

 

Mungguh tegesing manusa kaoling para utami murade awarna-warna. Yen Sunan Ngampel ing nguni denira anjarwani basa manusa puniku pinilah kalih pangkat. Man tegese linuwih, dene tambung Nusa jinarwanan jagad. Keplase ing kumpulira kaluwihaning ing bumi apadene tapel Adam manusa asale bumi. Yen Sunan Ngatasangin basa manusa puniku sanadyan kalih kalpa sanes tarkaning nguni, manu iku mani pan satunggal. Keplase rasane pisan pan cahya ingkang pinuji, pinuji miyeni jagad tan pae lan Muchammad, murade iku sami. Manusa panutanipun  yekti Nabi Muchammad, terus lan duk maksih gaib purwaning roh pan saking enur Muchammad.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Isbating Alip punika wenang lair lawan batin. Aaksara ebe (bak), winarna lambe wiwitan kang wardi, lambe ngisor lirneki marmane ingaran iku iya lambe wiwitan, dene  mosikaken uni mila wani wedare ing pangandika.

 

Aksara ete (tak) punika mungguh talesihing wardi pan iya ilat wekasan. Kulure marang ing sentil marma acecek kalih marga, rong prakara iku sawiji mring tetedan samubarang kang binukti, kaping pindo inuman basaning toya.

 

Aksara ese (sak) punika mufakating para mukmin, tegese rahsa ganjaran dumunung tigang prakawis, asalira ing diri yekti saking betalmakmur lawan betalmukaram, telu betal mukadasi, iya iku pasamoning triloka.

 

Aksara ejim punika jantung, tegesireki enggon enggon gebenganing karsa anggelaraken ing budi, dene akeh winarni kang urip ing tegesipun, jatine iku cahya pangarep urubing budi, iku uga ingaran kantining Atma.

 

 

 

 

 

PUPUH XXVIII (Kinanthi)

Ake (khak) gedhe kang winuwus, ujaring para musanip tegese urip mulya, ya iku raga, sayekti kang kanggonan pancandriya antuk karenteging osik. Edal cilik malihipun, lire pandhadha ing kering, edal gedhe dhadha kanan, Re gigir kiwa ningali, Je gigir tengen punika artine malih ngawruhi.

 

Sin cilik ing tegesipun ambekan maha sucining, ya iku yatine napas. Esin gedhe rasa jati, Esad pan lamating netra ya iku pramana ening. Lad (thad) paningal ati subur, Ete (thak) ati angulati, Le (dhak) angen-angen, tegesnya sajati-jatining eling. Engin (‘ain) lire lambung kiwa ing lambung tengene. Ogin (ghin). Epe (fak) ati putih iku, (qaf) Mutmainah kang sajati. Ekap (kaf) dhadha kang apadhang.  Lam sawelah rehing kapti. Mim iku sikiling suksma. Nun tegese ora serik.

 

Dene ta aksara Wawu logate aweh rijeki. Aksara Ehe (ha) punika murade mungkul ing ngaurip. Lamalip pan tunggak badan, Ambyah roh, Ya jasad jati.

 

Tamat papatokanipun, mungguh wong laku agami pan samya angugemana dadya agemaning ngelmi, aweh makmum amanpangat temen kataman utami, dadi prabot satuhu kena minangka sasaring sarana saking sarengat, pepengetaning wong langip, nadyan ngelangut kaliwat lawas-lawas angawruhi.

 

 

 

 

 

 

Nihan mangkya kan winuwus Syeh Sitijenar ing nguni, sangsaya kariya sandeya maring sagung para wali. Jeng Sunan ing Giripura matur: “Sang prabu Ngawanti sapratingkahnya sadarum denira angorak-arik saruning sarak sarengat, jumeneng guru-gugurit rosing saraseng rarasan, akarya suwunging masjid. Lamun aweta tumuwuh ical bituwah ing nguni tan wonten purun sembahyang ical caraning nagari. Anggering guru den arah sumarah anut kang murid. Lawan cariyos ing dangu, nalimpet anglempit ngelmi tan saking wiji winejang arda marsadu anilib nilem silumaning lampah milalah amalih warni. Mangka adat kukumipun punika dipun pejahi.”

 

Ngandika Sultan Bintara: “Inggih rinembaga sami manira sampun pracaya ing pratingkah gampang rumpil.” Jeng Sunan Giri agupuh anyuruhi para wali pan sampun prapta sadaya.  Sunan Giri anulya glis medarken karsaning Nata, wali sadaya ngamini.

 

Pangran Sitijenar sampun tinimbalan marang Giri, sapraptanira samana lan sabat kapitu ngiring ginedeg geduging tekad tan owah kadya ing nguni. Sunan Kalijaga gupuh sinasmitan Sunan Giri saksana anarik pedang  pan sariya ngandidka aris: “E kisanak iki paran.”

 

Pangran Sitijenar angling: “Gaib arane puniku yekti dumunung ing pasti. Apreng ing sih Rahmatollah, yen tumama karya lalis, pan dadya sawarga mulya, wasananing alam akir.”

 

Asru kineker sinerung rosing sarahsa sajati, mangkya arsa babarpisan sampurna ing eneng-ening kaonang-onang kanangrat paran kang dipun upadi. Pedang tinibakken sampun mring Pangeran Siti Kuning, pedot jangga kapisahan, kang rah sumamburat mijil dinulu abang-baranang.

 

Sunan Kali mesem angling: “Lah ta iki warnanipun kang wanter amuntu pati, pan maksih lumrah kewala, getihe nora putih, jisime pan maksih wantah, wujude maksih kaeksi.”

 

Punang ludira tan dangu pan amalih warna putih, kang jisim kinukut nulya kinebat saking sakedhik, tan kumedap idepira, panoning rat kang umaksi. Dupi wus meh pasang surud kantuk katon sakemreki kacaryan mancala cahya gumilang-gilang nelahi, awarna catur prakara, abang ireng kuning putih. Tan antara gya rinacut byar cahya panca kawarni, cahya wungu kang kapisan, cahya biru kaping kalih, cahya ijem kaping tiga, dadu kaping patireki. Cahya jingga limanipun, tan dangu kinukud malih adaya cahya gumilang prabanira anelahi pan kadya puputran denta, tan antara nulya gaib.

 

Sampurna ka-ananipun punang rah kang warna putih sakala ista seratan winaca ing pra Wali ungele punang aksara “Laila haillolahi.” Sawusnya kang rah sumebut rinacut datan kaeksi Jeng Sunan ing Kalijaga pangandikanira wengis: “Pan kaya patining setan, jisim ilang tanpa lari.”

 

“Wau kang murweng don luhung atilar wasita jati he manusa sesa-sesa, mungguh ing jamaning pati ing reh pepuntoning tekad santa santosaning kapti. Nora saking anon rungu riringa rengat siningit, labet asalin salaga salugune den ugemi, ing pangageming raga suminggah ing sangga runggi. Marmane sarak siningkur karana angriribedi manggung karya was umelang, embuh-embuh den andemi, iku panganggoning dunya yen ing pati nguciwani. Sajati-jatining ngelmu lungguhe cipta pribadi, pustining pangestinira, gineleng dadya sawiji wijanging ngelmu dyatmika neng ka-anan eneng-ening.”

Kenedel swara kang karungu, wau ta Suhunan Giri alon denira umuyar: “E kanca wasiteng wangsit, yen rinasa sarahsanya puntoning pati patitis. Tan kewran waraneng kawruh, nanging tanduke awadi pan donning murweng delahan sidi sidaning don adi dumadi ywa kawadaka linintu wanda samangkin.”

 

Wali sadaya jumurung saksana Suhunan Giri anyipta kadebog lupah, wus antuk sinabdan aglis mangka lintuning kuwanda pangeran ing Sitibrit. Wus awarna jisimipun, para murid den timbale, kapitu wus prapteng ngarsa tinodi reh paran kapti. Murid kapitu aturnya kedah melu bela lalis, labuh labeting guru angugeri lahir batin abantu babanten atma para wali tan nedyapti, rehning tan kadresan dosa sangsara yen misesani. Adreng andarung tyasipun sabat kapitu rumanti tumutur sang puruita mantep nedya bela pati dyan musti kanang curiga sadaya wus angemasi.

 

Para Wali langkung ngungun, wonten malih ingkang prapti sabat satunggal kumedah ngudi ambelani mati ing guru kang wus sawarga. Sunan Giri lingnya manis.

 

 

 

PUPUH XXIX (Dhandhanggulo)

“Aywa sira adreng reh ing kapti, gurunira kaliwat druhaka amunggung sinangga-a dhewe. Ya apa pedahipun nglabuhi wong doseng Widi, marmane kawisesa trang karsane Ratu, lupute ambubrah sarak kang wus padha ingimanake. Narpati laku ing kuna-kuna, angugemi ageme ing ngelmi, ngorak aken ing sarak sarengat wus ana angger-anggere. Ingkang muni ing Kukum, anemahi ukuman pati. Ing Arab, Syeh Mubarab tepane ing dangu iya kokum ing nagara, dene wani lan ngimanaken agami uger ageming Nata.”

 

Sabat kang liningan matur aris: “Suhunan dawuh kang mangkana, sanadyan nista patine yen sampun jangjinipun boten kenging den sengguh, nenggih puniku pati siya marma mba umatur cumantaka tan wrin angga. Awit seserepan yen sampun den esti ngelmune boten ical. Pupuntoning tekad wus karakit tekaning tokid sampun pinasang sumarah sarahsaning reh lair batin kawengku, pangawikan kang den wikani sumambung.”

 

Jeng Suhunan ing Carebon gupuh: “Bener wuwus mau mangkana nanging ka-ananing alam kudu ngudi dadining kanyatahan. Katrimane wong ngimanaken ngelmi mara payo jisime den enggal paripurnanen. Becike pinetak, kang pakantuk antarane ing telung bengi enyange den duduka, yen gandanira rum mratandani katarima antuk swarga, yen gandane arus bacin yekti tan katarima.”

 

Sabat siji anut rehing kapti, layon debog pan sampun pinetak. Sampuning ngantawisake jangkeping tigang dalu layon pindan dinudhuk malih, mring sabat kang anonda gandanira arus badeg penguk balerongan, atur tobat wekasan tumut anyantri. Pra wali langkung suka.

 

Wus pinendem wau punang jisime ya ta praptaning antara dina kapiyarsa ing garwane, yen lakinira lampus aneng Giri. Pangran Sibrit patine tanpa dosa, langkung masgulipun sanalika lajeng dangdan lawan bekta kulawarga sawatawis prapta neng Giripura. Njujug ngarasaning Sunan Giri tembung anggugat tan anarima sapatine lakine tan wonten dosanipun anemahi pati. Tan yukti, kalamun makatena punapa Sinuwun ical denira kinariya wali mulya lampah asiya ing dasih ngarenah nganiaya. Dados kasebut yen kirang sidik mangka pantese ambeg sagara.

 

Sunan Giri andikane: “Ni mbok, mung darma ingsun anglakoni karsaning Aji, marmane kawisesa somahira iku labete anandang dosa ngrusak sarak nggorohi rehing nagari.

Ni Lemahbang aturnya: “Kadospundi karsane sang Aji, teka damel karenahing wadya, amisesa sakarsane, pan ratu Sipat Luhur sipat maklum lan sipat asih. Apan laki kawula mung memeyang ngelmu kasampurnaning ngagesang. Yen cidra dados lepating nagari, lah inggih punapa para wali sami den lilani mijangaken mejang ing ngelmu kak, mawi beda pandume. Yen lakya mba kang lampus nerak sarak lan anggorohi ngelmunipun abatal, jindik wekasipun sayekti para Oliya boten sanes inggih makaten pinanggih kados laki kawula.”

 

Sunan Giri kewran ing pangalih, kendel manganam-anam ing driya, katarbuka wangsulane manu ara ngingimur: “Yayi aywa sandeyeng galih, patining lakinira manggih Swarga luhur wit wus dadya patembaya nora nista mandar utama ing pati. Putusing kasunyatan yekti ingsun mung minangka margi, anjalari ngater ing delahan cangcut pacanding kapaten lair batin jumurung.”

 

Ni Lemahbang duk amiyarsi tanduking pamindaka ragi darbe lipur wasana alon turira: “Yen makaten nyuwun pratanda ing mangkin swarganing katarima.”

 

Sunan Giri kendel mesu budi, budi daya dadining mangunah mangeningaken enenge, gya mudar ing sabda rum: “Lah ta nini mara den aglis, tumengoa ing wiyat apa kang kadulu angetokken.” Ni Lemahbang sanalika lajeng tumenga manginggil, katon kang langit bedah. Saha katon sawarga sawardi tanpa timbang yen ing alam donya lakine lungguh ing bale kang rinengga raras rum nunggil lawan kang para Nabi.

 

Sawusnya ni Lemahbang pan lajeng tumungkul langkung suka anarima: “Mung ing benjang yen amba nusul ing laki mantuk ing rahmat ‘Ullah, Kadongakna sageda anunggil wonten ka-anan ingkang minulya.” Sunan Giri ngestokake, pangestining tyasipun. Ni Lemahbang anulya mulih lawan sakulawangsa wuwusen kang kantun. Jeng Suhunan Giripura duk samana sampun ngaturi udani lunase Syeh Lemahbang.

——————————————————————————————————————–

Kangjeng Sunan Giri lajeng munjuk dateng Kangjeng Sultan manawi ingkang nglunasi Syeh Lemahbang wau, Kangjeng Sunan Kalijaga. Amila Kangjeng Sunan Kalijaga lajeng kaganjar siti ingkang dipun remeni, inggih punika ing tanah Kadilangu. Kangjeng Sunan Kali lajeng boyong dateng Kadilangu.

 

Gantos kacariyos, Buyut Paningrat kaleres mantu kaliyan Prabu Brawijaya, sabedahipun Majapahit lajeng lolos kaliyan putranipun estri nama Dyah Nawarwulan njujug ing redi Enduk, saha mretapa wonten ing ngriku (Buyut Paningrat punika putranipun Ayar Parida terah saking Pariya). Buyut Paningrat wau kala taksih nama Buyut Tandreman, katarima ing Sang Nata anggenipun mitulungi Sang Nata nalika badhe tinempuh ing duratmaka wonten ing wana. Buyut Tandreman wau lajeng kaganjar dados panongsong, saha kaparingan nama Buyut Paningrat (tegesipun paningrat = anebar sorat). Dangu-dangu putra nata Dewi Retna Marsandi gerah sanget, inggih lajeng saras dipun usadani dening Buyut Paningrat. Sang Putri wau lajeng katarimakaken dateng Buyut Paningrat. Saweg patutan satunggal Dyah Nawarwulan kasebut ing nginggil sang putri lajeng seda. (Redi Enduk panggenanipun mretapa Buyut Paningrat kasebut inginggil, sareng sampun reja lajeng kaelih nama dukuh Kadilangu). Dukuh Kadilangu punika dumunung sapinggiripun lepen Bagawanta. Anuju satunggaling dinten, Retna Nawarwulan adus wonten ing lepen, kapregokan kalian baya putih, ratuning baya, nama Jalasengara (Jalasengara punika, kala rumiyin anama Butaijo, putranipun Prabu Tunjungseta ing Pengging. Raden Butaijo wau angremeni ingkang bibi, saha dipun delikaken ing lepen. Sareng konangan ingkang rama, ingkang rama duka. Raden Butaijo kaesotaken lajeng dados baya putih, ngratoni sakathahing baya wonten ing saganten. Dene ingkang bibi dipun sedani dening ingkang rama, saha kalarung).

 

Jalasengara gadhah melik dateng sang dewi, sang dewi lajeng kasaut. Sang Dewi boten rumaos kasaut baya, nanging rumaosipun dipun pondong jaka bagus. Cekakipun kalih-kalihipun sampun kapadan karsa, mangun asmara. Sareng sampuna rampung, sami badhe dateng pinggir sagaran, wasana lajeng byar katingal, sang putri wonten ing pinggir lepen malih. Sang Putri rumaos, saha namung nalangsa ing Pangeran, lajeng kondur. Dangu-dangu ingkang rama uninga, nanging sang putri dipun dangu boten blaka. Sareng jabang bayi lair, medal jaler. Ingkang rama saking lingsemipun, lajeng seda nglampus. Sang Putri kantun anggana melas asih kaliyan ingkang putra. Tangga tepalihipun sami dateng mbekta pisungsung sakadaripun.

 

Kacariyos malih, Prabu Jalasengara mbekta rencang sekawan sami aminda manungsa, lajeng martuwi dateng sang dewi, sempunipun kados petinggi desa, nanging lampahipun radi anyalawadi, awit sanajan kanca-kancanipun dusun ingkang sami martuwi, sampun sami mantuk, tiyang gangsal wau boten purun kesah. Sang dewi boten pangling manawi salah satunggal saking tiyang gangsal wau, ingkang kala rumiyin anyidra asmara dateng piyambakipun. Mila tiyang wau lajeng dipun gumateni, saha sang putri sampun lajeng kaaken bojo dening tiyang wau. Kacariyos tiyang gangsal wau kungkulan kisi, lajeng badar dados baya malih, dipun busuh-busuhaken kalian tetiyang ingriku, lajeng musnah, namung tilar weling kaliyan sang Dewi, manawi anakipun wau kapurih namakaken Jakasengara. Sang putri inggih mituhu, saha wontenipun namung sumende ing takdir. Sareng Jakasengara kinten-kinten wanci salare angen agengipun, lajeng taken bapa dateng ibunipun. Ibunpun mituturi manawi bapakipun ical musnah wonten ing lepen sacelakipun ngriku. Wasana Jaka Sengara lajeng mretapa wonten ing lepen ngriku, niyatipun sumeja manggihi ingkang rama. Manawi ki Jaka badhe nggagyuh kamulyan, kadhawuhan nyuwita dateng Demak. Jaka Sengara lajeng mantuk, matur dateng ingkang ibu saha pamit badhe nyuwita dateng Demak. Ingkang ibu mambengi, nanging ki Jaka meksa  kemawon, lajeng mangkat nilapaken ingkang ibu. Ingkang ibu lajeng nututi, nanging katilingsingan ing margi. Sang Putri gerah kesrakat wonten ing margi, lajeng seda.

 

Kacariyos Jakasengara wonten ing Demak tansah kadungsang-dungsang, margi mboten wonten tiyang ingkang purun kanggenan, awit sinten ingkang kanggenan, sami lajeng nandang pagering. Jaka Sengara lajeng pepe wonten ing alun-alun, saha kauningan ing Jeng Sultan, sarta katimbalan katampen pasuwitanipun. Dangu-dangu katarimah, lajeng kaparingan pangkat mantri, kaparingan nama Ermaya.

 

Kacariyos Tumenggung Mataun mbalela ing Jeng Sultan. Ermaya lajeng kautus nimbali tumenggung Mataun, saha manawi mopo kadhawuhan angrampung. Cekakipun Ermaya kalampahan perang rame kaliyan Tumenggung Mataun. Ki Tumenggung kasor, lajeng katigas jangganipun, katur Kangjeng Sultan. Kangjeng Sultan karenan ing panggalih. Ermaya lajeng kagentosaken dados Tumenggung wonten Mataun, saha gantos nami Tumenggung Jayasengara, saha tinariman putri saking Kudus.

 

Kacariyos kyai Ageng Kebokenanga, sasedanipun ingkang rama Prabu Dayaningrat, mboten saged anggentosi. Kyageng Kebokenanga kagungan saderek jaler satunggal nama Kebo Kanigara. Kebokanigara wau tetep angugemi Kabudanipun, atutruka wonten Redi Merapi. Dene Kyai Kebokenanga anglampahi agami suci, maguru dateng Pangeran Sitijenar. Kacariyos kiyai Ageng Pengging (Kebokenanga) gentur tanipun, mila inggih ageng kramatipun, saha niyat badhe wahdat. Anuju satunggaling dinten wonten tiyang saking tanah Kedu, nama karan anak Pak Kadim, sowan perlu nyuwun jampi kangge anakipun ingkang nama Pun Kadim wau, awit sakit bisu wiwit alit mila. Cekakipun Pun Kadim saged saras, mila pak Kadim inggih sakalangkung sukuripun. Lajeng nyuwita dateng Kiyai ageng dalasan anakipun pisan.

 

Kyageng Pengging sowan ingkang raka tunggil guru. Kyai Ageng Ngerang ingkang depok ing ardi Purwa. Ing ngriku, wektu dalu kyageng Pengging tampi sasmitaning dewa supados daupe kaliyan rara Alit ing Gugur, ingkang sumedya wadat ugi, sabab badhe anurunaken wiji calon ratu. Sareng tampi sasmita makaten. Kyai ageng Pengging kaliyan kiyai ageng Tingkir, lajeng tindak dateng Gugur, angluru Rara Alit, ingkang kasebut ing wangsit. Tindakipun sami mampir ing Butuh, saha kaleresan kiyai ageng Butuh saweg katamiyan kiyai Ageng Ngerang. Kiyai ageng Pengging sampun pajar punapa ingkang sinedya. Wusana sakawan pisan sami sumedya dateg Gugur. Sareng lampahipun dumugi ing wana Jatisari, kapethuk tiyang lalampah sakawan, inggih punika kiyai ageng Gugur, putri wadat ingkang kalebet ing weca sarencangipun Kyageng Butuh mboten samar, lajeng nyuwun pitaken dateng kyai ageng Gugur, pundi ingkang sineddya, dene semunipun mawa perlu. Kyai ageng Gugur apajar, manawi badhe mituhu wangsiting Pangeran ingkang dipun tampeni, inggih punika manawi ingkang rayi rara Alit pinasti ajatukrama kaliyan kyai ageng Pengging, saha badhe anurunaken ratu linangkung. Kyageng Butuh rena ing panggalih, dene wastanipun ndaradsihi. Wasana lajeng sami dateng Gugur sadaya. Cekakipun kyageng Pengging sampun kalampahan daup kaliyan rara Alit. Kyai Butuh tuwin Ngerang lajeng kondur. Kyageng Pengging tuwin Tingkir ugi kondur, mampir ing Pengging sawatawis.

 

(Masih ada 3 pupuh lagi yang belum kami muat . . . . .mohon maaf akan kami sertakan selanjutnya)